Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 31 >> 

1Pangéran ngandika mengkéné, "Bakal tekan mangsané Aku dadi Allahé para taleré Israèl, lan wong-wong mau dadi umat-Ku.

2Nalika isih padha ana ing ara-ara samun, Aku maringi sih-kawelasan marang wong-wong mau, mula padha oncat saka pati. Nalika padha kepéngin ngaso,

3Aku ngetingal saka kadohan. Hé umat Israèl, Aku selawasé tresna marang kowé, mulané Aku tansah ngetingalaké kasetyan-Ku marang kowé.

4Aku bakal mbangun kowé sepisan engkas. Kowé bakal metu nggawa terbang lan jogèdan kanthi bungah.

5Kowé bakal yasa kebon anggur sepisan menèh ana ing pegunungan Samaria, lan sing sapa nandur anggur bakal ngundhuh pametuné kebon angguré.

6Bakal tekan mangsané wong sing padha jaga ana ing pegunungan Éfraim padha giyak-giyak, ‘Ayo padha munggah ing Sion, sowan ing ngarsané Pangéran Allah kita.’"

7Pangandikané Pangéran mengkéné, "Padha memujia kanthi bungah kanggo Israèl, sing dadi pemimpin ing antarané para bangsa. Padha nglagokna kidung pamuji, ‘Pangéran wis ngluwari umaté; Panjenengané wis nylametaké umat kekarèné.’

8Umat mau bakal Dakirid saka tanah Lor lan bakal Dakklumpukaké saka watesé bumi. Wong wuta lan wong lumpuh bakal padha mèlu, semono uga wong sing mentas nglairaké lan sing ngarepaké babaran; kabèh bakal padha pulih dadi pasamuwan gedhé.

9Tekané umat mau bakal karo nangis lan ndedonga, samasa Dakirid bali menyang tanahé, metu panggonan sing akèh banyuné, lan dalan sing rata, mula bakal ora padha kesandhung. Aku bakal dadi Ramané Israèl, lan Éfraim kuwi anak-Ku mbarep."

10Pangandikané Pangéran mengkéné, "Hé para bangsa, padha ngrungokna dhawuh-Ku! Padha wartakna menyang tanah-tanah pesisir sing adoh. Umat-Ku Dakbuyaraké, nanging bakal Dakklumpukaké lan Dakengon kaya pangon ngengon panthaning wedhusé.

11Umat Israèl wis Dakluwari, sarta Dakrebut saka tangané bangsa sing luwih rosa.

12Umat mau bakal padha sowan ing Sion karo memuji, bakal padha bungah merga padha Dakparingi gandum, anggur lan lenga zaitun, wedhus gèmbèl lan raja-kaya. Kemakmurané umat bakal kaya tanah sing akèh banyuné, merga padha kecukupan sakèhé kebutuhané.

13Ing wektu kuwi para bocah wadon bakal padha jejogèdan merga bungah lan wong lanang, enom, tuwa, bakal padha giyak-giyak. Kabèh bakal padha Daklipur, kasusahané Dakganti kabungahan, prihatiné Daksantuni kasenengan.

14Para imam bakal Dakparingi pangan nganti lubèr, umat-Ku bakal Dakcukupi sedhéngah barang kabutuhané. Mengkono pangandikané Pangéran."

15Pangandikané Pangéran mengkéné, "Ana swara keprungu ing Rama, swaraning tangis sing ngeres banget. Rahèl nangisi anak-anaké; ora gelem dilipur, merga anak-anaké mau wis padha mati kabèh.

16Menenga, aja nangis waé, luhmu usapana. Sebab sakèhé kangèlanmu kanggo anak-anakmu bakal ora sepi ing ganjaran. Anak-anakmu bakal bali saka tanahé mungsuh.

17Anak-anakmu bakal bali menèh, mula ana pengarep-arep kanggo dina mbésuk. Mengkono pangandikané Pangéran.

18Aku mireng Israèl sambat-sambat karo sedhih, ‘Dhuh Pangéran, kawula menika presasat kéwan alasan, nanging kawula sampun Paduka dhawuhi mbangun-turut. Kawula mugi Paduka wangsulaken; kawula sampun badhé sowan Paduka malih, awit Paduka, Pangéran Allah kawula.

19Kawula sami nyingkur Paduka, nanging samenika badhé énggal-énggal mratobat. Sesampunipun kawula Paduka ajar, sirah kawula sami tumungkul margi sedhih. Kawula sami isin lan kwirangan, margi saking dosa-dosa kawula, nalika kawula taksih nènèman.’

20Hé Israèl, kowé kuwi putra-Ku kinasih, putra sing Daktresnani banget. Samasa Aku nyebut jenengmu, runtuh welas-Ku marang kowé. Sih-katresnan-Ku marang kowé ora pedhot-pedhot, mula kowé bakal tansah Dakwelasi.

21Padha masanga tandha-tandha lan tugu-tugu ana ing dalan; metua dalan sing biyèn kokambah. Padha muliha, hé Israèl, muliha menyang kutha-kuthamu sing koktinggal.

22Nganti pira lawasé enggonmu gojag-gajeg, hé bangsa sing cupet ing pengandel? Aku wis ndamel béda karo sing biyèn, kaya wong wadon ngayomi wong lanang."

23Pangéran Kang Mahakwasa, Allahé Israèl ngandika mengkéné, "Yèn umat-Ku wis Dakpulihaké kaanané ana ing tanahé, ing kono wong Yéhuda sing padha manggon ing kutha-kutha bakal muni mengkéné, ‘Pangéran mberkahana gunung suci sing ana ing Yérusalèm, panggonan suci Pedalemané Allah.’

24Umat-Ku bakal padha manggon ing tanah Yéhuda, ing kutha-kuthané kabèh. Salong ana sing dadi wong tani, salong dadi pangon sing ngengon wedhusé.

25Sing kesayahen bakal dadi seger, lan saben wong sing lungkrah awaké merga kurang mangan, bakal Dakparingi sawaregé.

26Mula wong-wong mau bakal padha ngucap mengkéné, ‘Aku mapan turu, bareng tangi awakku wis seger.’

27Aku, Pangéran, ngandika, yèn bakal tekan mangsané tanah Israèl lan tanah Yéhuda Dakkebaki manungsa lan kéwan.

28Kaya déné Aku dhèk biyèn arep mbedhol lan ngrubuhaké umat-Ku, arep Dakbuwang, Daktumpes lan Dakiles-iles, kaya mengkono enggon-Ku saiki arep nandur lan mbangun umat-Ku.

29Ing wektu kuwi wong bakal ora kandha menèh, ‘Wong tuwa sing mangan anggur mentah, anak-anaké sing linu untuné.’

30Nanging saiki bakal mengkéné, ‘Sing sapa mangan anggur mentah, wong kuwi dhéwé sing linu untuné. Saben wong bakal mati merga dosané dhéwé.’"

31Pangandikané Pangéran mengkéné, "Wis tekan wektuné enggon-Ku bakal gawé prejanjian anyar karo umat Israèl lan karo wong-wong ing Yéhuda.

32Prejanjian iki béda karo prejanjian-Ku karo leluhuré, nalika Dakirid metu saka tanah Mesir. Senajan dhèk semono padha Dakrengkuh kaya bojo, éwasemono padha ora netepi prejanjian mau.

33Prejanjian anyar sing bakal Dakdamel karo Israèl saiki mengkéné, ‘Aku bakal maringaké Torèt-Ku ana ing batiné, lan Dakserat ana ing atiné. Aku banjur bakal jumeneng dadi Allahé lan wong-wong mau bakal padha dadi umat-Ku.’

34Apa menèh wong ora prelu awèh piwulang marang wong Israèl liyané: Kowé padha wanuha karo Pangéran, merga saben wong bakal wanuh karo Aku, iya sing cilik, utawa sing gedhé. Aku bakal ngapura dosané lan kaluputané bakal ora Dakéling-éling menèh. Mengkono pangandikané Pangéran."

35Pangéran paring srengéngé minangka pepadhang ing wayah awan, lan rembulan sarta lintang-lintang dadi pepadhang ing wayah bengi. Segara dikebur nganti molak-malik aluné; asmané kasebut Pangéran Kang Mahakwasa.

36Panjenengané janji, "Yèn selawasé pepesthèné alam iki ora gumingsir. Israèl bakal tansah lestari olèhé dadi bangsa.

37Kaya déné langit ora kena diukur, lan dhasar-dhasaré bumi ora kena dititi-priksa, iya kaya mengkono uga Aku bakal ora nampik umat Israèl, senajan akèh kaluputané. Mengkono pangandikané Pangéran."

38Pangéran ngandika mengkéné, "Bakal tekan wektuné Yérusalèm kabangun menèh kasaosaké marang Aku, wiwit saka Menara Hananèl tekan Gapura Pojok.

39Tapel watesé saka kana terus mengulon menyang pegunungan Gareb banjur mubeng tekan Goah.

40Lebak kuwi kabèh, panggonané jisim-jisim lan awuné kurban padha kabuwang, lan sakèhé palemahan ing sapinggiring Kali Kidron mengétan tekan Gapura Jaran, kuwi bakal kasengker kagem Pangéran. Kutha mau bakal ora digempur menèh utawa dirusak."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 31 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel