Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 46 >> 

1Kanggo para bangsa, Pangéran ngandika marang aku.

2Kanggo Mesir Panjenengané ngandika bab tentarané Raja Néko ing Mesir, sing dikalahaké déning Nebukadnésar, raja Babil, ana ing Karkhemis, ing sapinggiré Bengawan Éfrat, nalika Yoyakim bin Yosia enggoné jumeneng raja ing Yéhuda nyandhak taun kaping paté.

3"Para perwira Mesir padha ngabani, ‘Cepakna tamèng gedhé cilik lan majua perang!

4Jaranmu padha abah-abahana lan tunggangana! Barisanmu tatanen lan tropongmu enggonen! Tumbakmu asahen! Klambimu keré enggonen!’"

5Pangéran ngandika menèh, "Yagéné kokpadha cengkélak bali kanthi giris?" Prejurité padha kalah, digecak lan mundur, saka wediné padha mlayu rerikatan tanpa nolèh ngiwa utawa nengen.

6Sing playuné kepengkok ora bisa metu saka kono; para prejurit padha ora bisa oncat. Bareng tekan Lor, sacedhaké Éfrat, padha kesandhung lan tiba.

7Sapa ta sing mbludag kaya Bengawan Nil, kaya kali sing lubèr metu saka tebingé?

8Kuwi Mesir, sing mbludag kaya Bengawan Nil, kaya kali lubèr metu ngliwati pinggirané. Sumbaré Mesir, "Aku dakmbludag ngerobi sajagad kabèh; aku bakal numpes kutha-kutha saisiné.

9Jaran-jaran padha budhala, kréta-kréta perang padha mbalapa! Para prejurit padha budhala; sing asalé saka tanah Sudan lan saka Libia, sing padha nggawa tamèng, semono uga wong Lidia sing padha nggawa gendhéwa."

10Iki dinané Pangéran, Allah Kang Mahakwasa, sing jumeneng Allah piyambak. Ing dina iki Panjenengané nekakaké piwalesé, ing dina iki Panjenengané ngukum para mungsuhé. Pedhangé bakal ngenani mungsuhé nganti entèk kabèh, lan ngombé getihé nganti wareg. Para mungsuhé Allah ing dina iki kadadèkaké kurban sembelèhan, ana ing tanah Lor, sacedhaké Bengawan Éfrat.

11Hé wong Mesir, padha menyanga Giléad, padha golèka tamba ana ing kana! Sebab tambamu wis ora mandi, kowé wis ora bisa mari menèh.

12Para bangsa wis padha krungu bab niatmu; saben wong wis krungu sambatmu. Prejurit sing siji nabrak prejurit sijiné, nganti sakaroné padha ambruk bareng.

13Nalika Nebukadnésar, raja Babil perang nglurugi Mesir, Pangéran ngandika marang aku mengkéné:

14"Wartakna menyang kutha-kutha ing Mesir, ing Migdol, Mèmfis lan Takhpanhès, ‘Padha cepak-cepaka njaga keslametanmu dhéwé; barang-darbèkmu bakal rusak kabèh merga tekané perang!

15Yagéné déwamu Apis sing ampuh kokkalah? Merga dirubuhaké déning Pangéran.’

16Prejuritmu wis padha kesandhung lan tiba; siji kandha karo sijiné: ‘Ayo, gelis padha bali waé, lan ngoncati pedhangé mungsuh!’

17Jenengé raja ing Mesir kuwi gantinen waé: ‘Tukang gawé ribut sing léna ora angon wektu.’

18Aku, Pangéran Kang Mahakwasa jumeneng raja, Aku Allah kang sipat gesang. Kaya déné Gunung Tabor dhuwuré ngungkuli gunung-gunung liyané, lan Gunung Karmèl njenggeleg ana ing sandhuwuré segara, ya mengkono karosané wong sing bakal teka nggempur kowé.

19Cepak-cepaka, sebab kowé bakal dadi tawanan, hé kowé, wong-wong ing tanah Mesir! Mèmfis bakal dadi ara-ara samun, dadi gempuran sing ora dienggoni menèh.

20Mesir kuwi kaya sapi sing bregas, nanging diantup déning laler pitak.

21Prejurité sing diséwa padha tanpa daya kaya pedhèt lemon; padha ora nglawan merangi mungsuh, malah padha minger banjur mlayu. Merga kasangsarané wong kuwi wis tekan titi-mangsané. Yakuwi mangsané padha nemu karusakan.

22Samasa ketekan ing mungsuh, Mesir keplayu, ngglenes kaya ula. Digempur mungsuhé nganggo wadung, kaya carané wong negor wit-witan ing alas gedhé.

23Prejurité mungsuh saking akèhé nganti ora kena diétung cacahé, ngungkuli cacahé walang.

24Wong Mesir padha kwirangan, merga ditelukaké déning bangsa saka tanah Lor. Mengkono pangandikané Pangéran."

25Pangéran Kang Mahakwasa, Allahé Israèl, ngandika mengkéné, "Amon, déwané Tèbès bakal Dakukum, bareng karo enggon-Ku ngukum Mesir karo para déwané lan rajané. Rajané Mesir bakal Dakukum, semono uga sakèhé wong sing precaya.

26Wong-wong mau bakal Dakulungaké ing tangané wong-wong sing padha ngarah patiné, yakuwi marang Nebukadnésar, raja ing Babil lan tentarané. Nanging mbésuk wong-wong bakal padha bali manggon ing Mesir menèh, kaya dhèk jaman biyèn. Mengkono pangandikané Pangéran."

27"Hé umat-Ku, kowé aja wedi. Hé wong Israèl, kowé aja padha giris. Aku bakal ngluwari kowé saka tanah adoh, panggonanmu dadi tawanan. Kowé bakal bali ing tanahmu menèh, lan manggon ana ing kono kanthi tentrem; kowé bakal aman, lan ora ana sing ngaru-biru utawa gawé wedimu.

28Aku bakal teka ngluwari kowé. Para bangsa sing mboyong kowé dadi tawanan bakal Daktumpes kabèh. Kowé dhéwé bakal ora luput saka paukuman, nanging paukuman-Ku bakal mung sawetara. Mengkono pangandikané Pangéran."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 46 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel