Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 8 >> 

1Ing wektu kuwi balungé para raja ing Yéhuda, lan balungé para penggedhé, sarta balungé para imam lan para nabi, apa déné balungé para wong isiné Yérusalèm, bakal padha diwetokaké saka kubur-kuburé.

2Padha dielèr ing cedhaké srengéngé, rembulan sarta lintang-lintang, sing ditresnani, dianut, disembah, lan dijaluki pitulungan sarta disujudi déning bangsa iki.

3Kekarèné bangsa ala iki sing Daksebar ing endi-endi, bakal pilih mati ketimbang karo urip. Aku, Pangéran Allah Kang Mahakwasa wis ngandika."

4Aku didhawuhi Pangéran kandha mengkéné marang umaté, "Wong upama tiba apa ora tumuli ngadeg menèh? Yèn wong lakuné kesasar, apa ora mbalik menèh.

5Nanging yagéné umat-Ku sing ninggal Aku ora tau bali menèh? Kowé padha gondhèlan kenceng karo brahala-brahalamu, tanpa gelem mratobat, bali marang Aku menèh.

6Aku nilingaké supaya mireng, nanging ora tau mireng wong sing caturan kanthi jujur. Ora ana siji waé ing antaramu sing nggetuni penggawéné sing ala. Ora ana siji waé sing takon, ‘Kaluputanku apa?’ Saben wong padha nerusaké pialané dhéwé-dhéwé, kaya jaran mbedhal menyang peprangan.

7Manuk bango ngerti bali yèn wis tekan mangsané, semono uga manuk dara, manuk kedhali sarta kuntul ngerti mangsané ngalih panggonan. Nanging umat-Ku ora ngerti tatanan pepréntahan-Ku.

8Kokbisa-bisamu kandha yèn kowé kuwi wicaksana lan ngerti marang dhawuh-dhawuh-Ku? Ngertia yèn dhawuh-dhawuh-Ku wis diowahi déning para ahli Torèt.

9Para wasis mau bakal padha kwirangan, bingung dhéwé lan kewelèh. Satemené wis padha nampik pangandika-Ku, banjur isih kadunungan kawicaksanan apa?

10Mulané tanah garapané bakal Dakpasrahaké wong liya, lan bojoné Dakparingaké marang wong liya. Saben wong, gedhé cilik, kabèh padha ngarah bathi srana goroh. Dalah nabi-nabi lan para imam pisan padha tegel ngakali rakyat.

11Padha arep nambahi tatuné bangsa-Ku, nanging anggepé tatuné mau ora sepiraa. Tembungé, ‘Wis apik kabèh’, mangka satemené kabèh ora ana sing becik.

12Hé umat-Ku, apa kowé ora isin nglakoni kanisthan sing semono gedhéné? Jebul kowé ora rumangsa kwirangan. Kowé ora idhep isin. Mulané kowé bakal rubuh kaya wong liya-liyané. Lan kuwi bakal kelakon samasa Aku nekakaké paukuman-Ku marang kowé. Aku, Pangéran wis ngandika.

13Umat-Ku bakal Dakundhuh, kaya carané wong ngundhuh panènané. Nanging ibaraté wit anggur, ora ana wohé anggur; ibaraté wit anjir, wohé anjir ora ana. Malah godhongé waé wis padha alum. Mulané tanah garapan mau bakal Dakpasrahaké marang wong liya."

14Umaté Allah banjur padha rerasanan mengkéné, "Yagéné kita padha thenguk-thenguk waé? Ayo padha nglumpuk, mlebu kutha-kutha sing ana bètèngé, lan mati ana ing kana. Kita wis ditibani ukuman pati déning Allah kita. Kita diparingi ngombé wisa, merga kita wis padha nglakoni dosa marang Panjenengané.

15Kita ngarep-arep tekané katentreman lan kabegjan, jebul sing teka mung pagiris.

16Mungsuh-mungsuh kita wis padha tekan kutha Dhan; kita wis padha krungu mbengingèhé jaran-jarané. Satanah kabèh padha gemeter krungu swarané bala jaranan saya cedhak. Tekané mungsuh mau bakal ngrusak tanah kita dalah saisiné kabèh, kutha-kutha lan sakèhé wong sing manggon ana ing kono."

17"Diawas, sebab Aku bakal nekakaké ula ing antaramu, ula sing mandi, sing ora kena dijapani, bakal padha nyokot kowé."

18Sedhihku ora kena dilipur, atiku prihatin banget.

19Rungokna panangisé bangsaku; sanegara padha nangis kabèh, tembungé, "Apa Pangéran wis ora ana ing Sion? Apa Ratuning Sion wis ora dhedhampar ana ing kana menèh?" Pangéran, Ratuné paring wangsulan, "Yagéné kowé gawé duka-Ku srana enggonmu nyembah marang brahala, lan srana enggonmu sujud marang brahala-brahala ngamanca sing ora bisa apa-apa?"

20Umat mau banjur padha kandha, "Mangsané panas wis kliwat, panèné wis rampung, nanging kita meksa durung kapitulungan slamet."

21Atiku remuk, merga bangsaku diremuk; aku sedhih kaya wong sing kepatèn, atiku semplah babar-pisan.

22Apa ing Giléad ora ana tamba? Apa ing kana ora ana dokter? Apa sebabé déné bangsaku larané ora mari-mari?


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel