Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 9 >> 

1Mbok sirahku dadia etuk sing ngetokaké banyu, lan mripatku dadia pancuraning eluh, supaya aku rina wengi bisa nangisi umatku sing padha dipatèni.

2Upama aku manggon ing ara-ara samun, aku bakal bisa lunga ninggal bangsaku, merga bangsaku padha nylèwèng kabèh, klebu golongané wong sing kianat.

3Ilaté gampang ngucapaké tembung goroh; dudu keadilan lan kabeneran, nanging goroh sing ngerèh ing tanah kono. Pangandikané Pangéran, "Umat-Ku kelantur-lantur nindakaké piala, lan ora ngakoni yèn Aku iki Allahé."

4Saben wong jumaga ing ngatasé mitrané, lan ora ana wong ngandel karo seduluré dhéwé; sebab sedulur-seduluré tukang mukir kaya Yakub, lan saben wong mitenah mitrané dhéwé.

5(9:5-6) Wong kabèh padha ngapusi kancané, ora ana sing kandha sanyatané. Ilaté wis dikulinakaké ngucap goroh, lan ora ana sing marèni dosané. Tindak kekerasan siji nusul sijiné, laku goroh siji disusul liyané. Pangéran ngandika yèn Panjenengané ditampik déning umaté.

6(9:5)

7Iya merga sing mengkono mau Pangéran Kang Mahakwasa ngandika, "Umat-Ku bakal Daklebur kaya slaka, Daklèlèr supaya murni. Umat-Ku wis nglakoni piala, ora liya kudu Daklebur lan Daklèlèr.

8Ilaté padha karo panah sing dicencem ing wisa; selawasé mung ngucapaké goroh thok. Saben wong omongé manis karo pepadhané, nanging sanyatané masang kala-jiret.

9Apa penggawé sing mengkono kuwi Daktogaké waé, apa piala sing mengkono mau ora wajib diwales? Aku, Pangéran, wis ngandika!"

10Aturku, "Kawula badhé nangisi redi-redi lan tanah-tanah pangènan, margi sami garing, mangka mboten wonten tiyang ingkang langkung ing ngriku. Swantening lembu lan ménda mboten kepireng malih, peksi lan kéwan galak inggih sampun sami késah saking ngriku."

11Pangandikané Pangéran, "Yérusalèm bakal Dakgawé jugrugan, sing dienggoni asu ajag. Kutha-kuthané Yéhuda bakal Dakdadèkaké gempuran, sing ora kena dienggoni."

12Aku banjur matur, "Dhuh Pangéran, kénging menapa tanah menika dados risak, garing lan suwung kados ara-ara samun, ngantos mboten wonten tiyang ingkang langkung ing ngriku? Menapa wonten tiyang wasis ingkang mangertos maksudipun menika sedaya? Sinten ingkang Paduka blakani ngantos saged nerangaken dhateng tiyang sanès?"

13Pangandikané Pangéran, "Kuwi kabèh tekané merga umat-Ku wis ninggal piwulang sing wis Dakparingaké, padha ora dièstokaké, lan padha ora nglakoni apa sing dadi dhawuh-Ku.

14Malah padha mangkotaké atiné, sarta nyembah sujud marang reca-recané Baal, manut piwulangé para leluhuré.

15Mulané, saiki rungokna pangandika-Ku, Pangéran Kang Mahakwasa, Allahé Israèl, lan apa sing bakal Daktindakaké: Umat-Ku bakal Dakwènèhi pangan butrawali lan Dakombèni banyu rempelu.

16Bakal Daksebar ana ing antarané bangsa-bangsa sing ora padha dingertèni, utawa disumurupi déning para leluhuré. Kejaba kuwi Aku bakal ngirim tentara sing merangi, nganti umat-Ku tumpes kabèh."

17Pangéran, Allah Kang Mahakwasa ngandika, "Nitènana apa sing saiki kelakon! Nekakna para wong wadon sing padha nangis yèn ana wong kepatèn. Wong-wong mau konen nglagokaké kidung panguburan."

18Pangucapé wong-wong ing Yérusalèm, "Para wong nangis kuwi énggal tekakna, bèn nglagokaké kidung panguburan kanggo kita, nganti mripat kita nètèsaké luh lan tlapukané nrocos saka deresé luh sing metu."

19Rungokna swaraning wong padha sesambat ing Sion, "Aku wis padha katumpes, aku padha kwirangan banget! Aku kudu padha ninggal tanahku; omahku padha dirubuhaké."

20Aku mangsuli, "Hé para wong wadon! Padha rungokna pangandikané Pangéran. Anak-anakmu wadon warahana nyanyi kidung pesambat, lan para mitramu warahana nglagokaké kidungé wong kepatèn.

21Adhuh, pati wis mlebu ing omah kita metu ing jendhéla, malah wis mlebu ana ing kedhaton. Anak kita padha dipatèni ana ing dalan-dalan, lan nonoman kita dipatèni ana ing pasar-pasar.

22Ing ngendi-endi ana jisim pating gléthak, kaya tumpukan kotoran kéwan ing pategalan, kaya gandum sing dierit lan ditinggal mengkono waé déning sing ngenèni, tanpa ana sing nglumpukaké. Iki kabèh didhawuhaké déning Pangéran marang aku, sing kudu dakwartakaké."

23Pangandikané Pangéran, "Wong wasis aja ngumukaké kawicaksanané, lan wong rosa aja gemunggung ngumukaké karosané, utawa wong sugih aja ngendelaké kasugihané.

24Yèn ana wong sing arep umuk, umuka enggoné duwé sesurupan ing ngatasé Aku lan ngerti marang kersa-Ku, merga sih-kadarmané tetep ing selawasé, lan Aku nindakaké kabeneran lan keadilan ana ing bumi. Prekara-prekara sing mengkono kuwi sing ndadèkaké renaning penggalih-Ku." Mengkono pangandikané Pangéran.

25(9:25-26) Pangéran ngandika mengkéné, "Bakal tekan wektuné Aku ngukum bangsa Mesir, Yéhuda, Édom, Moab lan wong-wong sing manggon ana ing ara-ara samun, sing padha ngethok rambuté. Bangsa-bangsa mau padha tetak, nanging ora netepi prejanjian sing ditandhani nganggo tetak mau. Bangsa-bangsa iki padha kaya bangsa Israèl, ora padha netepi prejanjian-Ku."

26(9:25)


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel