Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 11 >> 

1Tedhak-turuné Raja Dawud kuwi kaya wit sing ditegor. Nanging tunggaké metu sogolané, mengkono uga saka tedhaké Dawud bakal ana sing dadi raja.

2Panjenengané bakal katedhakan Rohé Pangéran, Rohé kawicaksanan lan pangertèn, mula merga déning Roh mau Panjenengané pinter gawé putusan, nuli ditindakaké, mengkono uga merga saka Roh mau Panjenengané pirsa apa sing dadi kersané Gusti Allah, banjur dièstokaké.

3Ngèstokaké kersané Allah kuwi dadi kasenengané. Enggoné ngadili ora mung sakepénaké utawa manut kandhané wong.

4Prekarané wong cilik bakal diputusi kalawan adil; wong kesrakat dibéla nganti menang; wong sing salah didhawuhi ngukum, lan wong ala ditumpes.

5Pepréntahané didhasari keadilan lan bebeneran.

6Asu ajag bakal rukun karo cempé, lan macan tutul bakal njerum jèjèr karo wedhus bérok. Pedhèt lan anak singa bakal reruntungan, diengon déning bocah cilik.

7Sapi lan bruwang bakal nyenggut suket bebarengan, lan anak-anaké padha jèjèr njerum sapanggonan. Singa lan sapi padha-padha mangan damèn.

8Bocah cilik padha dolanan ula mandi tanpa wedi.

9Ing Sion, Gunungé Suci Allah, ora ana sing gawé piala utawa sing gawé bilai. Wong sanegara bakal padha tepung karo Gusti Allah, lan kawruhé bab Gusti Allah bakal sampurna.

10Ing wektu kuwi bakal kelakon bangsa-bangsa sing ora tepung karo Gusti Allah padha nggolèki tedhaké Raja Dawud mau. Bakal padha nglumpuk ana ing kutha krajan lan saos pakurmatan marang Panjenengané.

11Gusti Allah bakal sepisan menèh ngagem pangwasané, ngulihaké kekarèné umaté sing ana ing Asyur lan ing Mesir, ing tanah Patros, Sudan, Élam, ing Babil, ing Hamat lan ing pulo-pulo ing segara.

12Pangéran bakal ngedegaké umbul-umbul minangka pretandha kanggo para bangsa, yèn Panjenengané nglumpukaké bangsa Israèl lan bangsa Yéhuda sing padha pating slebar; bakal padha diulihaké saka kéblat papat.

13Ing kono kraton Israèl bakal ora mèri menèh karo Yéhuda, lan Yéhuda bakal ora memungsuhan karo Israèl.

14Karo-karoné bakal nyerang bangsa Filistin sing ana ing Kulon lan njarah-rayah bangsa-bangsa sing ana ing Wétan. Tanahé bangsa Édom lan bangsa Moab bakal dienggoni, lan bangsa Amon bakal ditelukaké.

15Pangéran bakal ndadèkaké Teluk Suèz asat. Panjenengané bakal nekakaké angin panas sing ngasataké Bengawan Éfrat, banjur didadèkaké kali pitu sing cethèk, nganti saben wong bisa nyabrang.

16Kekarèné wong Israèl sing isih ana ing Asyur, bakal nemokaké dalan gedhé kanggo metu saka Asyur, kaya nalika para leluhuré metu saka tanah Mesir.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel