Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 16 >> 

1Saka kutha Sela, sing dunungé ana ing ara-ara samun, bangsa Moab ngaturaké cempé wedhus gèmbèl disaosaké marang Sang Raja ing Yérusalèm.

2Wong-wong Moab padha ngentèni ing sapinggiring Kali Arnon karo mlaku mrana-mréné, kaya manuk sing digusah saka susuhé.

3Pangucapé marang bangsa Yéhuda, "Kandhaa, aku kokkon nglakoni apa? Aku butuh pengayomanmu, kaya wit sing awèh pengayoman ing wayah awan. Aku dakngéyub ing ngisoré. Aku rak wong ngungsi. Aku dhelikna supaya ora ditemu wong sing nggolèki aku, aja gawé sengsaraku.

4Aku dakmondhok ing negaramu. Aku uwalna saka tangané wong-wong sing arep numpes aku." (Panindhes lan pangrusak bakal mandheg, lan wong-wong sing nggempur Israèl bakal lunga saka kono.

5Sawisé mengkono bakal ana tedhaké Dawud sing dadi raja lan kuwi bakal ngerèh bangsané kalawan asih lan setya, keadilan bakal dijejegaké menèh lan kabeneran bakal ditindakaké.)

6Wangsulané bangsa Yéhuda, "Aku wis ngerti yèn bangsa Moab kuwi angkuh, gemunggung lan lumuhur-luhur, nanging tembungé ora ana tegesé."

7Bangsa Moab bakal nggresah ngrasakaké kasangsarané. Kabèh bakal padha nangis yèn kèlingan pangan énak sing dipangan ana ing kutha Kir-Harèsèt, bakal padha semplah lan ngadhuh-adhuh.

8Palemahan-palemahan ing sacedhaké Hèsbon lan kebon-kebon anggur ing Sibma wis rusak kabèh, yakuwi kebon-kebon sing adaté ngasilaké anggur sing apik dhéwé minangka ombèn-ombèné para penggedhé. Lumrahé wong-wong mau padha ngombé anggur nganti mendem. Biyèn kebon-kebon anggur kuwi jembaré nganti tekan kutha Yaézèr. Mengétan nganti tekan segara wedhi, mengulon tekan sabrangané Segara Mati.

9Saiki enggonku nangisi anggur Sibma kaya enggonku nangisi Yaézèr. Aku nangisi Hèsbon lan Eléalé merga panèné padha wurung.

10Ora ana wong sing bungah atiné ndeleng palemahan sing biyèn subur banget. Ora ana wong sing guneman sora lan ora ana wong ura-ura ana ing kebon anggur. Ora ana wong mipit anggur lan ngolah angguré dadi ombèn-ombèn. Wis ora ana swarané wong surak-surak menèh.

11Atiku remuk ndeleng kaanané Moab lan Kir-Harèsèt.

12Wong Moab kanthi rekasa munggah menyang gunung panggonané ngibadah lan sembahyang, nanging ora ana asilé.

13Kaya mengkono wangsité Pangéran sing biyèn kaparingaké tumrap Moab.

14Saiki Pangéran ngandika, "Telung taun engkas, pas kaya wektu iki, kasugihané Moab bakal sirna kabèh. Rakyaté sing saiki akèh cacahé bakal kari sethithik banget, tur ora duwé kekuwatan apa-apa."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel