Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 21 >> 

1Pangandikané Allah tumrap Babil mengkéné, "Kaya prahara sing nyaponi ara-ara samun, kaya mengkono bakal tekané karusakan ing tanah sing kaanané lagi gawat.

2Wahyu sing nggegirisi kawangsitaké marang aku, mengkéné surasané, ‘Tentarané Élam, nyeranga. Tentarané Madai, ngepunga! Aku arep mungkasi kasangsaran sing digawé déning Babil!’"

3Apa sing dakdeleng lan dakrungu sajroning wahyu gawé geterku. Bojoku lara banget, kaya wong wadon sing nglarani.

4Sirahku ngelu, atiku trataban. Aku ngarep-arep tekané wayah soré, bareng wis teka, mung gawé giris thok.

5Ing wahyu mau aku weruh ana dhaharan ditata, mengkono uga panggonan sing arep dilungguhi para tamu. Dumadakan ana aba, "Para perwira! Tamèngmu angkaten!"

6Gusti Allah banjur ngendika marang aku mengkéné, "Lungaa, nugasna wong ing pejagan. Konen nglapuraké apa sing dideleng.

7Yèn weruh wong nunggang jaran ngloro-ngloro, wong nunggang kuldi lan unta, kudu ditamataké sing temenan."

8Wong sing jaga mau banjur celuk-celuka awèh weruh, "Pak, kula sampun jagi ing ngriki rinten lan dalu."

9Dumadakan ana wong padha teka! Wong nunggang jaran ngloro-ngloro! Wong jaga mau banjur awèh weruh, "Babil sampun rebah! Reca-recaning déwa-déwanipun ingkang dipun sembah sampun remuk pating slebar ing siti."

10Hé Israèl bangsaku, sing wis diidak-idak lan digawé kèsèd! Saiki kowé dakkabari pawarta sing becik, sing dakrungu saka Pangéran, Allahé Israèl!

11Pangandikané Allah tumrap Édom. Ana wong ngundang aku saka Édom, muni ngéné, "Hé wong jaga, apa benginé isih suwé? Suk kapan entèké?"

12Wangsulané sing jaga, "Wis mèh ésuk, nanging benginé bakal teka menèh. Yèn kowé arep takon menèh, tekaa waé lan takona!"

13Pangandikané Allah kanggo tanah Arab mengkéné, "Hé wong Dédan, kafilah-kafilah sing padha nginep ana ing alas-alas ing tanah Arab.

14Hé wong-wong sing padha manggon ana ing Téma, padha metua, nggawaa banyu kanggo wong sing padha kasatan, metua, wong-wong sing padha teka ngungsi kuwi pethukna karo nggawa roti!

15Sebab wong-wong kuwi padha ngungsi nyingkiri pedhang sing arep dienggo matèni, ngoncati panah sing arep ditamakaké, ya ngoncati sakèhé bebayané peprangan."

16Gusti Allah banjur ngandika marang aku mengkéné, "Setaun engkas, kaluhurané tanah Mesir kabèh bakal sirna.

17Prejurit ahli panahé Kédar sing misuwur kekendelané bakal mung kari sethithik. Aku, Pangéran Allahé Israèl, sing ngandika!"


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel