Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 35 >> 

1Ara-ara lan lemah mati bakal padha bungah-bungah, lan kembang-kembang padha megar ing ara-ara samun.

2Kaya kembang mawar sing abyor megar bebarengan, mengkono enggoné padha surak-surak saka bungahé. Éndahé kaya Gunung Libanon, lan suburé kaya Lebak Karmèl lan Saron. Saben wong bakal nyawang kamulyané Pangéran, kaluhurané lan pangwasané.

3Tangan sing lemes ora bisa ngglawat padha kuwatna, lan dhengkul sing théklok padha jejegna.

4Saben wong sing semplah atiné kandhanana, "Sing tatag lan aja wedi! Pangéran bakal rawuh mitulungi kowé, lan bakal nggebag para mungsuhmu."

5Wong wuta bakal bisa ndeleng, wong budheg bakal bisa krungu.

6Wong lumpuh bakal mlumpat kaya menjangan, wong bisu bisa surak-surak, ing segara wedhi bakal metu banyuné, lan kali-kali bakal mili ana ing ara-ara samun.

7Tanah sing panas mau bakal malih dadi tlaga, lan lemah sing garing bakal metokaké tuk pirang-pirang. Panggonan sing lumrahé dienggoni asu ajag, bakal kethukulan suket lan glagah.

8Ing kono bakal ana dalané gedhé sing karan, "Dalaning Kasucèn." Wong dosa ora bakal ngambah dalan kuwi, lan bakal ora ana wong tanpa-budi sing nasaraké wong sing ngambah dalan mau.

9Ing kono bakal ora ana singané, lan kéwan galak liyané iya ora saba ing kono. Wong sing padha dislametaké déning Pangéran bakal padha ngambah dalan kuwi.

10Wong-wong mau bakal teka ing Yérusalèm kanthi bungah, karo memuji lan surak-surak. Selawasé bakal padha nemu kabegjan, lan sajegé bakal ora nandhang prihatin lan kasusahan.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 35 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel