Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 38 >> 

1Ing nalika semana Raja Hizkia kecandhak gerah nganti mèh séda. Nabi Yésaya bin Amos banjur sowan sarta matur marang panjenengané, "Dhawuhipun Pangéran mekaten, ‘Apa sing kudu kokprenata bèrèsna, sebab laramu bakal ora mari. Kowé bakal kapundhut.’"

2Hizkia karo rainé madhep témbok ndedonga,

3"Dhuh Allah, kersaa ngèngeti, bilih pangabekti kawula dhateng Paduka kalayan temen lan gumolonging manah. Kawula tansah ngudi nglampahi menapa ingkang Paduka kersakaken." Hizkia karo nangis kelara-lara.

4Pangéran banjur dhawuh marang Yésaya supaya bali sowan Hizkia menèh,

5didhawuhi munjuk mengkéné, "Aku Pangéran, Allahé leluhurmu Dawud, Aku wis miyarsa pandongamu lan pirsa luhmu; lah umurmu bakal Daktambahi limalas taun.

6Aku bakal ngluwari kowé lan kutha Yérusalèm saka tangané raja Asyur lan saterusé Aku bakal njaga ngayomi." Yésaya nuli ndhawuhi wong ngremet woh ara, lan diosèraké ing lelarané Hizkia supaya mari. Raja Hizkia nyuwun pirsa, "Menapa ingkang dados tandhanipun bilih kula badhé saged sowan dhateng Pedalemanipun Allah?"

7Unjuké Yésaya, "Allah badhé paring pretandha dhateng panjenengan, kanggé mbuktèkaken bilih janjinipun badhé dipun tetepi. Pangandikanipun,

8‘Ayang-ayangan jarum jamé Raja Ahas, bakal Dakgawé mundur sepuluh tapak.’ Pramila miturut ayang-ayangan jarum jam wau surya lampahipun badhé mundur sedasa jam."

9Bareng wis mantun saka gerahé, Raja Hizkia banjur nyerat kidung pamuji, ngluhuraké asmané Pangéran mengkéné:

10Bareng nyandhak nedheng-nedhengé umurku aku kepeksa mlebu ing gapuraning pati, dadi ora ngentèkaké umurku.

11Aku bakal ora nyawang menèh Pangéran ana ing donyané wong urip. Mengkono uga ora bakal nyawang wong liya-liyané sing isih urip.

12Uripku wis dibubrah lan wis rampung, kaya kémahé pangon sing dirubuhaké, kaya mori sing dipedhot benangé déning tukang tenun, banjur digulung. Gusti Allah négakaké aku kaya mengkono kaananku.

13Kaya singa Panjenengané enggoné ngremuk sakèhé balungku. Aku nganti sambat-sambat rina lan wengi merga saka larané.

14Aku ngrintih swaraku lirih, kaya manuk sriti, lan gereng-gereng kaya manuk dara. Mripatku nrocos merga tumenga ing langit, pesambatku, "Dhuh Allah, kawula kaluwarana saking sesakit menika."

15Aku kudu matur kepriyé? Allah piyambak kang nindakaké kuwi mau kabèh. Lara atiku, nganti aku ora bisa turu.

16Dhuh Allah, kawula badhé gesang kagem Paduka, inggih kagem Paduka piyambak. Paduka ingkang sampun nyarasaken kawula, mugi nglestantunaken gesang kawula.

17Manah kawula ingkang sakit badhé wangsul tentrem malih. Kawula kaluwarana saking sakathahing bebaya; dosa-dosa kawula mugi Paduka apunten sedaya.

18Wonten ing jagadipun tiyang pejah mboten wonten ingkang ngluhuraken asma Paduka; tiyang pejah mboten pitados dhateng kasetyan Paduka.

19Ingkang memuji Paduka menika tiyang gesang, kados enggèn kawula memuji samenika. Para bapa nyariyosaken dhateng anak-anakipun bab kasetyan Paduka.

20Dhuh Pangéran, Paduka sampun nyarasaken kawula, pramila kawula badhé memuji kasaénan Paduka mawi swantening clempung, tuwin ngluhuraken asma Paduka wonten ing Pedaleman Paduka selaminipun gesang.

21(38:6)

22(38:6)


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 38 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel