Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 41 >> 

1Pangandikané Allah mengkéné, "Hé sakèhé pulo sing adoh! Padha menenga lan rungokna dhawuh-Ku. Padha cecawisa ngajokaké prekaramu ana ing pengadilan. Kowé diparingi wektu kanggo nglairaké isining atimu. Ayo padha maju bebarengan meruhi sapa sing bener.

2Sapa ta sing ngosikaké atiné wong saka Wétan, lan ndadèkaké wong kuwi ana ing endi waé yèn perang mesthi menang? Sapa sing ngulungaké para raja lan para umat ing tangané, padha dibabad déning pedhangé mawut presasat lebu. Padha diocar-acir déning panahé, presasat mrambut kabur ing angin.

3Mungsuhé padha diburu lan baliné padha slamet, ngliwati dalan sing durung tau diambah.

4Sapa sing nggawé sakèhing lelakon mau? Sapa sing netepaké lakuné sejarah? Aku, Pangéran sing wis wiwit kuna mula, lan Aku, Pangéran bakal ana tanpa wekasan.

5Para umat ing negara-negara sing adoh padha weruh apa sing Daktindakaké; mula padha wedi lan padha gemeter. Banjur padha nglumpuk lan nyedhak."

6Padha tulung-tinulung, sing siji kandha karo sijiné, "Sing tatag atimu!"

7Tukang kayu nggedhèkaké atiné kemasan, "Éndah temen." Pandhé sing nggemblèng wesi mbombong atiné tukang patri sing nggarap garapané, "Olèhmu matri apik banget." Gawéané mau banjur dipasang nganggo paku dadi kukuh.

8Nanging kowé, hé Israèl abdi-Ku, umat pilihan-Ku, tedhak-turuné Abraham, mitra-Ku,

9kowé Dakirid saka tapel watesé bumi; Daktimbali saka kikising bumi sing adoh dhéwé, karo Dakdhawuhi mengkéné, ‘Kowé kuwi abdi-Ku, kowé wis Dakpilih, kowé ora Daktampik.’

10Aja wedi, awit Aku nganthi kowé, aja kuwatir, awit Aku iki Allahmu. Aku bakal nguwataké kowé, lan kowé bakal Dakpitulungi, sarta bakal Dakasta ing asta-Ku tengen, sing nekakaké kemenangan.

11Wong sing padha nepsoni kowé bakal padha kwirangan, lan uripé bakal nistha. Sapa sing nglawan marang kowé bakal nemahi pati, lan sirna saka ing bumi.

12Kowé bakal nggolèki mungsuhmu, nanging wis ora ana. Wong-wong sing merangi kowé wis padha sirna.

13Aku iki Pangéran, Allahmu; kowé Daksentosakaké lan Aku ngandika, ‘Aja wedi; Aku bakal mitulungi kowé.’

14Pangandikané Pangéran, "Senajan kowé kuwi cilik lan apes, Israèl, nanging aja wedi; Aku bakal mitulungi kowé. Aku iki Allahé Israèl Kang Mahasuci. Aku sing bakal ngluwari kowé.

15Kowé bakal Dakdadèkaké saringan kanggo misahaké gabah karo damèn, nganggo untu paku sing anyar lan landhep. Gunung-gunung bakal kapisah nganti ajur lan punthuk-punthuk kokdadèkaké kaya mrambut.

16Bakal koktapèni, sarta padha kabur ing angin, lan dadi sumebar déning prahara. Mula kowé bakal padha bungah merga Aku jumeneng dadi Allahmu. Kowé bakal memuji ngluhuraké Aku, Kang Mahasuci, Allahé Israèl.

17Menawa umat-Ku padha kasatan lan golèk banyu, menawa gurungé garing merga saka ngelak, Aku bakal njurungi pandongané; Aku, Pangéran Allahé Israèl ora bakal ninggal wong-wong mau.

18Punthuk-punthuk gundhul bakal ana kaliné, lan tuk-tuk bakal ngilèkaké banyu menyang ledhokan. Ara-ara samun bakal Dakwalik dadi blumbang, lan tanah cengkar dadi tuk-tuk sing lubèr banyuné.

19Ara-ara samun bakal Daktanduri wit èrès, wit penaga, wit murad lan wit téasur. Tanah gundhul bakal dadi alas, alas cemara, alas juniper lan alas siprès.

20Wong sing ndeleng kuwi mau kabèh, bakal weruh yèn sing nindakaké Aku, Pangéran, Allahé Israèl. Wong-wong mau bakal padha wiwit ngerti yèn Pangéran, Allahé Israèl, sing nindakaké kuwi mau kabèh."

21Pangéran, Ratuné Israèl ngandika mengkéné, "Hé para déwané bangsa-bangsa, ayo padha gawé prekara. Ajokna gugatanmu karo bukti-buktiné!

22Mrénéa lan ramalna apa sing bakal kelakon, supaya Aku ngerti yèn prekara sing kokramalaké mau kelakon temenan. Terangna ing pengadilan apa sing wis kelakon, lan kandhakna apa tegesé.

23Terangna apa sing bakal kelakon ing mbésuké, dadi Aku ngerti yèn kowé kuwi allah. Gawéa becik apa ala, supaya Aku gumun apa wedi!

24Kowé lan sasolahmu kabèh kuwi mung presasat hawa, lan saben wong sing nyembah kowé kuwi nistha!

25Aku nangèkaké wong saka Wétan, wong mau bakal teka nyerang saka Lor. Wong kuwi bakal ngidak-idak para penggedhé kaya ngidak-idak blethok, kaya kundhi sing ngiles-iles lempung.

26Sapa ing antaramu sing bisa ngramal kapan kelakoné prekara mau, supaya Aku ngerti yèn ramalanmu kuwi bener. Ing antaramu ora ana sing bisa muni sakecap waé; ora ana sing krungu apa sing kokkandhakaké.

27Aku, Pangéran sing dhisik dhéwé martakaké marang Sion. Aku sing ngutus utusan menyang Yérusalèm, martakaké, ‘Lah kaé wong-wongmu padha teka! Padha teka saka pembuwangan!’

28Aku ndeleng ngiwa-nengen, nanging ora ana allah siji waé sing kumecap. Siji waé ora ana sing mangsuli pitakon-Ku.

29Allah-allah kabèh kuwi tanpa guna; padha ora bisa apa-apa. Déwa-déwa kuwi apes lan ora duwé daya."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 41 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel