Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 43 >> 

1Allah kang nitahaké Israèl ngandika mengkéné, "Aja wedi, kowé bakal Dakpitulungi. Kowé wis Daktimbali kanthi nyebut jenengmu. Kowé kuwi kagungan-Ku.

2Yèn kowé nyabrang banyu sing jero, Aku bakal nunggal karo kowé; kowé bakal ora kleleb lan nemu kasangsaran. Yèn kowé mlaku ngambah geni, bakal ora geseng. Sakèhé kasusahan lan kasangsaran bakal ora gawé laramu.

3Merga Aku iki Pangéran Allahmu, Kang Mahasuci, Allahé Israèl, Juru Slametmu. Mesir Dakagem dadi tebusanmu, lan Étiopia lan Séba Dakkalahaké dadi gantimu.

4Sarèhné kowé Dakanggep becik, Dakkasihi lan Dakajèni, mulané akèh bangsa sing Dakkalahaké dadi lirumu, supaya kowé kapitulungan.

5Mulané aja wedi, sebab Aku nunggil karo kowé! Aku bakal ngulihaké wong-wong Israèl saka Wétan, sing cedhak, lan saka Kulon, tanah sing adoh dhéwé.

6Tanah-tanah ing Lor bakal Dakdhawuhi, budhalna, lan tanah-tanah Kidul Dakngandikani, aja kokcandhet. Karebèn umat-Ku bali saka tanah-tanah adoh, saka pojok-pojoké bumi.

7Umat kuwi kagungan-Ku, Daktitahaké supaya Aku kaluhuraké!"

8Gusti Allah ngandika mengkéné, "Umat-Ku ladèkna ing pengadilan. Awit padha duwé mripat, nanging picak, duwé kuping, nanging budheg!

9Bangsa-bangsa padha ladèkna ing pengadilan. Apa ana ing antarané déwa-déwané sing bisa ngramal apa sing bakal kelakon? Apa ana sing ngerti lelakon sing biyèn-biyèn? Déwa-déwa kuwi karebèn nggawa seksi, sing mbuktèkaké yèn ramalané mau cocog lan tembungé nyata mengkono.

10Hé umat Israèl, kowé kuwi seksi-Ku, Dakpilih dadi abdi-Ku, mula kuduné kowé kenal Aku lan precaya karo Aku, sarta ngerti yèn mung Aku dhéwé jumeneng Allah. Kejaba Aku ora ana Allah liyané, ora tau ana lan ora bakal ana.

11Mung Aku dhéwé sing jumeneng Allah, lan mung Aku dhéwé sing bisa mitulungi kowé,

12sing pirsa apa sing bakal kelakon, lan rawuh paring pitulungan. Ora ana déwa manca sing tau nindakaké mengkono, kowé dhéwé sing nyipati.

13Aku jumeneng Allah lan selawasé bakal jumeneng Allah. Ora ana sing bisa oncat saka pangwasa-Ku; ora ana sing bisa ngowahi apa sing Daktindakaké."

14Pangéran Allahé Israèl Kang Mahasuci ngandika mengkéné, "Merga kowé Aku bakal ngutus tentara menyang Babil, supaya ngluwari kowé; gapuraning kutha bakal Dakgempur, lan surak-suraké wong kono bakal malih dadi tangisan.

15Aku iki Pangéran, Allah Kang Mahasuci. Hé Israèl, Aku iki Allahmu sing nitahaké kowé."

16Dhèk jaman kuna Gusti Allah yasa dalan metu segara, dalan nembus ulekané banyu.

17Prejurit sing nganggo kréta perang lan sing jaranan akèh, tur ampuh banget, ditumpes, padha ambruk lan ora tangi menèh, mati pet kaya urubing lilin sing disebul.

18Nanging pangandikané Allah mengkéné, "Aja mikir prekara-prekara sing wis kelakon utawa ngéling-éling kaanan dhèk jaman kuna.

19Nanging nggatèkna prekara-prekara anyar sing saiki lagi Daktandangi. Aku bakal yasa dalan nrabas ara-ara samun lan ana ing kana gawé ilèn-ilèn banyu.

20Kéwan-kéwan galak bakal ngluhuraké Aku, asu ajag lan manuk unta bakal memuji asma-Ku, awit Aku nganakaké kali ana ing segara wedhi, supaya umat pilihan-Ku padha olèh banyu.

21Umat kuwi Daktitahaké kagem Aku dhéwé, lan bakal ngluhuraké asma-Ku!"

22Gusti Allah ngandika mengkéné, "Nanging Israèl, kowé wis bosen karo Aku; kowé ora ngabekti menèh karo Aku.

23Kowé ora saos kurban wedhus; kowé ora ngurmati Aku srana kurban sesaosan. Aku ora ngeboti enggonmu ora saos kurban, iya ora merga kowé ora ngobong dupa kanggo Aku,

24iya ora merga kowé ora tuku wangi-wangian utawa nyaosi Aku gajihé raja-kayamu. Nanging sing ngebot-eboti Aku kuwi dosamu; sing ngrubedi Aku kuwi kaluputanmu.

25Éwasemono Aku iki Allah sing ngapura dosa-dosamu; merga saka kersa-Ku piyambak Aku mbébasaké salahmu, lah Aku bakal ora ngènget-ènget dosamu menèh.

26Lah ayo padha lapuran ana ing pengadilan; kandhakna gugatanmu. Prekaramu bélanen kanggo mbuktèkaké yèn kowé nyata pihak sing bener.

27Para leluhurmu sing kawitan dhéwé wis gawé dosa; penggawé-penggawému iya wis gawé dosa marang Aku.

28Raja-rajamu wis gawé najisé pasucèn-Ku. Mulané Israèl Daktumpes, lan umat-Ku Dakdadèkaké dicecamah."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 43 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel