Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 48 >> 

1"Rungokna, hé Isra‘el, turuné Yéhuda. Kowé padha sumpah demi asmané Pangéran lan ngaku ngabekti marang Allahé Isra‘el, nanging kandhamu kuwi ora nyata.

2Éwasemono kowé bisa umuk y‘en kowé kuwi wargané kutha suci, lan uripmu suméndhé marang Allahé Isra‘el, sing asmané kasebut Allah Kang Mahasuci."

3Gusti Allah ngandika marang Isra‘el mengkéné, "Dh‘ek jaman kuna Aku wis medharaké apa sing bakal kelakon; lan kuwi Daktindakaké kalawan dadakan.

4Aku pirsa y‘en atimu wangkal, atos kaya watu.

5Dadi wiwit biy‘en Aku wis aw‘eh weruh apa sing bakal kelakon ing tembé mburiné, kanggo nyegah penganggep, y‘en kuwi kab‘eh sing njalari brahala-brahala lan recamu ukir-ukiran.

6Apa sing biy‘en Dakngandikakaké saiki wis kelakon; kowé kudu ngakoni y‘en pameca-Ku mau bener. Saiki kowé arep Daktedahi prekara-prekara sing bakal kelakon, kedadéan-kedadéan sing durung tau Dakngandikakaké.

7Prekara-prekara mau lagi kelakon saiki, dh‘ek biy‘en durung tau ana. Saupama wis tau klakon, kowé mesthi bakal muni y‘en bab kuwi kowé wis ngerti.

8Aku pirsa y‘en kowé ora kena diprecaya lan selawasé nglawan. Kuwi sebabé kowé ora tau krungu bab iki, lan ora ana wong sing tau crita marang kowé.

9Supaya asma-Ku diluhuraké déning para umat, Aku nyandhet duka-Ku; supaya kowé aja nganti Daktumpes.

10Kowé Dakuji srana genining kasangsaran, kaya slaka sing diluluh ing geni, lan ketitik y‘en kowé kuwi ora ana ajiné.

11Pendamel-Ku mau krana asma-Ku piyambak. Aku ora marengaké asma-Ku dinajisaké, lan kaurmatan-Ku ora Dakparingaké marang sapa waé."

12Pangandikané Pangéran mengkéné, "Padha ngrungokna h‘e Isra‘el, umat sing Daktimbali! Aku iki Allah, sing wiwitan lan sing pungkasan, mung piyambakan!

13Dhasaring bumi kuwi yasaning asta-Ku, semono uga Aku sing menth‘eng langit ana ing sandhuwuré. Samasa bumi lan langit Daktimbali, sanalika banjur padha sowan ana ing ngarsa-Ku.

14Kowé padha nglumpuka kab‘eh, lan padha ngrungokna! Ing antarané para déwa ora ana sing bisa ngramalaké y‘en wong sing Dakpilih kuwi bakal nyerang Babil; wong mau bakal nglakoni apa sing dadi kersa-Ku.

15Aku sing ndhawuhi lan sing nimbali; Aku sing nekakaké lan paring kemenangan marang wong mau.

16Padha nyedhaka Aku lan rungokna pangandika-Ku. Wiwit-wiwitan mula Aku ngandika blak-blakan, lan tembung-Ku selawasé nyata." Mangka saiki aku diutus déning Pangéran Allah lan Rohé, ya Allah sing nebus kowé.

17Pangéran Allahé Isra‘el Kang Mahasuci, sing ngluwari kowé ngandika mengkéné, "Aku iki Pangéran Allahmu, sing mulang marang kowé supaya kowé dadia becik, lan nuntuna lakumu ing dalan sing kudu kokambah.

18Kowé padha ngéstokaké dhawuh-Ku, kowé bakal tansah binerkahan, kaya ilining kali sing ora tau asat! Kowé bakal tansah kaparingan kemenangan, kaya ombaké segara ol‘ehé ora l‘er‘en-l‘er‘en ngerobi gisik.

19Turunmu bakal ak‘eh banget, kaya wedhiné segara lan Aku nemtokaké y‘en turunmu ora bakal cures."

20Padha metua saka Babil, kowé wis merdika! Padha wartakna kanthi bungah, critakna ing saenggon-enggon, "Pangéran wis ngluwari Isra‘el, abdiné!"

21Umaté dituntun metu panggonan sing panas lan ara-ara samun sing cengkar, éwasemono ora padha kasatan. Panjenengané paring banyu saka karang; karangé digawé bengkah lan banyuné mili saka kono.

22"Wong dosa padha ora tau nemu katentreman," mengkono pangandikané Allah.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 48 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel