Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 51 >> 

1Pangéran ngandika mengkéné, "Padha ngrungokna Aku, hé sakèhé wong sing kepéngin slamet, sing padha marek marang Aku nyuwun pitulungan. Padha nyawanga gunung karang asalmu katatah, lan luwangan asalmu kadhudhuk.

2Nyawanga marang Abraham leluhurmu, lan marang Sarah sing nurunaké kowé. Abraham kuwi Daktimbali nalika durung duwé anak, lan nuli Dakberkahi, Dakparingi anak-turun akèh.

3Aku bakal paring kawelasan marang Yérusalèm, marang sakèhé wong sing manggon ana ing kana. Senajan tanahé kuwi kaya ara-ara samun, nanging bakal Dakdadèkaké petamanan, kaya petamanan ing Èden. Ing kana bakal ana kabungahan apa déné kidung lan puji sokur konjuk marang Aku.

4Hé umat-Ku, rungokna pangandika-Ku, Aku bakal paring piwulang marang para bangsa, dhawuh-Ku bakal dadi pepadhangé.

5Aku bakal énggal rawuh lan ngentas wong-wong mau, sedhéla engkas Aku bakal ngetingalaké kaluhuran-Ku. Aku dhéwé bakal ngerèh para bangsa. Bangsa-bangsa adoh wis ngentèni rawuh-Ku padha nganti-anti Aku supaya padha Dakslametaké.

6Tumengaa marang langit; lan nyawanga bumi! Sakèhé langit bakal musna kaya kukus; bumi bakal luwas kaya jarit, lan wong isiné bumi bakal padha mati kaya lemut. Nanging pangluwaran peparing-Ku bakal langgeng selawasé, kemenangan-Ku ora bakal batal.

7Rungokna dhawuh-Ku, hé wong sing kulina nglakoni bebeneran, rungokna swara-Ku, sing atiné nampa dhawuh-Ku. Aja wedi menawa dicacad ing wong, lan aja kagèt menawa diala-ala.

8Kabèh kuwi bakal sirna kaya sandhangan sing dipangan renget! Nanging karahayon peparing-Ku tanpa wekasan, lan pangluwaranku lestari, turun-temurun.

9Dhuh Allah, mugi kersa jumeneng lan mitulungi kawula! Kersaa ngagem pangwasa Paduka lan paring pitulungan. Kados rumiyin, ing jamanipun para leluhur. Menapa sanès Paduka ingkang nugel-nugel Rahab, naga seganten menika?

10Menapa sanès Paduka ingkang ngasataken seganten, ngantos dados mergi ingkang kénging kaambah, déning para tiyang ingkang Paduka pitulungi?

11Tiyang ingkang Paduka wilujengaken menika badhé dumugi ing Yérusalèm kanthi bingah, kalayan memuji lan surak-surak. Polatanipun bingar karana nampi kabingahan langgeng, badhé luwar selaminipun saking kasisahan lan kaprihatosan."

12Pangandikané Pangéran mengkéné, "Aku sing paring kekuwatan marang kowé. Yagéné kokwedi karo manungsa sing bakal mati? Manungsa rak presasat suket garing?

13Apa kowé lali karo Pangéran sing nitahaké kowé, sing menthèng langit lan masang pondhasiné bumi? Yagéné kowé sedina muput gemeter wedi karo wong sing ngigit-igit arep nganiaya lan arep numpes kowé? Pangancamé bakal ora nggepok awakmu.

14Sakèhé wong sing dikunjara bakal énggal diluwari, bakal padha kaparingan umur dawa, lan dicukupi kabutuhan pangané.

15Aku iki Pangéran Allahmu; sing nguber segara nganti ombaké gemuruh. Asma-Ku Allah Kang Mahakwasa!

16Aku sing menthèng langit lan masang pondhasiné bumi; Aku ngandika marang Yérusalèm, ‘Kowé kuwi umat-Ku! Kowé Dakparingi piwulang-Ku lan Dakayomi nganggo asta-Ku.’"

17Hé Yérusalèm, tangia! Gumrégaha lan ngadega! Kowé wis ngombé tuwung paukumané Allah; wis kokombé nganti entèk, lan kuwi njalari lakumu sempoyongan.

18Mangka ora ana wong sing nuntun kowé, ora ana ing antaramu sing nyandhak tanganmu lan nggandhèng kowé.

19Kowé wis nampani kasusahan tumpuk-undhung; tanahmu rusak merga déning perang, lan wong-wong padha mati kaliren, mangka ora ana sing nglipur kowé.

20Ing saben pojoké lurung wong-wongmu padha klenger merga awaké wis lemes banget; kaya kidang sing klebu ing jaringé wong mbebedhag, mengkono enggoné padha ngrasakaké panasing paukumané Pangéran.

21Hé wong Yérusalèm sing nandhang kesrakat, kowé sing padha mlaku sempoyongan kaya wong mendem.

22Pangéran Allahmu ngayomi kowé lan ngandika, "Tuwung kasangsaran kuwi saiki Daksingkiraké, tuwung sing Dakparingaké marang kowé merga saka duka-Ku. Tuwung kuwi wis ora susah kokombé, tuwung kuwi isi anggur sing marakaké kowé mendem.

23Tuwung mau bakal Dakparingaké wong sing nganiaya marang kowé, merga njalari kowé padha glimpangan ana ing dalan-dalan, lan diidak-idak kaya larahan."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 51 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel