Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 63 >> 

1"Sapa ta sing rawuh saka kutha Bozra ing Édom? Sapa sing ngagem ageman élok sing wernané abang mbranang, sing tindaké kaya wong gagah prakosa? Iku Pangéran, kang kwasa mitulungi, sing rawuh ngumumaké kaunggulané.

2Yagéné Panjenengané ngagem ageman abang mbranang, kaya sandhangan sing dienggo déning tukang ngiles woh anggur, digawé ombèn-ombèn?"

3Pangandikané Pangéran, "Bangsa-bangsa wis Dakidak-idak kaya woh anggur, lan ora ana wong sing ngréwangi Aku. Padha Dakidak-idak sajroning duka-Ku lan getihé nggupaki ageman-Ku.

4Aku wis mutusaké yèn saiki wis tekan wektuné Aku ngluwari umat-Ku; wis tekan titi-mangsané Aku ngukum para mungsuhé.

5Nalika Aku ndeleng ngiwa nengen, Aku gumun déné ora ana sing ngréwangi Aku. Gedhéné duka-Ku marakaké Aku rosa, lan Aku unggul senajan Aku ijèn.

6Sajroning duka-Ku bangsa-bangsa Dakiles-iles, nganti ajur mumur. Getihé Dakwutahaké ana ing lemah."

7Aku arep nyritakaké sihé Allah sing ora tau gagal. Aku arep memuji asmané merga pakaryan sing katindakaké kanggo kita. Panjenengané mberkahi Israèl umaté kanthi loma, merga saka sih-rahmaté lan kamirahané sing tanpa kendhat.

8Pangandikané Pangéran mengkéné, "Kuwi umat-Ku, sing ora bakal ngapusi Aku." Mulané padha diluwari

9saka sakèhé kasangsarané. Dudu malaékat, nanging Allah piyambak sing ngluwari umaté. Merga saka sih lan kawelasané enggoné padha dipitulungi. Wiwit jaman kuna mula enggoné padha dirimat lan digéndhong,

10nanging padha mbaléla lan gawé sekeling Roh Suci, mula Allah dadi satruné lan nglawan marang umaté mau.

11Nanging banjur padha kèlingan lelakoné dhèk jamané Musa, abdiné Allah. Banjur padha takon, "Saiki Pangéran ana ing ngendi? Ana ing ngendi Panjenengané sing nylametaké para pengarepé umaté saka segara? Ana ing ngendi Pangéran sing maringaké Rohé marang Musa?

12(63:12-13) Ana ing ngendi saiki Gusti Allah sing lantaran Musa nindakaké pakaryan sing ngébat-ébati srana kwasané, nyilakaké banyuné segara lan ngirid umaté metu banyu sing jero, mula asmané dadi misuwur langgeng selawasé?" Merga katuntun déning Pangéran, wong-wong mau lakuné mantep kaya jaran sing ngambah ara-ara, ora tau kesandhung.

13(63:12)

14Kaya raja-kaya sing katuntun menyang panggonan sing akèh suketé, kaya mengkono Rohing Pangéran enggoné paring pengasoan marang umaté, mula asmané kaluhuraké lan kasaosan kaurmatan.

15Dhuh Pangéran, saking Pedaleman Paduka ing swarga ingkang suci saha mulya kersaa mirsani dhateng kawula. Wonten ing pundi adrengé penggalih Paduka migatosaken dhateng kawula? Wonten ing pundi pangwaos Paduka? Wonten ing pundi sih tuwin kadarman Paduka? Sampun ta nyupèkaken dhateng kawula.

16Paduka menika Rama kawula. Para leluhur kawula Abraham lan Yakub mboten sami tepang kaliyan kawula. Nanging dhuh Allah, Paduka menika Rama kawula, ingkang selaminipun ngluwari kawula.

17Kénging menapa Paduka parengaken nylèwèng saking margi Paduka? Kénging manapa manah kawula Paduka wangkotaken ngantos kawula sami mboten ajrih dhateng Paduka? Mugi Paduka kersa wangsul, krana para abdi Paduka, inggih krana umat ingkang selaminipun dados kagungan Paduka.

18Kawula, para umat kagungan Paduka, kanggé sawetawis wekdal sami katundhung déning para mengsah kawula, ingkang sami ngidak-idak Pasucèn Paduka.

19Kados-kados Paduka menika mboten naté ngerèh kawula, lan kawula mboten kasebut umat Paduka.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 63 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel