Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 9 >> 

1Nanging ora suwé menèh wong-wong kuwi bakal diluwari saka kasangsaran mau. Tanahé taler Zébulon lan taler Naftali kuwi tau diasoraké déning Pangéran. Nanging mbésuk tanah-tanah mau kabèh, wiwit saka Segara Tengah tekan sabrangé Kali Yardèn, malah tekan Galiléa sing dienggoni bangsa-bangsa liya, bakal olèh kaurmatan.

2Bangsa sing manggon ing petengan padha ndeleng pepadhang gedhé. Sing pada ana ing petengé pati, padha ngrasakaké padhangé awan.

3(9-2) Bangsa menika sampun Paduka paringi kabingahan ageng, dhuh Allah; inggih sampun Paduka paringi kabegjan, mila sami bingah-bingah margi saking pendamel Paduka, kados tiyang ingkang sami bingah-bingah ing mangsa panèn, utawi ing wekdalipun sami ngedum jarahan.

4(9-3) Paduka sampun nyingkiraken pikulan awrat saking pundhakipun, saha pecut ingkang kanggé nyabeti gegeripun. Paduka sampun ngawonaken bangsa-bangsa ingkang nindhes lan meres umat Paduka, inggih kados nalika Paduka nelukaken bala Midian kala rumiyin.

5(9-4) Sepatuning tentaranipun mengsah lan sedaya sandhangan ingkang gupak rah sami badhé kasirnakaken ing latu.

6(9-5) Ana bayi miyos kaparingaké marang kita! Ana putra kakung kapasrahaké marang kita! Panjenengané bakal jumeneng ratu kita. Asmané bakal kasebut: "Kaélokan," "Juru Pirembag," "Allah Kang Kwasa," "Rama Langgeng," "Ratuning Tentrem Rahayu".

7(9-6) Pangwasané bakal saya gedhé. Kratoné selawasé bakal ngalami katentreman. Panjenengané bakal nggentosi pepréntahané Dawud, leluhuré. Pepréntahané adhedhasar kabeneran lan keadilan, wiwit saiki nganti selawasé. Pangéran Allah Kang Mahakwasa adreng penggalihé nindakaké kuwi mau kabèh.

8(9-7) Pangéran wis ndhawuhaké paukuman marang Israèl, turuné Yakub.

9(9-8) Sabangsa kabèh lan wong-wong sing padha manggon ing kutha Samaria bakal weruh yèn sing nindakaké Allah piyambak. Saiki padha gemedhé lan angkuh. Tembungé,

10(9-9) "Omah-omahé gedhong padha rubuh, aku arep ngedegaké menèh ora nganggo bata, nanging nganggo watu tatahan. Kayu sikmah wis entèk ditegori; kanggo gantiné aku arep nganggo kayu cemara saka Libanon, sing luwih apik."

11(9-10) Pangéran wis ngosikaké atiné mungsuh supaya nglawan Israèl.

12(9-11) Saka Wétan Israèl bakal diserang déning bangsa Siria, lan saka Kulon déning bangsa Filistéa. Éwasemono Gusti Allah isih duka lan tetep arep ngukum Israèl.

13(9-12) Sebab bangsa kuwi ora mratobat marang Allah sing ngukum lan ora nglakoni prenatané.

14(9-13) Mulané sajroné sedina Allah bakal ngukum para penggedhé lan rakyaté. Endhas lan buntuté bakal dikethok.

15(9-14) Endhasé yakuwi para pinituwa sing diaji-aji, buntuté para nabi sing memulang piwulang nasar lan

16(9-15) para penggedhéné sing padha nasaraké rakyat sing dituntun.

17(9-16) Bangsa kuwi wis murtad lan murang-tata. Kabèh tembungé goroh lan isiné mung piala. Mulané Pangéran bakal ora nguwalaké saka bebaya para nonomané. Bocah lola lan randhané padha ora diwelasi. Senajan kabèh mau kelakon, éwasemono paukumané Allah durung kèndel. Astané tetep diagagaké kanggo ngukum.

18(9-17) Pialané bangsa Israèl murub kaya geni sing ngobong eri lan rerungkudan, banjur nglagar pang-pang ing alas, nganti kukusé mumbul kumelun.

19(9-18) Paukumané Pangéran, Allah Kang Mahakwasa sing ngobong tanah iki, lan wong-wongé kadadèkaké pakané geni. Wong padha tegelan; sing siji ora ngéman karo sijiné.

20(9-19) Wong sanegara padha nggragas ngangah-angah, sembarang dipangan, nanging padha ora wareg-wareg. Anaké dhéwé padha dipangan!

21(9-20) Wong Manasyè lan wong Éfraim padha perang siji nglawan sijiné, banjur karo-karoné nglurugi perang wong Yéhuda. Senajan mengkono, Allah isih duka, paukumané durung kèndel lan tetep arep ngukum.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel