Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yoel 3 >> 

1Pangandikané Pangéran mengkéné, "Ing wektu kuwi Aku bakal mulihaké kemakmurané Yéhuda lan Yérusalèm menèh.

2Bangsa-bangsa bakal Dakklumpukaké lan Dakgawa menyang Lembah Pengadilan. Ana ing kono Aku bakal nindakaké pengadilan, lan ngadili apa sing wis ditindakaké déning umat-Ku. Wong Israèl wis padha disebar menyang negara-negara manca, sarta ngedum-edum tanah-Ku nganti entèk.

3Padha nggawé lotré kanggo netepaké sapa sing bakal ngwasani wong tawanan. Bocah lanang lan bocah wadon padha diedol dadi batur-tukon, kanggo mbayar regané anggur lan opahé sundel.

4Hé wong Tirus lan wong Sidon sarta wong ing wengkoné tanah Filistéa, Aku arep kokkapakaké? Apa kowé arep males karo tumindak-Ku? Yèn nyata mengkono, kowé sanalika bakal Dakwales gentèn!

5Kowé wis mboyong slaka lan emas, sarta raja-brana-Ku, koklebokaké ana ing candhi-candhimu.

6Wong Yéhuda lan wong Yérusalèm wis kokboyongi menyang negara-negara adoh lan kokedol marang wong Yunani.

7Saiki wong-wong mau bakal Dakluwari saka panggonan enggonmu ngedol. Saiki Aku males marang kowé kaya penggawému marang wong-wong mau.

8Saiki Aku bakal dhawuh ngedol anak-anakmu lanang lan wadon marang wong Yéhuda, lan wong mau bakal ngedol menèh marang panggonan sing adoh, yakuwi Syéba. Mengkono pangandikané Pangéran."

9Wartakna marang sakèhé para bangsa: "Padha cecawisa perang; klumpukna para prejuritmu, tatanen barisané, nuli mangkata!

10Kajèné lukumu gemblèngen dadèkna pedhang, lan arit-aritmu gawénen tumbak. Tekan wong sing ringkih pisan kudu mèlu perang.

11Diénggal, tekaa, hé sakèhé bangsa-bangsa ing ngendi-endi, padha nglumpuka ana ing lembah. Dhuh Pangéran, mugi ngutus tentara Paduka nempuh piyambakipun.

12Para bangsa kudu padha siap lan teka ing Lembah Pengadilan. Aku bakal lenggah ana ing kana, ngadili sakèhé para bangsa.

13Pialané gedhé banget, mulané babaden kaya gandum ing mangsa panèn; iles-ilesen kaya woh anggur diiles-iles ana ing pemipitan, nganti banyuné anggur mili lubèr!

14Maèwu-èwu wong sing padha nglumpuk ana ing Lembah Pengadilan. Dinaning Pangéran wis cedhak.

15Srengéngé lan rembulan bakal dadi peteng, lan lintang-lintang ora bakal nyunaraké pepadhang."

16Pangéran bakal dhawuh saka Sion; swarané ngemandhang kaya gludhug saka Yérusalèm; bumi lan langit bakal padha horeg. Nanging umaté bakal diayomi.

17"Sabanjuré kowé, Israèl, bakal sumurup yèn Aku iki Pangéran, Allahmu! Aku dedalem ing Sion, gunung-Ku sing suci. Yérusalèm bakal dadi kutha suci, sing ora bakal ditelukaké menèh déning wong manca!

18Ing wektu kuwi gunung-gunung bakal kebak kebon anggur, lan punthuk-punthuk bakal kebak sapi lan wedhus; ing kana bakal akèh banyuné, nganti lubèr, mili ing kali-kaliné Yéhuda. Saka Pedalemané Pangéran bakal ana kali, sing mili mbanyoni Lebak Sitim.

19Mesir bakal dadi ara-ara samun, lan Édom dadi gempuran sing sepi, merga wong Édom wis padha nyerang tanah Yéhuda, lan matèni wong-wong sing ora ngerti apa-apa.

20(3:20-21) Aku bakal males getihé wong sing padha dipatèni; sing kaluputan bakal ora Dakéman. Nanging Yéhuda lan Yérusalèm bakal dienggoni menèh nganti turun-temurun, lan Aku Pangéran, bakal dedalem ana ing Sion."

21(3:20)


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yoel 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel