Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 1 >> 

1Sadurungé jagad dititahaké, Sang Sabda wis ana. Sang Sabda mau tetunggilan karo Gusti Allah, sarta Sang Sabda kuwi pancèn Allah.

2Sadurungé jagad iki ana, Sang Sabda wis nunggil karo Gusti Allah.

3Lan lantaran Sang Sabda mau Gusti Allah nitahaké samubarang kabèh. Ora ana barang siji waé ing alam donya iki sing ora dititahaké déning Sang Sabda.

4Sang Sabda kuwi sumbering uripé sakèhing titah sing ana ing donya iki, lan dadi pepadhanging para manungsa.

5Pepadhang sumunar ana ing pepeteng, lan pepeteng ora bisa ngalahaké Pepadhang mau.

6Gusti Allah ngutus utusané, jenengé Yohanes.

7Tekané Yohanes nggawa pawarta bab Sang Pepadhang mau marang wong kabèh, supaya wong-wong padha precaya marang Sang Pepadhang.

8Yohanes dhéwé dudu Sang Pepadhang, awit tekané Yohanes didhawuhi nyritakaké bab Sang Pepadhang.

9Panjenengané kuwi Sang Pepadhang sing sejati, sing rawuh ing donya lan madhangi wong kabèh.

10Sang Sabda wis ana ing jagad. Lan senajan jagad dititahaké déning Gusti Allah lantaran Sang Sabda, éwasemono jagad mau ora wanuh marang Panjenengané.

11Sang Sabda ngrawuhi bangsané dhéwé, nanging bangsané mau padha nampik marang Panjenengané.

12Éwasemono uga ana wong-wong sing padha nampani lan precaya. Wong-wong mau padha diparingi wewenang dadi putrané Allah.

13Enggoné dadi para putrané Allah mau ora merga dilairaké déning manungsa, lair saka karepé wong lanang, nanging saka kersané Allah.

14Sang Sabda wis dadi manungsa, manggon awor karo kita. Kita wis padha ndeleng kamulyané Sang Manungsa mau. Iya kamulyan kang kaparingaké marang Putraning Allah Sang Rama, Putra ontang-anting. Kamulyané Sang Putra mau mengkéné: Lantaran Sang Putra mau Gusti Allah wis mratélakaké Sarirané piyambak lan katresnané marang kita sakatogé.

15Nabi Yohanes neksèni mungguh Sang Putra mau karo ngandika sora: "Ya iki wong sing dakkarepaké nalika aku kandha: ‘Panjenengané rawuh samburiku, nanging Panjenengané luwih dhisik tinimbang karo aku’, sebab Panjenengané wis ana, sadurungé aku lair."

16Sih-rahmaté Sang Putra mau gedhé banget. Saka lubèring sih-rahmaté, Sang Putra tansah mberkahi kita kabèh ora kendhat-kendhat.

17Gusti Allah maringaké Kitab Torèt lantaran Nabi Musa, nanging lantaran Gusti Yésus Kristus, Gusti Allah mratélakaké sarirané piyambak sarta sih-katresnané marang kita.

18Ora ana wong siji waé sing wis tau weruh Gusti Allah. Nanging Putrané Allah ontang-anting, sing jumeneng Allah piyambak, lan sing tetunggilan karo Sang Rama, kuwi sing ngetingalaké Gusti Allah marang kita.

19Para penggedhéné wong Yahudi ing kutha Yérusalèm kongkonan imam-imam lan wong-wong turunané Lèwi marani Nabi Yohanes, dikon takon marang nabi mau: "Panjenengan menika sejatosipun sinten?"

20Nabi Yohanes emoh goroh, Panjenengané kanthi barès ngandika: "Aku dudu Sang Kristus."

21Pitakoné wong-wong mau: "Menawi mekaten, lajeng Panjenengan menika sinten? Menapa panjenengan menika Nabi Élia?" Wangsulané Nabi Yohanes: "Dudu." Pitakoné menèh: "Menapa panjenengan menika Sang Nabi?" "Uga dudu," mengkono wangsulané Nabi Yohanes.

22Wong-wong mau padha pitakon menèh: "Menawi mekaten panjenengan kersaa blaka, panjenengan menika sinten, supados kula saged nerangaken dhateng tiyang-tiyang ingkang kèngkènan kula mriki."

23Nabi Yohanes nuli mangsuli nganggo ayat saka Kitabé Nabi Yésaya: "Aku iki swara sing ngumandhang ana ing ara-ara samun: ‘Dalan sing kagem Gusti padha ratanen!’"

24Ing antarané wong-wong sing padha takon mau ana sing dikongkon déning wong Farisi.

25Wong-wong kuwi padha takon marang Nabi Yohanes: "Menawi panjenengan sanès Sang Kristus, sanès Nabi Élia, utawi nabi sanèsipun, menapa sebabipun panjenengan mbaptisi tiyang?"

26Wangsulané Nabi Yohanes: "Aku mbaptis nganggo banyu, nanging ing antaramu ana Wong, sing kowé ora wanuh.

27Wong kuwi tekané samburiku, nanging nguculi taliné trumpahé waé aku ora patut."

28Iki kedadéané ana ing désa Bètani, ing sisih wétané Kali Yardèn, yakuwi panggonané Nabi Yohanes mbaptisi wong-wong.

29Ésuké Nabi Yohanes weruh Gusti Yésus rawuh marani dhèwèké. Nabi Yohanes nuli ngandika: "Delengen, kuwi Cempéning Allah, sing nebus dosané jagad.

30Ya Panjenengané kuwi sing dakkandhakaké bakal rawuh samburiku. Nanging Panjenengané mau luwih dhisik tinimbang aku, sebab Panjenengané wis ana sadurungé aku lair.

31Mauné aku durung wanuh karo Panjenengané, nanging supaya bangsa Israèl padha wanuh marang Panjenengané, aku diutus mréné mbaptis nganggo banyu."

32Paseksiné Nabi Yohanes bab Panjenengané mengkéné: "Aku weruh Rohé Allah tumurun saka ing langit kaya manuk dara, banjur andhok ana ing Panjenengané.

33Nalika semana aku ora wanuh karo Panjenengané, nanging Gusti Allah sing ndhawuhi aku mbaptis nganggo banyu, Panjenengané sing ngandika marang aku, ‘Menawa kowé ndeleng Rohé Allah nedhaki sawijining Wong lan manggon ana ing Wong mau, Wong kuwi sing bakal mbaptis nganggo Rohé Allah.’

34Aku wis nyipati lelakon mau," mengkono pangandikané Nabi Yohanes, "Padha ngandela yèn Panjenengané kuwi pancèn Putraning Allah."

35Ésuké Nabi Yohanes wis ana ing panggonan mau menèh, karo muridé loro.

36Bareng weruh Gusti Yésus liwat, Nabi Yohanes nuli ngucap mengkéné: "Delengen, Panjenengané kuwi Cempéning Allah, sing bakal dienggo kurban!"

37Bareng muridé Nabi Yohanes padha krungu pangandika sing mengkono mau, nuli padha mangkat ndhèrèkaké tindaké Gusti Yésus.

38Gusti Yésus nolèh lan pirsa wong loro mau padha ndhèrèkaké Panjenengané, nuli ngandika: "Kowé padha nggolèki sapa?" Aturé para murid mau: "Rabbi, dalem Panjenengan wonten pundi?"

39"Ayo, mèlua Aku, nyatakna dhéwé," dhawuhé Gusti Yésus. Wong loro mau nuli padha ndhèrèk lan ndeleng omah sing didalemi Gusti Yésus. Ing dina kuwi murid loro mau padha nginep ana ing kono. (Nalika semana kira-kira jam papat soré.)

40Murid loro sing padha krungu pangandikané Nabi Yohanes lan wis bebarengan karo Gusti Yésus niliki dalemé mau, sing siji jenengé Andréas, seduluré Simon Pétrus.

41Andréas nuli énggal-énggal nemoni Simon, kandhané: "Aku wis padha ketemu karo Sang Mèsias! Juru Slamet sing dijanjèkaké déning Gusti Allah."

42Andréas nuli ngeteraké Simon sowan Gusti Yésus. Sawisé mirsani Simon, Gusti Yésus nuli ngandika: "Kowé Simon, anaké Yohanes. Kowé bakal disebut ‘Kéfas’."

43Ésukè Gusti Yésus ngersakaké tindak menyang tanah Galiléa. Ana ing kana ketemu karo Filipus. Pangandikané Gusti Yésus marang Filipus: "Mèlua Aku."

44(Filipus asalé saka kutha Bètsaida, yakuwi kutha asalé Andréas lan Pétrus.)

45Sawisé kuwi Filipus nuli nggolèki Natanaèl, Filipus kandha karo Natanaèl: "Aku wis ketemu karo wong sing disebut déning Nabi Musa ing Kitab Torèt, sing uga disebut déning para nabi ana ing Kitabé Para Nabi. Wong kuwi jenengé Yésus, anaké Yusuf, wong Nasarèt."

46Nanging Natanaèl mangsuli: "Saka Nasarèt apa ana barang sing becik?" Wangsulané Filipus: "Wis ta, delengen dhéwé."

47Gusti Yésus pirsa Natanaèl sowan ing ngarsané, banjur ngandika: "Iki wong Israèl sejati, wong sing jujur!"

48Aturé Natanaèl: "Saking sinten Guru pirsa kawontenan kula?" Pangandikané Gusti Yésus: "Sadurungé Filipus ngajak kowé, yakuwi nalika kowé isih ana ing sangisoré wit anjir, Aku wis weruh kowé."

49Aturé Natanaèl: "Guru, Panjenengan menika Putraning Allah! Ratunipun bangsa Israèl!"

50Gusti Yésus ngandika: "Apa enggonmu precaya kuwi merga Aku kandha, yèn Aku wis weruh kowé nalika kowé isih ana ing sangisoré wit anjir? Kowé bakal ndeleng lelakon-lelakon sing luwih élok ketimbang iki."

51Gusti Yésus banjur ngandika marang para murid mau: "Ngandela! Kowé bakal padha weruh langit kabukak lan weruh para Malaékaté Pangéran padha munggah-mudhun sowan marang Putrané Manungsa."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yohanes 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel