Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 18 >> 

1Sawisé Gusti Yésus ndedonga mengkono mau, Panjenengané nuli tindak menyang sabrangé Kali Kidron, kadhèrèkaké déning para sekabaté. Ing kono ana petamanan, sing nuli dilebeti déning Gusti Yésus lan para sekabaté.

2Déné Yudas, sing arep ngulungaké Panjenengané, ngerti panggonan kono, sebab Gusti Yésus kerep tindak mrono karo para sekabaté.

3Yudas nuli mrono, nggawa prejurit lan wong sing jaga Pedalemané Allah, didhawuhi déning para pengareping imam lan wong-wong Farisi. Wong-wong mau padha nggawa gaman, lampu ting lan obor.

4Gusti Yésus pirsa kabèh apa sing bakal kelakon tumrap sarirané. Mulané banjur nyedhaki wong-wong mau karo ndangu: "Kowé padha nggolèki sapa?"

5Wangsulané wong-wong mau: "Yésus, wong Nasarèt." Pangandikané Gusti Yésus: "Ya Aku iki wongé." Yudas, sing ngulungaké Gusti Yésus kuwi uga ngadeg ana ing kono bebarengan karo wong-wong mau.

6Nalika Gusti Yésus ngandika: "Ya Aku iki wongé," wong-wong mau nuli padha mundur kabèh lan tiba ana ing lemah.

7Gusti Yésus nuli ngambali ndangu: "Kowé nggolèki sapa?" Wangsulané wong-wong mau: "Yésus wong Nasarèt."

8Pangandikané Gusti Yésus: "Aku wis kandha, Aku iki wongé. Lan menawa sing kokgolèki kuwi Aku, wong-wong liyané iki karebèn padha lunga."

9(Srana ngandika mengkono kelakon apa sing wis dingandikakaké déning Gusti Yésus sadurungé, mengkéné: "Dhuh Rama, tiyang-tiyang ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula, mboten wonten setunggal kémawon ingkang ketriwal.")

10Simon Pétrus sing nalika semana nggawa pedhang, ngunus pedhangé, banjur disabetaké marang abdiné Imam Agung, nganti kupingé tengen wong mau perung. Jenengé abdi mau Malkus.

11Gusti Yésus nuli ngandika marang Pétrus: "Pedhangmu rangkakna menèh! Apa kokkira Aku ora gelem nandhang kasangsaran sing diparingaké déning Sang Rama marang Aku?"

12Para prejurit lan komandhané tuwin para wong sing jaga Pedalemané Allah nuli padha nyekel lan mbanda Gusti Yésus.

13Gusti Yésus diirid dhisik menyang dalemé Hanas, bapakné maratuwa Kayafas, sing dhèk semana dadi Imam Agung.

14Lan Kayafas kuwi sing wis mènèhi pamrayoga marang wong-wong Yahudi, yèn luwih becik menawa wong siji waé sing mati, kanggo sabangsa kabèh.

15Simon Pétrus lan sekabat siji liyané, padha ngetutaké Gusti Yésus. Sekabat liyané mau kenalané Imam Agung, dadi bisa terus mlebu ing pekarangané Imam Agung, bebarengan karo Gusti Yésus,

16nanging Pétrus ngentèni ana ing njaban régol. Sekabat kenalané Imam Agung mau nuli metu lan nembung karo wong wadon sing jaga lawang, banjur mlebu menèh karo ngajak Pétrus.

17Abdi wadon sing jaga lawang mau takon karo Pétrus: "É, é, napa sampéyan sanès tunggilé tiyang-tiyang sing ndhèrèk tiyang niku?" Wangsulané Pétrus: "Sanès."

18Nalika semana lagi mangsa bedhidhing. Mulané para abdi lan para wong sing jaga padha gawé bedhiyang lan padha ngadeg gegeni sakubengé bedhiyang mau. Pétrus uga ngadeg ana ing kono mèlu gegeni.

19Ing kono Imam Agung nuli wiwit ndangu marang Gusti Yésus bab para sekabaté lan bab piwulangé.

20Gusti Yésus ngandika: "Kula selaminipun mucal wonten ing ngajengipun tiyang kathah ing sinagogé-sinagogé lan ing Pedalemanipun Allah, ing panggènan ingkang limrahipun kanggé kempalan tiyang-tiyang Yahudi. Mboten naté kula mucal sesidheman.

21Kénging menapa Panjenengan ndangu dhateng Kula? Mbok ndangu kémawon dhateng tiyang-tiyang ingkang sampun sami mirengaken enggèn Kula mucal? Panjenengan ndangu tiyang-tiyang menika menapa ingkang Kula wucalaken. Tiyang-tiyang menika sampun sami mangertos!"

22Nalika Gusti Yésus ngandika mengkono, ana salah sawijining wong jaga ing sacedhaké kono napuk Gusti Yésus karo muni: "Kokkaya ngono wangsulanmu marang Imam Agung!"

23Pangandikané Gusti Yésus: "Yèn atur-Ku iki salah, kandhakna endi sing salah! Nanging yèn kandha-Ku bener, apa sebabé kowé napuk Aku?"

24Hanas banjur akon nggawa Gusti Yésus menyang panggonané Imam Agung Kayafas. Astané Gusti Yésus dibanda.

25Simon Pétrus isih ngadeg ana ing kono gegeni. Wong-wong ing sacedhaké padha takon marang Pétrus: "Kowé rak ya muridé Wong kuwi ta?" Nanging Pétrus sélak, karo muni: "Dudu!"

26Salah sijiné abdiné Imam Agung, yakuwi seduluré wong sing kupingé kaperung déning Pétrus, kandha: "Aku weruh kowé bebarengan karo Wong kuwi ana ing petamanan, rak iya ta?"

27Pétrus banjur muni menèh: "Ora." Ing wektu kuwi nuli ana jago kluruk.

28Sawisé kuwi Gusti Yésus banjur diirid saka omahé Kayafas menyang dalemé gubernur. Nalika semana isih ésuk banget. Wong Yahudi dhéwé padha ora mlebu ing dalem gubernuran, supaya (miturut prenatané agama) ora dadi najis, sebab arep padha ngriayakaké Paskah.

29Mulané Gubernur Pilatus metu nemoni wong-wong mau, sarta ngandika: "Wong kuwi salahé apa?"

30Wong-wong mau padha mangsuli: "Menawi mboten lepat, mboten badhé kula sowanaken mriki!"

31Gubernur Pilatus nuli ngandika menèh: "Priksanen dhéwé lan putusana dhéwé, apa ukumané miturut prenatané agamamu!" Nanging wong-wong Yahudi mau padha matur: "Kula mboten wenang ndhawahaken ukuman pejah."

32(Kuwi kabèh supaya kelakona apa sing wis dingandikakaké déning Gusti Yésus bab sédané.)

33Gubernur Pilatus nuli mlebu menèh ing dalem gubernuran lan nimbali Gusti Yésus. Gubernur Pilatus banjur ndangu: "Apa kowé kuwi ratuné wong Yahudi?"

34Pangandikané Gusti Yésus: "Menapa pitakènan menika saking panjenengan piyambak, menapa wonten tiyang sanès ingkang ngaturi pirsa dhateng panjenengan?"

35Gubernur Pilatus mangsuli: "Apa rumangsamu aku iki wong Yahudi? Bangsamu dhéwé lan para pengareping imam kuwi sing ngladèkaké kowé marang aku. Apa penggawému koknganti dicekel?"

36Pangandikané Gusti Yésus: "Kraton Kula mboten saking donya. Menawi Kraton Kula saking donya menika, tiyang-tiyang Kula temtunipun sampun nglawan perang, supados Kula sampun ngantos dhawah ing tanganipun tiyang Yahudi. Pancèn Kraton Kula mboten saking donya ngriki!"

37Gubernur Pilatus banjur ndangu menèh: "Yèn mengkono apa kowé kuwi ratu temenan?" Pangandikané Gusti Yésus: "Kados ingkang panjenengan ngandikakaken. Kula menika pancèn ratu! Prelunipun Kula lair wonten ing donya menika namung setunggal, inggih menika: neksèni bab kayektosanipun Allah. Sok tiyanga ingkang pitados dhateng kayektosan menika, mesthi mirengaken lan nggatosaken dhateng Kula."

38(18-38a) Gubernur Pilatus nuli takon: "Kayektèn kuwi apa?" (18-38b) Gubernur Pilatus banjur metu menèh nemoni wong-wong Yahudi lan ngandika marang wong-wong mau: "Aku ora weruh kaluputané Wong iki!

39Nanging manut padatan, pendhak Riaya Paskah aku ngluwari wong ukuman siji. Apa kowé setuju yèn aku ngluwari ratuning wong Yahudi kuwi?"

40Wong-wong akèh mau padha mbengok: "Mboten! Sampun ngantos dipun luwari Tiyang menika! Kula nyuwun luwaripun Barabas kémawon!" (Barabas kuwi bégal.)


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yohanes 18 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel