Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 2 >> 

1Let rong dina, ing kutha Kana, tanah Galiléa, ana wong duwé gawé. Ibuné Gusti Yésus jagong mrono.

2Semono uga Gusti Yésus lan para muridé padha diulemi.

3Bareng angguré entèk kabèh, ibuné Gusti Yésus nuli ngandika marang Panjenengané: "Padha kentèkan anggur."

4Gusti Yésus ngandika: "Ibu, sampun ndhawuhi kula nindakaken menapa-menapa, jalaran samenika dèrèng dumugi wekdalipun."

5Ibuné Gusti Yésus mau nuli ngandika marang para peladèn: "Apa sing didhawuhaké Yésus marang kowé, padha lakonana!"

6Ing kono ana genthong wadhah banyu enem, sing disedhiyakaké kanggo sesuci, manut prenatané agama Yahudi. Saben genthong mau bisa amot wolung puluh tekan satus liter.

7Gusti Yésus ndhawuhi marang para peladèn: "Genthong-genthong kuwi padha isènana banyu." Para peladèn nuli ngisèni genthong-genthong mau nganti kebak.

8Sawisé kuwi Gusti Yésus ngandika: "Saiki nyidhuka banyu kuwi sethithik lan aturna marang pemimpining pésta!" Peladèn mau banjur nindakaké apa sadhawuhé.

9Pemimpining pésta banjur ngicipi banyu mau, sing saiki wis malih dadi anggur. (Pemimpining pésta ora ngerti saka endi asalé anggur mau, awit mung para peladèn sing padha ngisèkaké banyu ana ing genthong-genthong kuwi waé sing padha ngerti.) Pemimpining pésta nuli ngaturi pirsa marang pengantèn lanang,

10banjur matur: "Limrahipun ingkang dipun ladosaken rumiyin menika anggur ingkang éca, lan menawi para tamu sampun ngunjuk radi kathah, lajeng saweg anggur ingkang limrah. Nanging menapa sebabipun anggur ingkang saé kokpanjenengan simpen lan saweg kaladosaken samenika?"

11Iki mujijat sing kawitan, sing ditindakaké Gusti Yésus, kelakoné ana ing kutha Kana, tanah Galiléa. Srana mujijat mau Gusti Yésus ngetingalaké kamulyané; mulané para murid nuli padha precaya marang Panjenengané.

12Sakonduré saka ing kono, Gusti Yésus, ibuné, lan sedulur-seduluré, banjur tindak menyang Kapèrnaum sarta nginep ana ing kono sawetara dina.

13Bareng wis nyedhaki Riaya Paskahé wong Yahudi, Gusti Yésus nuli tindak menyang kutha Yérusalèm.

14Ana ing Pedalemané Allah, Gusti Yésus mirsa ana wong lagi dol-tinuku sapi, wedhus lan manuk dara; uga mirsa tukang ngijoli dhuwit, padha lungguh ana ing kono.

15Gusti Yésus banjur damel pecut saka tali, nuli nggusah kéwan-kéwan mau, dalasan wedhus-wedhus lan sapi-sapi. Méja-méja panggonané wong padha ngijolaké dhuwit digulingaké, nganti dhuwit-dhuwité mawut tekan ngendi-endi.

16Gusti Yésus nuli ndhawuhi marang wong sing padha adol manuk dara: "Manuk-manuk kuwi padha singkirna kabèh saka kéné. Pedalemané Rama-Ku aja padha kokenggo dodolan!"

17Para sekabaté Gusti Yésus banjur padha kèlingan ayat ing Kitab Suci sing surasané: "Katresnan Kawula dhateng Pedaleman Paduka menika kados latu ingkang ngalad-alad!"

18Para pengareping wong Yahudi padha madoni Gusti Yésus karo muni: "Cobi, kula aturi damel mujijat, ingkang mbuktèkaken, bilih Panjenengan wenang nindakaken ingkang kados mekaten menika!"

19Pangandikané Gusti Yésus: "Pedalemané Allah iki bungkaren, mengko sajroné telung dina bakal Dakadegaké menèh."

20Aturé wong-wong mau: "Laminipun mbangun Pedalemanipun Allah menika ngantos kawan dasa nem taun, lhakok Panjenengan badhé ngedegaken salebetipun tigang dinten?"

21Nanging Pedalemané Allah sing dikersakaké déning Gusti Yésus kuwi sarirané piyambak.

22Mula nalika Gusti Yésus wungu saka ing séda para sekabaté padha kèlingan yèn Panjenengané naté ngandika mengkono. Para sekabat nuli padha precaya marang surasané Kitab-kitab, lan marang apa sing dipangandikakaké déning Gusti Yésus.

23Nalika Gusti Yésus ana ing kutha Yérusalèm, sajroné Riaya Paskah, akèh wong sing padha precaya marang Panjenengané awit saka mujijat-mujijat sing ditindakaké.

24Nanging Gusti Yésus piyambak ora maèlu marang precayané wong-wong mau, sebab Panjenengané pirsa atiné siji-sijiné wong.

25Ora susah diaturi pirsa bab kaanané siji-sijiné wong mau, awit Panjenengané pirsa apa sing ana sajroning atiné manungsa.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yohanes 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel