Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 21 >> 

1Sawisé kuwi Gusti Yésus ngetingal menèh marang para sekabaté ing sapinggiré Tlaga Tibérias. Critané mengkéné:

2Ing sawijining dina Simon Pétrus lan Tomas, sing karan Didimus, Natanaèl sing asalé saka désa Kana, ing tanah Galiléa, anak-anaké Zébedéus, lan sekabat loro liyané, lagi padha nglumpuk.

3Simon Pétrus nuli kandha marang kanca-kanca liyané mau: "Aku arep njala!" "Aku mèlu," kandhané para sekabat-sekabat liyané marang Pétrus. Para sekabat mau nuli padha lunga, nunggang prau menyang tengah tlaga. Nanging sawengi muput para sekabat mau ora olèh iwak siji-sijia.

4Bareng srengéngéné mlethèk, Gusti Yésus rawuh, jumeneng ana ing gisik, nanging para sekabat ora padha ngerti yèn sing jumeneng kuwi Gusti Yésus.

5Gusti Yésus nuli ngandika: "Bocah-bocah, apa kowé padha duwé iwak kanggo lawuh?" Wangsulané para sekabat: "Mboten!"

6Gusti Yésus nuli ngandika: "Jalamu tibakna ing satengené prau, mengko kowé rak olèh iwak." Para sekabat nuli nibakaké jalané ana ing sisih tengené prau. Jala mau banjur ora kena digèrèd, jalaran saka akèhé iwak.

7Sekabat sing dikasihi déning Gusti Yésus banjur ngandhani Pétrus: "Kuwi Gusti!" Bareng Pétrus krungu yèn wong kuwi Gusti Yésus, Pétrus énggal-énggal nganggo jubahé menèh (sebab Pétrus ngliga), banjur nggebyur ing banyu.

8Para sekabat liyané padha nusul nganggo prau menyang gisik, karo nggèrèd jalané sing kebak iwak mau. Prau mau ora adoh saka dharatan, kira-kira mung wetara satus mèter.

9Bareng padha mudhun saka prau, para sekabat weruh ing kono ana mawa, lan ana iwak tumumpang ing ndhuwuré; kejaba kuwi uga ana roti.

10Gusti Yésus nuli ngandika: "Nggawaa iwak sawetara olèhmu njala mau!"

11Simon Pétrus nuli marani prauné lan nggèrèd jalané menyang dharatan. Jala kuwi kebak iwak gedhé-gedhé. Kabèh cacahé ana satus sèket telu iji; senajan iwaké semono akèhé, jalané ora bedhah.

12Gusti Yésus ngandika marang para sekabat: "Mrénéa padha sarapan." Para sekabat mau siji waé ora ana sing wani takon: "Panjenengan menika sinten?" Sebab padha ngerti yèn kuwi Gusti Yésus.

13Gusti Yésus banjur mundhut roti mau, lan diparingaké marang para sekabat, semono uga iwaké.

14Kuwi wis ping teluné enggoné Gusti Yésus ngetingal marang para sekabat, sawisé wungu saka ing séda.

15Sawisé padha sarapan, Gusti Yésus nuli ndangu marang Simon Pétrus: "Simon, anaké Yohanes, apa katresnanmu marang Aku ngungkuli katresnanmu marang wong-wong iki?" Wangsulané Pétrus: "Inggih Gusti, Gusti pirsa kawula tresna dhateng Panjenengan." Pangandikané Gusti Yésus: "Cempé-cempé-Ku padha engonen!"

16Gusti Yésus ndangu sing kaping pindhoné: "Simon, anaké Yohanes, apa kowé tresna karo Aku?" Wangsulané Pétrus: "Inggih Gusti, Panjenengan pirsa bilih kawula tresna dhateng Panjenengan." Dhawuhé Gusti Yésus: "Wedhus-wedhus-Ku padha engonen!"

17Gusti Yésus ndangu menèh marang Pétrus sing ping teluné: "Simon, anaké Yohanes, apa kowé tresna karo Aku?" Pétrus dadi sedhih, sebab Gusti Yésus ndangu dhèwèké nganti ping telu: "Apa kowé tresna karo Aku?" Pétrus banjur matur menèh: "Gusti, Panjenengan pirsa samukawis. Gusti inggih pirsa, bilih kawula tresna dhateng Panjenengan." Gusti Yésus nuli ngandika: "Wedhus-wedhus-Ku padha engonen!"

18Kowé Dakkandhani ing satemené: "Nalika kowé isih enom, kowé nganggo klambi dhéwé, lan lunga menyang endi waé sing kokkarepaké. Nanging samangsa wis tuwa, kowé bakal ngulungaké tanganmu, lan wong liya sing bakal nglambèni kowé, lan nuntun kowé menyang panggonan sing ora kokkarepaké."

19(Pangandikané Gusti Yésus sing mengkono mau nedahaké bab enggoné Pétrus mbésuk bakal mati kagem kaluhurané Gusti Allah.) Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli ngandika marang Pétrus: "Mèlua Aku."

20Bareng Pétrus nolèh, weruh sekabat sing dikasihi déning Gusti Yésus, uga mèlu. (Kuwi sekabat sing linggih jèjèr karo Gusti Yésus nalika dhahar, lan nyuwun pirsa marang Gusti Yésus: "Gusti, sinten ingkang badhé ngulungaken Panjenengan?")

21Bareng Pétrus weruh sekabat sing mèlu mau, Pétrus nuli matur marang Gusti Yésus: "Gusti, kadospundi menggah tiyang menika?"

22Pangandikané Gusti Yésus: "Saupama Dakkersakaké supaya wong kuwi urip nganti sateka-Ku, kuwi rak dudu prekaramu. Nanging kowé, mèlua Aku!"

23Mulané nuli dikabaraké ana ing kalangané para sekabaté Gusti Yésus, yèn sekabat kuwi mau ora bakal ngalami mati. Nanging satemené Gusti Yésus ora ngandika mengkono; pangandikané satemené: "Saupama Dakkersakaké supaya wong kuwi tetep urip nganti sateka-Ku, kuwi rak dudu prekaramu!"

24Iya sekabat sing ngetutaké Pétrus lan Gusti Yésus mau sing neksèni lan wis nulis bab iki kabèh. Lan kita padha weruh yèn paseksiné kuwi nyata.

25Isih akèh menèh prekara-prekara sing ditindakaké déning Gusti Yésus. Saupama kabèh mau ditulis siji-siji, dakkira jagad iki ora amot kanggo madhahi buku-buku sing ditulis mau.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yohanes 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel