Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 3 >> 

1Ana wong Farisi, pemimpining agama Yahudi, jenengé Nikodémus.

2Ing wayah bengi Nikodémus mau sowan Gusti Yésus, lan nyuwun pirsa: "Guru, kawula sami sumerep, bilih Panjenengan menika Guru, ingkang kautus déning Gusti Allah. Awit mboten wonten tiyang ingkang saged damel mujijat-mujijat kados ingkang Panjenengan tindakaken, menawi Gusti Allah mboten nunggil kaliyan tiyang wau."

3Gusti Yésus nuli ngandika: "Élinga! Ora ana wong sing bisa ngrasakaké Kratoné Gusti Allah, yèn wong mau ora kalairaké menèh."

4Aturé Nikodémus: "Kadospundi? Tiyang sampun diwasa rak mboten saged lair malih? Tiyang wau rak mboten saged mlebet ing wetenganing ibunipun, lajeng dipun lairaken malih?"

5Pangandikané Gusti Yésus: "Menawa wong ora dilairaké saka banyu lan saka Rohé Allah, wong mokal bisané ngalami Kratoné Gusti Allah.

6Sing lair saka wong tuwa kita ana ing donya, kuwi badan wadhag, nanging badan rohani kita lairé saka Gusti Allah ing swarga.

7Aja gumun yèn Aku kandha: ‘Kowé kabèh kudu kalairaké menèh.’

8Lakuné angin kuwi manut sakarepé dhéwé; kita krungu swarané, nanging ora weruh sangkan parané. Semono uga kaanané wong sing dilairaké menèh déning Rohé Allah."

9Aturé Nikodémus: "Prekawis menika sagedipun kelampahan kadospundi?"

10Pangandikané Gusti Yésus: "Kowé kuwi guru sing misuwur ana ing tanah Israèl, lah kokora ngerti prekara sing mengkono?

11Ngandela, Aku mung ngandhakaké prekara-prekara sing Dakngertèni, lan Aku nerangaké prekara-prekara sing wis Dakweruhi; nanging kowé padha ora gelem precaya marang Aku.

12Yèn Aku nyritakaké sing ana ing jagad iki waé kowé wis ora precaya, kepriyé bisamu precaya marang Aku, yèn Aku nyritakaké marang kowé prekara-prekara sing ana ing swarga?

13Ora ana wong siji waé sing tau munggah swarga, nanging saka swarga wis ana sing mudhun menyang bumi, yakuwi Putrané Manungsa.

14Nalika ana ing ara-ara samun Nabi Musa manjer ula tembaga ana ing kayu, iya kaya mengkono Putrané Manungsa bakal dipanjer ana ing kayu,

15supaya saben wong sing precaya marang Panjenengané ngalami urip sing sejati.

16Awit saka gedhéning sih-katresnané Gusti Allah marang jagad, nganti Panjenengané ngurbanaké Putrané ontang-anting, supaya saben wong sing precaya marang Sang Putra mau ora nemu karusakan, nanging ngalamana urip langgeng.

17Mulané enggoné Gusti Allah ngutus Putrané rawuh ing jagad kuwi ora supaya dadi Hakim, nanging supaya dadi Juru Slameté jagad mau.

18Sing sapa precaya marang Sang Putra ora bakal diukum. Nanging sing sapa ora precaya, kuwi wis diukum, awit wong kuwi ora precaya marang Putra ontang-antingé Gusti Allah mau.

19Déné sebabé mengkéné: pepadhang wis ana ing jagad, nanging manungsa luwih seneng karo pepeteng, ketimbang karo pepadhang, awit penggawé-penggawéné ala.

20Saben wong sing nglakoni piala, sengit karo pepadhang; wong mau ora gelem marani pepadhang, supaya penggawéné sing ala mau aja nganti konangan.

21Nanging sing sapa mbangun-turut marang kersané Allah, wong kuwi malah marani pepadhang, supaya cetha yèn apa sing dilakoni mau manut kersané Allah."

22Sawisé kuwi Gusti Yésus lan para sekabaté padha menyang tanah Galiléa. Ana ing kana nganti sawetara dina, sarta mbaptisi wong-wong sing padha mratobat.

23(3:23-24) Nalika semono Nabi Yohanes durung dilebokaké ing pakunjaran. Panjenengané mbaptis wong-wong ana ing désa Ainon, ora adoh saka kutha Salim, sebab ing kana akèh banyu. Wong-wong mau padha marani panjenengané, nuli padha dibaptisi.

24(3:23)

25Nalika semana ana sawetara muridé Nabi Yohanes Pembaptis padha bebantahan karo wong Yahudi bab Prenatan sesuci.

26Para muridé Nabi Yohanes Pembaptis mau padha matur: "Guru, menapa Panjenengan kèngetan dhateng tiyang ing sabranging Lèpèn Yardèn, ingkang Panjenengan tedahaken dhateng kula kala semanten? Tiyang menika ugi mbaptisi, lan tiyang sedaya sami mrika, murugi tiyang wau!"

27Nanging Nabi Yohanes mangsuli: "Ora ana wong sing duwé apa-apa, yèn ora kaparingaké déning Gusti Allah marang dhèwèké.

28Kowé dhéwé wis padha krungu tembungku: aku iki dudu Sang Kristus. Mung kadhawuhan ndhisiki tindaké.

29Pengantèn wadon kuwi duwèké pengantèn lanang. Kancané pengantèn lanang mung ngadeg, ngancani lan ngrungokaké; wong mau wis seneng yèn krungu swarané pengantèn lanang. Kaya mengkono uga aku. Saiki aku seneng banget.

30Wis samesthiné yèn Panjenengané saya mundhak, lan aku saya suda."

31"Sing rawuh saka ing ngaluhur kuwi ngungkuli sekabèhé. Sing asalé saka jagad iki kegolong wong-wong jagad lan sing diomongaké ya prekara-prekara sing magepokan karo jagad. Panjenengané sing pinangkané saka ing ngaluhur, kuwi ngungkuli sekabèhé.

32Panjenengané ngandikakaké apa sing wis dipirsani lan wis dipirengaké, nanging ora ana wong siji waé sing precaya marang pawartané.

33Wong sing padha precaya marang pangandikané, padha ngakoni yèn Gusti Allah kuwi bener.

34Wong sing diutus déning Gusti Allah kuwi nggawa pawarta saka Gusti Allah, sebab Gusti Allah wis maringaké Rohé marang utusané mau tanpa wangenan.

35Sang Rama ngasihi marang Sang Putra lan wis masrahaké samubarang kabèh marang Sang Putra.

36Wong sing precaya marang Sang Putra ngalami urip sejati. Nanging wong sing ora precaya marang Sang Putra ora bakal ngalami urip sejati, lan bebenduné Gusti Allah tetep nempuh marang wong mau."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yohanes 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel