Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 7 >> 

1Sawisé mengkono, Gusti Yésus nuli tindak mider-mider ing tanah Galiléa. Panjenengané ora kersa tindak menyang tanah Yudéa, sebab para penggedhéné bangsa Yahudi ing kana padha ngarah arep nyédani Panjenengané.

2Nalika semana ngarepaké riayané wong Yahudi, sing disebut Riaya Tarub Godhong.

3Mulané para sedhèrèké Gusti Yésus padha matur: "Beciké kowé menyang tanah Yudéa, supaya para murid-Mu ing kana uga ndeleng penggawé-Mu.

4Wong sing kepéngin misuwur kuwi penggawéné ora diumpetaké. Apa sing saiki koktindakaké kuwi beciké diweruhi déning wong sajagad."

5(Sebab para sedhèrèké Gusti Yésus piyambak padha ora precaya marang Panjenengané.)

6Pangandikané Gusti Yésus: "Kanggoné Aku, iki durung wektuné, béda karo kowé. Kowé bisa lunga sawayah-wayah,

7sebab jagad ora sengit karo kowé. Nanging karo Aku, jagad kuwi sengit banget. Sebab Aku selawasé kandha marang jagad, yèn penggawéné ala.

8Padha mangkata dhéwé nekani riaya kuwi. Aku ora arep mrana, jalaran iki durung wektu-Ku."

9Mengkono pangandikané Gusti Yésus marang para sedhèrèké. Panjenengané kantun ana ing tanah Galiléa.

10Bareng para sedhèrèké wis padha mangkat nekani Riaya Tarub Godhong ing kutha Yérusalèm, Gusti Yésus kantun piyambakan, tanpa ana wong sing ngerti.

11Ana ing riaya kono para penggedhéné wong Yahudi padha nggolèki Panjenengané, karo takon-takon: "Endi sing jenengé Yésus?"

12Ing antarané wong akèh sing padha ngumpul ing pahargyan mau ana sing padha rerasanan bab Gusti Yésus. Ana sing kandha: "Panjenengané kuwi wong sing becik," ana sing kandha: "Ora! Wong kuwi tukang ngapusi."

13Nanging ora ana siji waé sing wani muni ngeblakakaké bab Panjenengané, awit padha wedi marang para penggedhéné wong Yahudi.

14Bareng wis nengah-nengahi riaya, Gusti Yésus mlebet ing Pedalemané Allah, banjur memulang.

15Para penggedhéné wong Yahudi padha gumun, lan muni: "Wong kuwi olèhé kawruh semono kuwi saka ngendi, mangka ora tau sekolah?"

16Gusti Yésus ngandika: "Piwulang sing Dakwulangaké iki dudu piwulang-Ku dhéwé, nanging piwulangé Allah sing ngutus Aku.

17Wong sing ngèstokaké dhawuhé Allah, ngerti apa piwulang-Ku iki asalé saka Gusti Allah, apa saka karep-Ku dhéwé.

18Wong sing memulang manut karepé dhéwé, kuwi mung golèk alem lan pakurmatan kanggo awaké dhéwé. Nanging wong sing ngupaya kaluhurané Allah, sing ngutus wong mau, kuwi piwulangé jujur, lan ora nasaraké.

19Nabi Musa rak wis maringaké dhawuh-dhawuhé Allah marang kowé? Nanging siji waé ora ana sing nglakoni dhawuh-dhawuh mau. Apa sebabé kowé padha arep matèni Aku?"

20Wong akèh mau padha mangsuli: "Panjenengan menika mboten saras! Sinten ingkang badhé nyédani Panjenengan?"

21Gusti Yésus ngandika: "Aku mung lagi nindakaké prekara siji sing ora lumrah, kowé wis padha gumun kabèh.

22Nabi Musa wis gawé prenatan kanggo kowé, supaya kowé padha netaki anak-anakmu. Lan merga saka kuwi kowé padha gelem netaki wong, senajan ana ing dina Sabbat. (Mangka satemené dudu Musa sing sekawit netaki wong, nanging para leluhur kita sadurungé Nabi Musa.)

23Yèn kowé padha netaki wong ing dina Sabbat, mung supaya aja nerak angger-anggeré Nabi Musa, apa sebabé kowé padha panas atimu, merga Aku marasaké badan sekojur ing dina Sabbat?

24Aja padha ngukumi wong manut apa sing katon waé, nanging padha ngukumana kanthi adil lan bener."

25Sawisé kuwi ana wong sawetara saka kutha Yérusalèm padha muni: "Rak iki wongé sing digolèki arep dipatèni?

26Nanging, coba delengen! Wong kuwi kokmemulang ana ing ngarepé umum, tanpa ana sing ngganggu, lan ora ana wong siji waé sing ngaruh-aruhi? Apa para penggedhé kita saiki wis precaya, yèn Wong iki Sang Kristus?

27Jaréné yèn Sang Kristus rawuh, wong padha ora ngerti asalé saka ngendi; mangka tumrap wong iki, kita padha ngerti saka ngendi asalé."

28Nalika Gusti Yésus memulang ana ing Pedalemané Allah, Panjenengané ngandika klawan swara sora: "Apa kowé padha ngerti temenan sapa Aku iki? Lan saka ngendi asal-Ku? Teka-Ku ora saka karep-Ku dhéwé. Panjenengané sing ngutus Aku kuwi ora goroh, nanging kowé padha ora wanuh karo Panjenengané.

29Aku kang wanuh marang Panjenengané, lan iya Panjenengané kuwi sing ngutus Aku mréné."

30Wong-wong mau padha kepéngin nyekel Gusti Yésus, nanging ora ana sing wani, sebab durung tekan mangsané.

31Kejaba saka kuwi ing antarané wong akèh mau, uga ora sethithik cacahé sing precaya marang Panjenengané. Wong-wong sing precaya mau padha muni: "Saupama Sang Kristus sing dijanjèkaké déning Gusti Allah kuwi rawuh, apa Panjenengané iya bakal nindakaké mujijat luwih akèh ketimbang karo sing ditindakaké déning Wong iki?"

32Para wong Farisi padha krungu enggoné wong akèh padha rerasanan bab Gusti Yésus, mulané bebarengan karo para pengareping imam, banjur kongkonan para wong sing jaga Pedalemané Allah sawetara, supaya nyekel Panjenengané.

33Pangandikané Gusti Yésus: "Enggon-Ku awor karo kowé mung kari sedhéla. Sawisé kuwi Aku bakal bali sowan Panjenengané sing ngutus Aku.

34Kowé bakal padha nggolèki Aku, nanging ora bakal bisa nemokaké, sebab kowé ora bisa nekani papan sing Dakenggoni."

35Para penggedhéné wong Yahudi nuli padha takon-tinakon: "Wong iki arep lunga menyang ngendi, kokkita nganti ora bisa nemokaké? Apa arep lunga menyang panggonané wong-wong Yahudi, sing ana ing manca negara, ana ing antarané wong Yunani, lan memulang wong-wong kuwi?

36Apa karepé muni: ‘Kowé bakal nggolèki Aku, nanging ora bisa nemokaké?’ Lan menèh tembungé: ‘Kowé ora bisa tekan papan sing Dakenggoni.’"

37Dina pungkasaning riaya kuwi dina sing penting dhéwé. Ing dina mau Gusti Yésus jumeneng, banjur ngandika klawan sora: "Wong sing ngelak, padha mrénéa supaya Dakwènèhi ngombé.

38Ing Kitab Suci ana tulisan mengkéné: ‘Wong sing precaya marang Aku, ana ing njeroning atiné wong mau bakal mili banyu sing nguripaké.’"

39(Sing dingandikakaké déning Gusti Yésus kuwi bab Rohé Gusti Allah, sing bakal diparingaké marang wong sing padha precaya marang Panjenengané. Sebab nalika semana Sang Roh Suci durung diparingaké, merga Gusti Yésus durung sumengka menyang swarga.)

40Akèh wong sing padha ngrungokaké pangandikané Gusti Yésus mau. Ing antarané wong-wong mau ana sing muni: "Panjenengané kuwi mesthi Nabi."

41Nanging ana liyané menèh sing muni: "Panjenengané kuwi Sang Kristus." Nanging uga ana wong sing muni: "Ah, mosok, Sang Kristus koktekané saka tanah Galiléa?

42Ing Kitab Suci rak katulis, yèn Sang Kristus sing dijanjèkaké déning Gusti Allah kuwi asalé saka tedhaké Sang Prabu Dawud, lan miyosé ana ing Bètléhèm, yakuwi kutha kelairané Sang Prabu Dawud."

43Wusana wong-wong mau padha padu dhéwé prekara Gusti Yésus.

44Ana wong sing arep padha nyekel Gusti Yésus, nanging ora ana siji waé sing wani nggepok Panjenengané.

45Para wong sing jaga Pedalemané Allah wis didhawuhi nyekel Gusti Yésus, padha bali menèh nekani para pengareping imam lan wong-wong Farisi. Wong-wong mau padha ditakoni: "Apa sebabé Wongé ora kokgawa mréné?"

46Wangsulané: "Wah, dèrèng naté wonten tiyang ingkang micara kados Tiyang menika."

47Wangsulané wong-wong Farisi: "Lho, apa kowé wis padha katut karo Wong kuwi?

48Apa ana ing antarané para penggedhé Yahudi utawa wong Farisi sing precaya marang Wong mau?

49Kena ing laknat wong-wong gebleg sing padha ora ngerti marang dhawuhing Torèt."

50Ing antarané wong-wong Farisi mau ana sing tau nemoni Gusti Yésus ing wayah bengi, jenengé Nikodémus. Nikodémus mau nuli kandha karo wong-wong Farisi liya-liyané:

51"Manut prenataning agami, kita mboten kénging ngukum tiyang, sadèrèngipun prekawisipun dipun priksa, lan menawi kita dèrèng sumerep menapa ingkang katindakaken."

52"É, é, é," wangsulané para wong Farisi liyané, "Menapa panjenengan inggih klebet golonganipun tiyang Galiléa? Cobi panjenengan tliti saking Kitab Suci, rak mboten wonten Nabi ingkang asalipun saking tanah Galiléa?"

53Sawisé kuwi wong kabèh banjur padha mulih saka Pedalemané Allah ing kutha Yérusalèm.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yohanes 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel