Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yosua 12 >> 

1Daérah sawétané Kali Yardèn, saka Lebak Arnon munggah menyang Lebak Yardèn mengalor tekan Gunung Hèrmon, wis direbut lan dienggoni déning wong Israèl. Raja sing ditelukaké ana loro.

2Sing siji jenengé Sihon, raja Amori, manggon ing Hèsbon. Pangwasané raja mau nganti tekan separoné daérah Giléad, yakuwi saka Aroèr (pucuké Lebak Arnon) lan saka tengahé lebak mau tekan Kali Yabok, tapel watesé bangsa Amon;

3uga nyrambahi daérah sawétané Kali Yardèn, saka Tlaga Galiléa tekan Bèt-Yésimot (sawétané Segara Mati), terus tekan Gunung Pisga.

4Raja sijiné sing ditelukaké wong Israèl yakuwi Og, Raja Basan, sing manggon ing Astarot lan Édrèi. Og kuwi salah sawijining wong kekarèné bangsa Réfaim.

5Pangwasané tekan Gunung Hèrmon, Salkha, daérah Basan kabèh tekan daérah Gésur lan Maaka; uga tekan separoné daérah Giléad tekan daérah pangwasané Sihon, raja sing manggon ing Hèsbon.

6Raja loro mau ditelukaké Musa lan bangsa Israèl. Tanahé diwènèhaké marang taler Rubèn, Gad lan separoné taler Manasyè, dadi tanah pandumané.

7Raja-raja sing ditelukaké Yosua karo bangsa Israèl yakuwi raja-raja sing ana ing daérah sakuloné Kali Yardèn kabèh, wiwit saka Baal-Gad, ing Lebak Libanon terus mengidul tekan Gunung Buthak, sacedhaké Édom. Yosua ngedum-edum tanah mau, diwènèhaké taler-taler Israèl, dadi tanah pusakané.

8Wilayah mau tekan daérah pegunungan, sisih Kulon: daérah pèrèng-pèrèng; sisih Wétan: Lebak Yardèn lan pèrèng-pèrèngé gunungé; sisih Kidul: ara-ara samun. Tanah kuwi tilas panggonané bangsa-bangsa Hèt, Kenaan, Fèris, Hèwi lan Yébus.

9(12:9-24) Cacahé raja sing ditelukaké kabèh ana telung puluh siji, yakuwi raja-raja sing manggon ing kutha-kutha: Yérikho, Ai (cedhak Bètèl), Yérusalèm, Hébron, Yarmut, Lakis, Églon, Gèzèr, Debir, Gèdèr, Horma, Arad, Libna, Adulam, Makéda, Bètèl, Tapuah, Hèfèr, Afèk, Lassaron, Madon, Hazor, Simron-Meron, Akhsaf, Taanak, Megido, Kèdès, Yokneam (ing Karmèl), Dhor (ing pesisir), Goyim (ing Galiléa) lan Tirza.

10(12:9)

11(12:9)

12(12:9)

13(12:9)

14(12:9)

15(12:9)

16(12:9)

17(12:9)

18(12:9)

19(12:9)

20(12:9)

21(12:9)

22(12:9)

23(12:9)

24(12:9)


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yosua 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel