Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yudas 1 >> 

1Layang saka Yudas, abdiné Gusti Yésus Kristus, sarta seduluré Yakobus, tumekaa marang para sedulur, sing katimbalan lan dikasihi déning Allah Sang Rama, tuwin rineksa déning Gusti Yésus Kristus.

2Gusti Allah muga nglubèrana berkah, sih-rahmat lan tentrem-rahayu marang kowé kabèh.

3Para sedulur kang kinasih! Banget enggonku kepéngin nulis layang marang kowé bab keslametan sing wis padha kita alami. Mulané saiki aku kedereng nulis layang iki saprelu mituturi kowé, supaya padha tetepa setya enggonmu mbélani precayamu sing wis kaparingaké déning Gusti Allah marang para umaté, sepisan kanggo selawasé.

4Merga ana sawetara wong dudu Kristen nlusup ing satengahmu, yakuwi wong sing wis padha kapesthi bakal kaukum. Kuwi wong ora precaya sing mulangaké sih-rahmaté Gusti Allah kanggo pawadan ngumbar hawa-nepsu, sarta nyélaki marang Gusti Yésus Kristus, Gusti kita, sing jumeneng Pangwasa tunggal.

5Kowé wis padha ngerti bab kuwi mau kabèh. Éwasemono aku kepéngin ngélingaké kowé bab enggoné Gusti ngentasaké umat Israèl saka ing tanah Mesir, lan sebanjuré numpes wong-wong panunggalané sing padha ora precaya.

6Mengkono uga bab enggoné Gusti wis nahan para malaékat sing ora padha netepi wates-watesing wewenangé, nanging padha ninggal papan padunungané. Para malaékat mau selawasé padha diblenggu ana ing papan sing peteng ndhedhet nganti tekané pengadilan ing Dina sing nggegirisi.

7Padha kaya Sodom lan Gomora, tuwin kutha-kutha ing sakiwa-tengené sing padha laku jina lan ngumbar hawa-nepsu sing ora lumrah, kaya sing ditindakaké déning para malaékat mau. Wong-wong ing kutha kono padha kasiksa ing geni langgeng, minangka pepéling tumrap sakèhing manungsa.

8Mengkono uga wong-wong sing padha nlusup ing satengahmu padha ngimpi-impi nglakoni dosa sing njemberi marang awaké dhéwé. Wong-wong kuwi padha ngrèmèhaké pangwasané Allah sarta nyenyamah para malaékat mulya kang ana ing swarga.

9Mikhaèl dhéwé, penggedhéné para malaékat, ora tumindak mengkono. Nalika padu karo Iblis bab sapa sing wenang tumrap layoné Nabi Musa, Mikhaèl ora wani ndakwa Iblis nganggo tembung-tembung sing nyenyamah, mung muni: "Kowé ketamana dukaning Allah kang banget!"

10Mangka wong-wong iki padha nyenyamah marang kang ora disumurupi. Wong-wong kuwi kaya kéwan galak sing ora duwé budi, lan sing mung katuntun déning naluri. Nanging iya prekara-prekara sing disumurupi kuwi sing njalari karusakané.

11Cilaka banget wong-wong mau, sebab padha nulad lakuné Kain. Merga enggoné mburu opah, wong-wong kuwi padha nindakaké keluputan sing dilakoni déning Biléam. Wekasané wong-wong kuwi bakal padha tumpes, merga saka enggoné mbaléla kaya déné Korah.

12Samangsa padha mèlu mangan ana ing bujana-katresnanmu, wong-wong kuwi mung gawé camahing bujana mau. Awit wong-wong mau enggoné mangan ora duwé isin, mung mikir wetengé dhéwé. Wong-wong kuwi kaya méga tanpa banyu, sing kabur déning angin ora dadi udan. Kaya wit-witan sing ing mangsané ngundhuh ora metokaké woh, iya presasat wit-witan sing rungkad lan wis mati babar-pisan.

13Kaya ombak ing segara sing ngetokaké umpluking kanisthané dhéwé, yakuwi penggawéné rupa-rupa sing ngisin-isini. Kaya lintang-lintang sing nglembara, sing wis kacawisan papan déning Allah ana ing pepeteng lelimengan langgeng selawasé.

14Mungguh ing wong-wong mau, Hénokh, putra turunan kapitu saka bapak Adam, wis meca mengkéné: "Delengen, Gusti bakal rawuh kadhèrèkaké déning para malaékat kang suci, éwon cacahé.

15Panjenengané nedya ngadili wong kabèh, sarta matrapi paukuman marang sakèhing wong duraka merga saka pamblasaré, lan merga saka sakèhing tembung nistha sing diucapaké wong-wong mau marang Gusti Allah."

16Wong-wong kuwi tansah padha nggrundel lan sesambat. Uripé ngumbar hawa-nepsuné sing nistha. Seneng ngalem marang awaké dhéwé, sarta ngonggrong wong liya supaya olèh opah.

17Nanging para sedulur, padha élinga marang pangandika sing dhèk biyèn wis kawedharaké déning para rasulé Gusti Yésus Kristus.

18Kowé wis padha dingandikani: "Mbésuk ngarepaké jaman wekasan bakal muncul wong-wong sing padha moyoki marang kowé; yakuwi wong-wong sing uripé padha nuruti hawa-nepsuné daging."

19Wong-wong mau bakal gawé crah ing pasamuwan lan mung nuruti pepénginané dhéwé, merga wong-wong kuwi padha ora kadunungan Roh Suci.

20Nanging mungguh ing kowé para sedulur, padha mbanguna awakmu dhéwé adhedhasar imanmu sing murni, lan padha ndedongaa nganggo pangwasané Sang Roh Suci.

21Sajroné nganti-anti marang sih-rahmaté Yésus Kristus, Gusti kita, sing maringi urip langgeng, tansah padha lestaria ana ing sihé Gusti Allah.

22Wong sing atiné isih mangu-mangu padha welasana.

23Wong-wong kuwi padha entasna saka ing geni murih slameté. Welas-asihmu tandukna marang wong-wong liyané dikanthènana rasa wedi, nanging padha sengita karo sandhangané wong-wong sing dijemberaké déning pepénginan-pepénginaning daging.

24Gusti Allah sing kwasa rumeksaa marang kowé, supaya aja nganti tumiba ing dosa. Panjenengané iya kwasa nuntun kowé nganti kowé tekan ing ngarsané, klawan bungah lan tanpa cacad.

25Iya mung Gusti Allah piyambak kang jumeneng Juru Slamet kita lantaran Yésus Kristus, Gusti kita. Panjenengané kuwi Allah sing kagungan kamulyan, kasektèn lan pangwasa sadurungé jagad dumadi tekan sepréné nganti ing selawas-lawasé. Amin.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yudas 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel