Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yunus 1 >> 

1Ing sawijining dina Pangéran ngandika marang Yunus bin Amitai mengkéné,

2"Lungaa menyang Ninewé, kutha sing gedhé kuwi, lan ana ing kono ngramala. Aku pirsa gedhéning pialané kutha kuwi."

3Nanging Yunus ora menyang Ninewé, malah arep lunga menyang Spanyol, nyingkiri dhawuhé Pangéran. Yunus budhal menyang Yopé lan ana ing kono olèh prau sing arep mangkat menyang Spanyol. Bareng wis mbayar ongkosé banjur munggah ing prau, bebarengan karo para penumpang prau mau. Yunus adoh saka ngarsané Pangéran.

4Nanging Gusti Allah banjur nekakaké prahara ing segara. Saking gedhéné nganti prau mau kaancam déning bebaya.

5Para kelasi padha wedi banget lan sambat-sambat njaluk tulung marang déwa sesembahané dhéwé-dhéwé. Lan supaya ngurangi bebaya kèrem, wong-wong banjur padha mbuwangi momotané prau. Déné Nabi Yunus wis medhun ing péranganing prau sing ngisor dhéwé, banjur saré kepati.

6Nabi Yunus banjur diparani kaptèné prau, karo matur mengkéné, "Lho, kénging menapa panjenengan koksaré kémawon? Kula aturi wungu lan ndedonga dhateng allah panjenengan nyuwun pitulunganipun. Saged ugi tuwuh welasipun dhateng kita lan milujengaken gesang kita."

7Para kelasi padha rerasanan, "Ayo padha gawé undhi, supaya ngerti sapa sing sejatiné marakaké kita padha kaancam ing bebaya iki." Banjur padha gawé undhi lan undhi mau tiba Yunus.

8Mulané banjur matur marang Nabi Yunus, "Panjenengan kalepatan menapa? Panjenengan nglampahi menapa wonten ing ngriki? Panjenengan saking negari pundi lan bangsa menapa?"

9"Kula menika tiyang Ibrani," mengkono wangsulané Nabi Yunus. "Kula ngabekti dhateng Allah ingkang nitahaken langit, bumi lan seganten."

10Yunus nyritakaké enggoné mlayu saka ngarsané Pangéran. Para kelasi padha wedi banget, banjur matur marang Nabi Yunus mengkéné, "Tindak panjenengan menika lepat sanget!"

11Praharané saya suwé saya mundhak gedhé. Mulané para kelasi banjur matur marang Nabi Yunus, "Sekécanipun kadospundi, panjenengan kedah kula menapakaken, supados prahara menika sirep?"

12Wangsulané Nabi Yunus, "Prayoginipun kula sampéyan bucal dhateng seganten kémawon, mangké praharanipun badhé tumunten sirep. Sebab menika sedaya rak mergi saking lepat kula, temah sampéyan ngantos sami katempuh ing prahara kados mekaten."

13Para kelasi ngudi supaya prauné bisa ndharat, banjur padha ngetog karosan ndhayung prauné. Nanging praharané saya mundhak gedhé lan prauné kompal-kampul ora bisa maju utawa mundur.

14Mulané padha ndedonga karo nyuwara sora, "Dhuh Pangéran, kawula mugi sampun ngantos Paduka ukum pejah mergi saking nyawanipun tiyang menika, awit kedadosan menika sedaya pinangkanipun saking Paduka piyambak."

15Sawisé mengkono Nabi Yunus nuli dijunjung lan diuncalaké ing segara. Sanalika praharané banjur sirep.

16Merga saka kaanan mau wong kabèh padha wedi banget marang Pangéran, mula banjur padha nyaosaké kurban lan janji arep ngabekti marang Pangéran.

17Pangéran banjur nekakaké iwak gedhé; iwak mau nguntal Nabi Yunus. Nabi mau ana ing sajroning wetengé iwak kuwi lawasé telung dina telung bengi.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yunus 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel