Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Zakharia 13 >> 

1Pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa mengkéné, "Ing wektu kuwi bakal ana sumber kaparingaké marang turuné Dawud lan wong sing padha manggon ing Yérusalèm, kanggo ngumbah dosa lan najisé merga saka nyembah brahala.

2Ing wektu kuwi Aku bakal nyirnakaké jenengé sakèhé brahala saka negara kono, nganti wong-wong padha ora kèlingan menèh. Para wong sing ngaku-aku nabi bakal Dakbuwang saka kono, semono uga pepénginan nyembah brahala bakal Daksirnakaké."

3Nganti saupama ana wong sing meksa ngaku-aku nabi, bapak lan ibuné wong mau dhéwé bakal ngandhani wong mau, "Kowé kuwi aja urip waé, merga apa sing kokucapaké demi asmané Pangéran kuwi goroh!" Yèn wong mau medhar wangsit, bakal disuduk déning bapak lan ibuné dhéwé.

4Ing wektu kuwi wong sing ngaku-aku nabi bakal padha kwirangan samasa medhar wangsit, utawa nganggo jubah wungu kanggo ngapusi rakyat.

5Nanging bakal padha kandha mengkéné, "Aku iki dudu nabi, nanging wong tani, merga wiwit cilik aku wis ngolah lemah.

6Yèn ana wong sing takon, ‘Tilas tatu apa sing ana ing dhadhamu kuwi?’, banjur padha diwangsuli, ‘Enggonku olèh tatu iki ana ing omahé kancaku!’"

7Pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa mengkéné, "Hé pedhang, tangia, nyeranga abdi-Ku para pangon! Patènana pangoné, mula wedhusé bakal buyar. Umat-Ku bakal Dakgempur,

8lan rong prateloné penduduké negara bakal mati.

9Déné sing sapratelon kekarèné bakal Dakluluh kaya slaka ana ing geni supaya dadi murni. Enggon-Ku ngluluh carané kaya wong ngluluh emas. Sawisé mengkono wong-wong mau bakal padha ndedonga marang Aku, lan panyuwuné bakal Dakjurungi. Bakal Dakpangandikani, yèn wong kuwi umat kagungan-Ku, lan wong-wong mau bakal ngakoni yèn Aku jumeneng dadi Allahé."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Zakharia 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel