Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Zakharia 4 >> 

1Malaékat sing ngandikan karo aku mau rawuh menèh, banjur nggugah aku carané kaya nggugah wong turu.

2Pangandikané marang aku, "Kowé weruh apa?" Unjukku, "Dilah emas. Ing nginggil wonten wadhahipun lisah. Dilah menika wonten damaripun pitu, saben damar ing nginggilipun wonten torongipun pitu.

3Ing sisihipun dilah wau wonten witipun kurma kalih, setunggal ing sisih kiwa lan setunggalipun ing sisih tengen."

4Aku banjur munjuk nyuwun pirsa marang malaékat mau, "Menapa tegesipun menika sedaya?"

5Pendanguné marang aku, "Apa kowé ora ngerti?" Unjukku, "Mboten, kula mboten mangertos."

6Malaékat mau ngandika marang aku yèn Pangéran paring dhawuh marang Zérubabel mengkéné, "Kowé bakal menang, ora merga saka akèhé tentara utawa merga saka kekuwatanmu dhéwé, nanging merga saka Roh-Ku.

7Apa waé sing ngalang-alangi kowé senajan gedhéné sagunung pisan bakal sumingkir saka ngarepmu. Kowé bakal mbangun Pedaleman-Ku, lan mengko yèn kowé masang watu sing pungkasan, wong-wong bakal padha kandha, ‘Becik banget, wah apik temenan!’"

8Ana pangandikané Pangéran liyané menèh marang aku.

9Pangandikané, "Zérubabel wis masang pondhasiné Pedaleman-Ku, lan iya sing bakal ngrampungaké. Samasa kuwi kabèh wis kelakon, wong-wong bakal padha ngerti yèn Aku sing ngutus kowé marang wong mau.

10(4-10a) Wong-wong bakal padha gela, déné majuné rendhet temen. Nanging bakal padha ngerti yèn Zérubabel nerusaké pembanguné Pedaleman-Ku, mula bakal padha bungah." (4-10b) Pangandikané malaékat, "Damar pitu kuwi ibaraté tingalé Allah sing mirsani salumahing bumi."

11Aku banjur nyuwun pirsa, "Wit kurma kalih ing kiwa lan tengenipun dilah menika tegesipun menapa?

12Lan menapa tegesipun pang-pangipun wit kurma kalih ingkang jèjèr kaliyan torong emas ingkang kanggé ngisèni lisah dhateng damar menika?"

13Panjenengané banjur ndangu, "Apa kowé ora ngerti?" Unjukku, "Mboten, kula mboten mangertos."

14Paring wangsulané, "Kuwi ngibarataké wong loro sing dipilih déning Allah lan dilantik supaya ngladosi Panjenengané, Pangéran Gustiné langit lan bumi."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Zakharia 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel