Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Zakharia 9 >> 

1Wangsit sing kaparingaké déning Allah surasané mengkéné, Gusti Allah wis damel putusan kanggo tanah Hadrakh lan kutha Damsyik. Ora mung bangsa Israèl, nanging iya kutha krajané Siria kuwi kagungané Allah.

2Hamat sing tunggal wates karo Hadrakh kuwi iya kagungané Allah, semono uga kutha-kutha Tirus lan Sidon, sing kondhang ketrampilané.

3Tirus yasa bètèng-bètèng kanggo njaga awaké dhéwé sarta nandho slaka lan emas akèh banget, nganti kaya larahan ing dalan!

4Nanging kabèh mau bakal kapundhut déning Pangéran. Raja-brana mau bakal kabuwang ing segara, sarta kutha mau bakal sirna kobong ing geni nganti entèk kabèh.

5Wong Askelon bakal ndeleng kuwi mau kabèh sarta giris banget. Semono uga Ékron, mula buyar pengarep-arepé. Gaza bakal kélangan ratuné, lan Askelon bakal dadi suwung.

6Asdod bakal dienggoni déning bangsa campuran. Pangandikané Pangéran mengkéné, "Bangsa pilihan sing umuk bakal Dakasoraké.

7Bangsa mau bakal mari enggoné mangan roti sing isi getih, utawa mangan pangan liyané sing najis. Kekarèné bangsa mau bakal dadi siji karo umat-Ku lan dadi golongané bangsa Yéhuda. Ékron bakal dadi péranganing umat-Ku, padha kaya wong Yébus.

8Aku bakal njaga tanah kagungan-Ku lan bakal ora marengaké dienggo liwat tentara. Aku bakal ora marengaké menèh anané pangwasa sing nindhes bangsa-Ku, sebab Aku wis pirsa sepira sangsarané umat-Ku."

9Hé putri Sion, padha bungaha! Padha surak-suraka hé wong sing padha manggon ing Yérusalèm! Delengen, Ratumu rawuh. Rawuhé ngasta kaluhuran lan kemenangan. Éwasemono Panjenengané lembah manah lan rawuhé nitih belo, anaké kuldi momotan.

10Pangandikané Pangéran mengkéné, "Kréta-kréta perangé Israèl bakal Daksirnakaké, lan jaran-jaran bakal Daklungakaké saka Yérusalèm; gendhéwa lan panah sing kanggo perang bakal Daksirnakaké. Ratumu bakal nekakaké katentreman ing antarané para bangsa; kratoné bakal gumelar wiwit saka segara tekan segara, saka Bengawan Éfrat tekan pungkasaning bumi."

11Pangandikané Pangéran mengkéné, "Sarèhné Aku wis gawé prejanjian karo kowé, sing dicap nganggo getihé kurban-kurban, mulané Aku bakal ngluwari kowé; Dakluwari saka pembuwangan presasat Dakentas saka njeroning sumur asat.

12Padha balia, hé wong ing pembuwangan, saiki kowé duwé pengarep-arep; padha muliha menyang panggonan sing tentrem. Kowé bakal Dakparingi berkah, tikel loroné kasangsaran sing kokalami.

13Yéhuda bakal Dakdadèkaké gendhéwané prejurit lan Israèl bakal dadi panahé. Wong-wong ing Sion bakal Dakagem minangka pedhang, sajroning peprangan nglawan bangsa Yahudi."

14Pangéran bakal ngetingal ana ing sandhuwuré umaté; panahé bakal dilepas kaya kilat. Allah Kang Mahaluhur bakal ngungelaké slomprèt; Panjenengané bakal tindak ing sajroning prahara saka tanah sisih Kidul.

15Allah Kang Mahakwasa bakal ngayomi umaté, nganti umat mau bakal nyirnakaké para satruné. Umat mau bakal padha bengok-bengok ing peprangan kaya wong mendem anggur; getihing mungsuh-mungsuhé kaya getih sing mili saka kurban sing diesokaké ana ing mesbèh saka tuwung.

16Ing dina kuwi Pangéran bakal ngluwari umaté, kaya pangon sing nguwalaké pepanthané wedhus saka bebaya. Umat kagungané mau bakal mencorong ing tanahé, kaya permata sing ana ing makutha!

17Saiba bakal beciké lan éndahé tanah mau! Para nonoman bakal padha dadi gedhé lan rosa, krana saka gandum lan angguré.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Zakharia 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel