Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Korintus 9 >> 

1Apa aku iki dudu wong mardika? Apa aku iki dudu rasul? Apa aku ora wis ndeleng Yésus, Gusti kita? Kowé iku apa ora dadi wohing garapanku ana ing Gusti?

2Sanadyan kanggoné wong liya aku iki dudu rasul, nanging tumraping kowé aku iki rasul. Amarga uripmu ana ing Gusti iku minangka tandha cap tumraping karasulanku.

3Iki panjawabku marang wong kang padha nacad aku.

4Apa aku ora duwé wewenang mangan lan ngombé?

5Apa aku ora duwé wewenang ngajak wong wadon tunggal pracaya kang dadi somahku ing sajroning lakuku, padha kaya para rasul liyané lan para sadhèrèké Gusti apadéné Kéfas?

6Utawa apa mung aku lan Barnabas baé kang ora duwé wewenang kabébasaké saka ing pagawéan kanggo golèk pangan?

7Sapa ta kang wus tau mèlu maju perang kanthi wragad dhéwé? Sapa ta kang nanduri kebon anggur lan ora mangan wohé? Utawa sapa ta kang angon pepanthan wedhus lan ora ngombé susuné?

8Kandhaku kang mangkono iku apa mung gagasaning manungsa baé? Angger-anggering Torèt rak iya mratélakaké mangkono, ta?

9Sabab ing angger-anggeré Musa ana tulisan mangkéné, "Sira aja mbrangus cangkeming sapi kang lagi kanggo nggiling." Apa Allah iku nggumatosi sapi?

10Apa dudu kita kang kakarsakaké? Iya, bab iki katulis kanggo kita, yaiku: kang mluku iya kudu mluku kanthi pangarep-arep, lan kang nggiling iya kudu nggiling kanthi pangarep-arep olèh pandumané.

11Kang iku menawa aku kang wus padha nyebar wiji kasukman kanggo kowé kabèh, apa ora kena aku padha ngenèni pametumu tata kadonyan?

12Menawa wong liya padha wenang ngarep-arep panduman saka kowé, luwih-luwih aku kabèh! Nanging aku padha ora migunakaké wewenang mau. Balik aku malah padha nahanaké samubarang, supaya aja nganti ngalang-alangi pakabaraning Injilé Kristus.

13Apa kowé padha ora sumurup, yèn wong kang padha leladi ing papan kang suci iku pangané iya saka ing papan suci, lan wong kang padha leladi ing misbyah, iku iya padha olèh panduman saka ing misbyah kono?

14Mangkono uga Gusti iya wus mranata, para kang ngabaraké Injil, iku uripé iya saka anggoné ngundhangaké Injil iku.

15Nanging aku, ora tau migunakaké wewenang iku mau siji-sijia. Anggonku nulis kabèh iki, ora supaya aku uga nampa pituwas kang kaya mangkono. Sabab aku aluwung mati katimbang tumindak mangkono. Temenan, mongkoging atiku iki ora kena dibatalaké déning sapa baé!

16Sabab yèn aku ngabaraké Injil, aku ora duwé dhasar kanggo gumunggung. Marga iku kuwajibanku. Malah bilai aku menawa ora ngabaraké Injil.

17Saupama anggonku nindakaké iku mung manut karepku dhéwé, pancèn aku wenang nampa pituwas. Nanging menawa ora saka karepku dhéwé, iku dadi ayahan kang kabubuhaké marang aku.

18Yèn mangkono banjur apa pituwasku? Pituwasku yaiku: Aku diparengaké ngabaraké Injil tanpa pituwas, lan aku ora migunakaké wewenangku anggonku dadi juru ngundhangaké Injil.

19Sanadyan aku iki mardika tumraping wong kabèh, éwadéné aku ngabdèkaké awakku marang wong kabèh, supaya aku kepareng nggèndèng wong akèh.

20Dadiné, tumrapé wong Yahudi aku dadi kaya wong Yahudi, supaya aku bisa nggèndèng wong Yahudi. Tumrap para wong kang kawengku ing angger-anggering Torèt aku dadi kaya wong kang kawengku ing angger-anggering Torèt, -- sanadyan aku dhéwé ora kawengku ing angger-anggering Torèt -- supaya aku bisa nggèndèng para wong kang kawengku ing angger-anggering Torèt.

21Tumrapé wong kang padha ora kawengku ing angger-anggering Torèt, aku dadi kaya wong kang ora kawengku ing angger-anggering Torèt -- sanadyan uripku iku ora tanpa angger-anggering Allah, sabab aku kawengku ing angger-anggeré Kristus -- supaya aku bisa nggèndèng para wong kang ora kawengku ing angger-anggering Torèt.

22Tumrapé wong kang padha ringkih, aku dadi kaya wong ringkih, supaya aku bisa nggèndèng marang wong kang padha ringkih. Tumrap sarupaning wong aku dadi kaya wong-wong mau, supaya sabisa-bisa aku nylametaké wong sawatara saka ing antarané.

23Samubarang kabèh iku mau daktindakaké marga saka Injil, supaya aku mèlu nampa pandumané.

24Apa kowé padha ora sumurup, yèn ana ing glanggang, wong kang padha mèlu iku kabèh padha lumayu, nanging mung siji kang tampa ganjaran? Mulané padha lumayua amrih kowé bisa tampa ganjaran.

25Saben wong kang mèlu balapan, iku njaga awaké ing samubarang prakara. Wong mau padha tumindak mangkono supaya olèh makutha kang bisa rusak; balik kita supaya olèh makutha kang langgeng.

26Mulané anggonku lumayu iku ora tanpa tujuan, lan aku dudu jago tinju kang mung waton njotos baé.

27Nanging aku nggladhi sarta ngerèh badanku, supaya sawisé ngabaraké Injil marang wong liya, aja nganti aku dhéwé ditampik.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Korintus 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2018
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran