Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Petrus 5 >> 

1Para pinituwa kang ana ing antaramu iku dakpituturi, -- amarga aku iki dadi kanca pinituwa sarta seksi sangsarané Kristus, kang iya bakal olèh panduman kamulyan kang bésuk bakal kawedharaké --:

2Pepanthan méndané Allah kang ana ing kowé iku engonen, aja marga kapeksa, nanging kalawan legawaning ati kang laras karo karsaning Allah, sarta aja marga saka mburu kauntungan, nanging marga wajibing leladi.

3Kowé aja tumindak kaya-kaya arep ngwasani wong-wong kang dipracayakaké marang kowé, nanging dadia tuladha tumrap pepanthan iku.

4Bésuk menawa Pangon Agung rawuh, kowé bakal padha nampani makuthaning kamulyan kang ora bisa rusak.

5Samono uga kowé, hé para nom-noman, padha mituruta marang para wong tuwa, sarta siji lan sijiné dipadha andhap-asor, amarga, "Allah nglawan marang wong kang kumalungkung, nanging paring sih-rahmat marang wong kang andhap-asor."

6Kang iku padha ngasorna awakmu ing sangisoring astané Pangéran kang rosa, supaya kowé padha linuhuraké ing wektu kang wus katemtokaké.

7Sakèhing sumelangmu pasrahna marang Panjenengané, sabab Panjenengané kang ngrimati kowé kabèh.

8Padha diwaras ing budi sarta diprayitna, jalaran mungsuhmu Iblis iku, klinteran kaya singa nggero-nggero nggolèki manungsa kang kena dimangsa.

9Tanggulangana kalawan pracaya kang bakuh, jalaran kowé padha mangerti menawa sadulurmu tunggal pracaya ing saindenging jagat, kabèh iya padha ketaman ing sangsara kaya mangkono.

10Déné Allah sumbering sakèhé sih-rahmat, kang wis nimbali kowé kabèh ana ing Kristus marang kamulyané kang langgeng, bakal nyampurnakaké, neguhaké, nyantosakaké sarta ngukuhaké kowé, sawusé kowé padha nandhang sangsara sawatara mangsa.

11Iya Panjenengané iku kang kagungan pangwasa langgeng salawas-lawasé! Amin.

12Anggonku nulis cekak marang kowé iki lantaran Silwanus, kang dakanggep sadulur tunggal pangandel kang kena dipracaya, prelu mituturi sarta ngyakinaké kowé, menawa iki sih-rahmat kang temenanan saka Allah. Mulané padha ngadega kang jejeg ana ing sajroné sih-rahmat iku mau!

13Salam marang kowé kabèh, saka sadulurmu kang pinilih ing Babilon lan uga Markus, anakku.

14Padha salam-salamana kanthi pangambung kang suci. Tentrem-rahayu anaa ing kowé kabèh kang padha ana ing patunggilané Kristus. Amin.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Petrus 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel