Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Korintus 11 >> 

1Iba beciké yèn kowé padha sabar tumrap aku kang rada bodho iki. Pancèn kowé padha nyabari aku!

2Sabab aku cemburu ing ngatasé kowé kanthi cemburuning Allah. Awit kowé wis padha dakpacangaké karo wong lanang, kang nuntun kowé kayadéné prawan suci marang Kristus.

3Nanging aku sumelang mbokmenawa angen-angenmu kasasaraké saka kasetyanmu kang sejati marang Kristus, padha kaya Hawa kablithuk déning ula sarana kajuligané.

4Awit kowé mung sabar baé yèn ana wong teka martakaké Yésus kang béda karo apa kang wus dakwartakaké, utawa awèh roh kang béda karo kang wis koktampa utawa Injil kang béda karo kang wus koktampa.

5Nanging manut panemuku sathithik baé aku ora kalah karo rasul-rasul kang pinunjul iku.

6Menawa aku kurang pinter ing bab guneman, nanging ora mangkono ing bab kawruh, awit aku wis padha mratélakaké marang kowé ing sadhéngah waktu lan ing sabarang prakara.

7Apa aku dosa menawa aku ngasoraké awakku dhéwé kanggo ngluhurake kowé, marga aku martakaké Injilé Allah marang kowé tanpa opah?

8Pasamuwan-pasamuwan liya wis dakrampog srana anggonku nampani wragad saka pasamuwan-pasamuwan mau, supaya aku bisa ngladèni kowé!

9Karo manèh nalika aku ana ing satengahmu, aku nandhang kakurangan, aku ora gawé rubeding wong, awit apa kang kurang wis dicukupi déning para Sadulur tunggal pracaya kang teka saka Makédonia. Ing samubarang prakara dakjaga aja nganti dadi gawému, lan saterusé aku bakal mangkono.

10Demi apa kang bener miturut Kristus kang ana ing aku, dakantebaké kandhaku menawa panggunggungku iku ora bakal kaalang-alangan déning sapa baé kang ana ing wilayah-wilayah Akhaya.

11Sababé apa, kok ora? Apa marga aku wis ora tresna marang kowé? Allah kang nguningani.

12Nanging apa kang daktindakaké bakal dakterusaké kanggo ngawékani wong kang padha golèk dhadhakan kanggo nuduhaké, yèn wong-wong iku padha kaya aku sakanca ing sajroning prakara kang bisa diegung-egungaké.

13Awit wong-wong kang mangkono iku rasul-rasul palsu, wong kang padha tumindak cidra, kang nyamar dadi rasulé Kristus.

14Prakara iku ora nggumunaké, sabab Iblis uga mindha-mindha dadi malaékating Pepadhang.

15Dadi dudu prakara kang anèh, menawa batur-baturé uga mindha-mindha dadi abdi-abdining kayektèn. Kawusanané wong-wong iku bakal timbang karo panggawéné.

16Dakbalèni manèh: Aja ana wong kang ngarani aku bodho. Déné menawa kowé uga nganggep mangkono, aku tampanana kayadéné wong kang bodho, supaya aku bisa gumunggung sawatara.

17Apa kang dakkandhakaké, iku anggonku ngandhakaké ora kaya wong kang guneman manut pangandikaning Allah, nanging kayadéné wong kang bodho, kang nduwèni kayakinan menawa bisa gumunggung.

18Amarga akèh wong kang nglairaké panggunggung cara kadonyan, aku kepéngin gumunggung uga.

19Sabab kowé padha gelem nyabari wong kang bodho, marga kowé iku padha luwih déning wicaksana.

20Jalaran kowé sabar, menawa ana wong nganggep kowé batur-tukon, menawa ana wong nggrogoti kowé, menawa ana wong ngwasani kowé, menawa ana wong ngetokaké gumunggungé marang kowé, menawa ana wong napuk kowé.

21Aku kudu ngakoni kanthi isin banget, yèn ing bab kang kaya mangkono iku aku kabèh padha ora keduga. Sanadyan mangkono menawa ana wong kang wani ngegung-egungaké sawijining prakara -- kandhaku iki ing sajroning kabodhoanku -- aku iya wani uga!

22Apa wong-wong iku wong Ibrani? Aku iya wong Ibrani! Apa wong-wong iku wong Israèl? Aku iya wong Israèl! Apa wong-wong iku trahé Abraham? Aku iya trahé Abraham!

23Apa wong-wong iku abdiné Kristus? -- kandhaku iki kaya wong ora waras -- aku luwih manèh! Anggonku keraya-raya luwih akèh, luwih kerep dikunjara, digebugi kaliwat-liwat, kerep kaancam ing bebaya pati.

24Aku digebugi déning wong Yahudi kaping patang puluh kurang siji nganti ambal kaping lima,

25aku disabeti ambal kaping telu, aku dibenturi watu sapisan, kaping telu aku nunggang prau kèrem, sadina sawengi aku kompal-kampul ana ing tengah sagara.

26Lakuku kerep diancam ing bebaya banjir lan ing bebaya bégal, bebaya saka wong Yahudi lan saka wong-wong kang dudu Yahudi, bebaya ana ing kutha lan bebaya ana ing pasamunan, bebaya ana ing tengah sagara, lan bebaya saka sadulur-sadulur palsu.

27Aku kerep rekasa lan nyambut-gawé abot; aku kerep melèk; luwé lan ngelak; aku kerep pasa, katisen lan kawudan,

28lan tanpa nyebutaké prakara liyané manèh, momotanku sadina-dina, yaiku mikiraké bot-repoté pasamuwan kabèh.

29Yèn ana wong rumangsa apes, apa aku ora rumangsa mèlu apes? Yèn ana wong kesandhung, apa atiku ora remuk déning kasedhihan?

30Menawa prelu kudu gumunggung, aku bakal ngegung-egungaké ing bab kaapesanku.

31Allah, Ramané Yésus, Gusti kita, kang pinuji nganti salawas-lawasé, pirsa, menawa aku ora goroh.

32Ana ing Damsyik gubernur kang kaangkat déning Raja Arétas ndhawuhaké njaga Damsyik, karsané nyepeng aku.

33Nanging aku kaudhunaké nganggo kranjang metu cendhéla, menyang sajabané bètèng, temah aku oncat saka astané.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Korintus 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel