Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Korintus 4 >> 

1Kang iku sarèhné aku wus padha nampani ayahan iki, marga saka sih-palimirmané Allah, mulané atiku ora semplah.

2Ananging aku padha nampik sakèhing panggawé dhedhelikan kang nistha; aku ora ngapusi lan ora malsu pangandikaning Allah, kosok-baliné aku nglairaké kayektèn lan awit saka iku aku masrahaké awakku supaya ditimbang-timbang déning wong kabèh sarana osiking atiné, ana ing ngarsané Allah.

3Menawa Injil kang padha dakwartakaké isih meksa katutup uga, mesthi iku katutup tumrap wong kang bakal padha nemu karusakan,

4yaiku wong kang ora pracaya, kang angen-angené wus dipicakaké déning ilahé jaman iki, temahan wong mau ora padha ndeleng cahyaning Injilé kamulyaning Kristus, kang dadi citrané Allah.

5Awit kang padha dakwartakaké iku dudu awakku dhéwé, nanging Yésus Kristus kang jumeneng Gusti, lan aku kang padha dadi abdimu marga saka karsané Yésus.

6Awit Allah kang wus ngandika, "Saka ing pepeteng bakal ana pepadhang kang sumorot!" Panjenengané uga kang nyorotaké pepadhangé ana ing ati kita, supaya kita kapadhangan ing kawruh bab kamulyané Allah kang katingal ana ing wedanané Kristus.

7Nanging rajabrana iki kawadhahan ing grabah, supaya tetéla menawa kakuwatan kang ngédab-édabi iku asalé saka Allah, dudu saka awakku dhéwé.

8Mungguhing samubarang aku iki padha katindhes, nanging ora remuk kejepit; aku padha kentèkan akal, nanging ora kélangan pangarep-arep;

9aku padha dikuya-kuya, nanging ora ditinggal ijèn; aku padha kabanting, nanging ora nemu bilai.

10Aku tansah nggawa sédané Yésus ing badanku, supaya sugengé Yésus uga kawedhar ana ing badanku.

11Awit aku kang isih urip iki, tansah kaulungaké marang pati marga saka Yésus, supaya gesangé Yésus uga kawedhar ing badanku kang ora langgeng iki.

12Kanthi mangkono iku, pati tansah nandukaké dayané ana ing badanku, déné urip nandukaké dayané ana ing kowé.

13Nanging sarèhné aku padha kadunungan rohing pracaya kang padha, kaya kang tinulis, "Aku kumandel, mulané aku ngucap", awit saka iku aku iya pracaya lan marga saka iku aku uga ngucap.

14Sabab aku padha sumurup menawa Panjenengané kang wus mungokaké Gusti Yésus, iya bakal nangèkaké aku bareng karo Yésus. Lan bebarengan karo kowé kabèh kasowanaké ing ngarsané.

15Jalaran iku kabèh kelakoné marga saka kowé, supaya sih-rahmat kang sangsaya mundhak gedhé, marga sangsaya akèhé wong kang dadi pracaya, ndadèkna sangsaya lubèré pamuji sokur kang konjuk marang kaluhuraning Allah.

16Marga saka iku aku padha ora rumangsa semplah, malah sanadyan kamanungsanku kang lair sangsaya rusak, nanging kamanungsanku kang batin kaanyaraké saben dina.

17Awitdéné kasangsaran kang ènthèng saiki iki, iku ngolèhaké kamulyan langgeng kang ngluwihi samubarang tumrap aku kabèh, banget anggoné ngungkuli kasangsaranku.

18Marga kang padha dakgatèkaké dudu kang katon, nanging kang ora katon, awit kang katon iku anané mung sawatara mangsa, mangka kang ora katon iku langgeng.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Korintus 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel