Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Korintus 8 >> 

1Sadulur-sadulur, aku padha awèh weruh marang kowé bab sih-rahmat kang kaparingaké marang pasamuwan-pasamuwan ing Makédonia.

2Awit sajroning tampa pacoban kang abot kang wujud kasangsaran mawarna-warna, kabungahané ngluwihi, lan sanadyan padha miskin banget, éwasamono sugih kamurahan.

3Sabab aku neksèni yèn wong iku wis padha wèwèh manut kakuwatané, malah ngluwihi kakuwatané.

4Sarta metu saka prentuling atiné dhéwé padha njaluk kanthi banget marang aku, supaya uga padha olèh kanugrahan mèlu ing sajroning ayahan ngladèni marang para suci.

5Déné kang padha dipasrahaké iku ngluwihi pangiraku, awit nganti padha nyaosaké awaké dhéwé marang Allah dhisik, sabanjuré iya marang aku kabèh uga awit saka karsané Allah.

6Awit saka iku aku padha ngatag marang Titus, supaya nekani kowé lan ngrampungaké ayahan sih-katresnan, kang biyèn wis miwiti ayahan iku.

7Mula saikiné, padha kaya anggonmu wis sugih ing samubarang, -- ing pracaya, ing pamicara, ing kawruh, ing tumemenmu anggonmu mbiyantu, lan ing sih-katresnanmu marang aku kabèh -- samono uga kowé iya padha pinunjula ing ayahan sih-katresnan iki.

8Anggonku mituturi mangkono iku ora ateges préntah, nanging mung marga saka anggonku kepéngin nguji éklasing sih-katresnanmu kalawan nuduhaké sakèhing pambudidayané wong-wong kang padha awèh pambiyantu.

9Marga kowé wis padha sumurup marang sih-rahmaté Gusti kita Yésus Kristus, yaiku menawa Panjenengané, kang amarga saka kowé dadi mlarat, sanadyan Panjenengané iku sugih, supaya kowé dadia sugih marga kamlaratané.

10Iya iki panemuku tumrap bab iku, kang mbokmenawa maédahi tumrap kowé. Pancèn wis wiwit taun kang kapungkur anggonmu wiwit nindakaké lan sumedya ngrampungaké uga.

11Mulané saiki, rampungna kang koktindakaké iku! Wondéné anggonmu ngrampungaké iku cundhukna karo éklasing atimu sarta tindakna kalawan ngélingi sapira kang kokduwèni.

12Awit menawa anggonmu wèwèh iku kalawan éklas, pawèwèhmu iku mesthi bakal ditampani, menawa pawèwèhmu iku awewaton apa kang kokduwèni, ora awewaton apa kang ora kokduwèni.

13Awit anggonmu dieboti iku ora supaya wong liya padha kaènthèngna, nanging supaya dadi timbang.

14Mulané beciké saiki kaluwihanmu kanggoa nyukupi kakuranganing liyan, supaya kaluwihaning liyan mengko genti kanggo nyukupi kekuranganmu, temahan banjur dadi timbang.

15Kaya kang katulis, "Wong kang olèh akèh, ora turah lan kang olèh sathithik ora kurang."

16Nanging puji sokur konjuk marang Allah, kang maringi katemenan kang kaya mangkono uga ana ing atiné Titus ing bab anggoné mbiyantu kowé,

17déné nganti nuruti panjalukku, malah saka bangeting tumemené anggoné tumandang ing gawé, banjur metu saka karepé dhéwé mangkat nemoni kowé.

18Lakuné dakkanthèni sadulur kita, kang wus olèh pangalembanané pasamuwan kabèh bab anggoné nggelaraké Injil.

19Lan ora mung iku baé! Sadulur mau uga wis kapiji déning pasamuwan-pasamuwan kanggo ngancani anggonku padha nindakaké ayahan sih-katresnan iki, kang daktindakaké minangka kaluhuraning Gusti lan minangka bukti bab legawané atiku.

20Sabab aku kabèh padha arep nyingkiri bab iki: Menawa ana wong kang nacad anggonku nindakaké ayahan sih-katresnan kang wohé akèh banget iku.

21Awit aku padha mikiraké kang utama, ora mung ana ing ngarsané Gusti baé, nanging uga ana ing ngarepaning wong.

22Karodéné wong loro mau padha dakkanthèni sadulur kita, kang wis dakuji lan katitik anggoné tansah mbudidaya mbiyantu, lan saiki saya banget anggoné mbudidaya marga saka gedhéning piandelé marang kowé.

23Déné Titus, iku kancaku lan réwangku nyambut-gawé kanggo kowé; lan sadulur-sadulurku liyané iku padha dadi utusaning pasamuwan-pasamuwan lan minangka kaluhurané Kristus.

24Awit saka iku buktining katresnanmu lan pangalembanaku marang kowé kabèh, iku tuduhna marang para Sadulur mau ana ing ngareping pasamuwan-pasamuwan.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Korintus 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel