Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Petrus 1 >> 

1Saka Simon Pétrus, abdi sarta rasulé Yésus Kristus, marang para kang nunggal karo aku kabèh, padha kaparingan pracaya marga saka kaadilaning Allah sarta Pamarta kita Yésus Kristus.

2Sih-rahmat lan tentrem-rahayu nglubèrana kowé, marga saka anggonmu padha wanuh marang Allah sarta marang Yésus, Gusti kita.

3Marga saka pangwaosing kaallahané, kita wis padha kaparingan samubarang kang perlu kanggo urip kang mursid, sarana anggon kita wanuh marang Panjenengané kang wis nimbali kita marga saka pangwaosé kang mulya lan ngéram-éramaké.

4Kanthi patrap kang mangkono iku Panjenengané wis maringi kita prasetya-prasetya kang adi sarta pinunjul, supaya sarana iku kowé padha kepareng ndhèrèk ing sajroné kodrat kaallahan lan uwal saka dayaning hawa-napsu kadonyan kang nyirnakaké donya.

5Iya marga saka iku kowé padha kudu kanthi temenan anggonmu mbudidaya nambahaké kautaman marang pracayamu lan kawruh marang kautaman,

6tuwin pangerèhing dhiri marang kawruh, katekunan marang pangerèhing dhiri, kamursidan marang katekunan,

7nresnani para Sadulur marang kamursidan, lan tresna marang para Sadulur kawuwuhan tresna marang wong kabèh.

8Jalaran menawa kowé padha kadunungan iku mau kabèh nganti lubèr, kowé mesthi bakal dadi mempeng ing panggawé sarta kasembadan anggonmu wanuh marang Yésus Kristus, Gusti kita.

9Nanging sing sapa ora kadunungan iku mau kabèh, bakal dadi wuta sarta cethèk panemuné, jalaran lali menawa dosa-dosané kang mbiyèn wis kabirat.

10Mulané para Sadulur, tansah mbudidayaa kanthi temenan supaya saya kukuh anggonmu padha tinimbalan lan pinilih iku. Jalaran menawa kowé nglakoni kang mangkono, kowé bakal padha ora tau kesandhung.

11Kanthi mangkono, kowé bakal kaparingan sakèhing wewenang kanggo lumebu ing Kraton kang langgeng, yaiku Kratoné Gusti lan Pamarta kita Yésus Kristus.

12Mulané aku tansah kepéngin ngélingaké kowé marang bab iku mau kabèh, sanadyan kowé iya wis padha mangerti sarta santosa ing sajroné kayektèn kang wus koktampani.

13Sadurungé aku ngrucat kémahing badanku iki, dakanggep dadi kuwajibanku, anggonku tansah ngélingaké kowé tumrap iku mau kabèh.

14Jalaran aku mangerti, menawa aku bakal énggal ngrucat kémahing badanku iki, kayadéné kang wis kapangandikakaké marang aku déning Yésus Kristus, Gusti kita.

15Nanging aku bakal mbudidaya, supaya saungkurku kowé uga tansah padha ngéling-éling marang prakara iku mau kabèh.

16Jalaran anggonku padha ngandhani kowé bab pangwaos lan bakal rawuhé Gusti kita, Yésus Kristus kang jumeneng raja iku, ora marga ngandel marang dongèngé wong kang ngayawara, nanging aku kabèh iki padha dadi seksi kang nyipati dhéwé bab kaluhurané.

17Awit Panjenengané tampa kaurmatan lan kamulyan saka Allah Sang Rama, nalika swanten saka Kang Mahaluhur nedhaki Panjenengané, Pangandikané, "Iki Putraningsun kang sunkasihi, kang ndadèkaké keparenging galihingsun."

18Aku dhéwé padha krungu swara iku mau tumurun saka swarga, nalika aku padha ndhèrèk Panjenengané ana ing gunung kang suci.

19Marga saka iku aku kabèh padha saya kasantosakaké déning pangandika kang wis kawedharaké déning para nabi. Saiba beciké, menawa kowé padha nggatèkaké bab iku, kayadéné nggatèkaké diyan kang madhangi panggonan kang peteng, nganti gagat raina sarta jumedhulé lintang panjer ésuk kang sumunar ana ing sajroning atimu.

20Déné kang prelu dhéwé kang kudu koksumurupi, yaiku menawa pameca-pameca ing Kitab Suci iku ora kena ditafsiraké sakarepé dhéwé,

21jalaran ora tau ana pameca kang metu saka karepé manungsa, nanging marga kabereg déning Roh Suci, wong-wong padha guneman atas asmaning Allah.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Petrus 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel