Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Efesus 1 >> 

1Saka Paulus, rasulé Kristus Yésus awit saka karsané Allah, marang para suci ing Éfesus, iya para wong kang padha pracaya ana ing Kristus Yésus.

2Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Allah, Rama kita lan saka Gusti Yésus Kristus anaa ing kowé kabèh.

3Pinujia Allah lan Ramané Gusti kita Yésus Kristus, kang wus mberkahi kita ana ing Kristus kalawan sarupané berkah kasukman kang ana ing swarga.

4Awit iya ana ing Panjenengané iku Allah wis milih kita sadurungé jagat katitahaké, supaya kita padha suci tanpa cacad ana ing ngarsané.

5Marga saka sih-palimirmané wiwit wiwitan mula Panjenengané wus kepareng netepaké kita kaangkat dadi para putrané, marga saka Yésus Kristus, manut sakeparenging karsané.

6Supaya pinujia sih-rahmaté kang luhur, kang kaparingaké marang kita ana ing Panjenengané kang kinasih.

7Sabab iya ana ing Panjenengané, kita kaparingan tebusan, yaiku pangapuraning dosa marga saka rahé, manut gunging sih-rahmaté,

8kang wus kalubèraké marang kita kalawan sagunging kawicaksanan lan pangertèn.

9Marga Panjenengané wis medharaké wewadining karsané marang kita, miturut rancanganing-keparengé, yaiku kang wiwit sakawit wus katetepaké ana ing Kristus.

10Minangka pacawisan ganeping mangsa anggoné nunggilaké samubarang kabèh ana ing Kristus, kang dadi sesirahing samubarang kang ana ing swarga apadéné ing bumi.

11Ana ing Kristus, awit iya ana ing Panjenengané iku aku kabèh padha olèh warisan kang kaprasetyakaké -- aku kang saka wiwitan wis padha kapilih déning Panjenengané cocog karo karsané Allah, kang nindakaké samubarang manut putusaning karsané --

12supaya aku kang sadurungé wis padha duwé pangarep-arep ana ing Kristus, kepareng dadi srana pamujining kaluhurané.

13Ana ing Panjenengané kowé kabèh uga padha kaecap kalawan Roh Suci kang kaprasetyakaké iku, -- awit kowé wis padha ngrungokaké pangandikaning kayektèn, yaiku Injiling karahayonmu, -- sawusé kowé kabèh padha pracaya.

14Déné Roh Suci iku kang dadi tanggunganing warisan kita nganti kita padha tampa tebusan kang njalari kita dadi kagungané Allah, supaya memuji kaluhurané.

15Mulané, aku iki sawisé krungu warta bab pracayamu ana ing Gusti Yésus lan bab tresnamu marang sakèhé para suci,

16ora kendhat anggonku saos sokur marga saka kowé kabèh. Lan aku tansah ngélingi kowé sajroning pandongaku,

17supaya Allahé Gusti kita Yésus Kristus, yaiku Sang Rama kang mulya iku, karsa paring Rohing kawicaksanan lan wahyu marang kowé, supaya wanuhmu marang Panjenengané kanthi bener temenan.

18Sarta murih Panjenengané madhangaké mripating atimu, supaya kowé ngerti mungguh pangarep-arep apa kang kamot ing timbalané: Iba gedhéning warisan kamulyané kanggo para suci,

19lan iba gunging pangwaosé tumrap kita, kang pracaya, cocog karo dayaning pangwaosé kang gedhé,

20kang katindakaké ana ing Kristus kalawan anggoné mungokaké saka antarané wong mati lan nglenggahaké ing swarga ana ing sisih tengené,

21banget anggoné ngungkuli luhuré sakèhing pamaréntah lan pangwasa sarta wisésa tuwin kraton lan sadhéngaha jeneng kang kena sinebut, ora ngamungaké ana ing donya iki baé, nanging uga ing jaman kang bakal kelakon.

22Karodéné samubarang wis kapapanaké ing sangisoring sampéyané Kristus lan Panjenengané wis kaparingaké marang pasamuwan minangka sesirahing samubarang kang sarwa dumadi.

23Déné pasamuwan iku kang dadi sarirané, yaiku kapenuhan kasampurnan ing Panjenengané, kang menuhi samubarang.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Efesus 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel