Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Filemon 1 >> 

1Saka Paulus, wong ukuman marga saka Kristus Yésus, lan saka Timotius sadulur kita tunggal pracaya marang Filémon kang kinasih, kancaku tunggal gawé,

2lan marang Apfia, sadulurku wadon tunggal pangandel, sarta marang Arkhipus, kanca kita sapagawéan, tuwin marang pasamuwan kang ana ing omahmu.

3Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Allah Rama kita lan saka Yésus Kristus, anaa ing kowé kabèh.

4Aku saos sokur marang Allahku, samangsa aku ngèlingi kowé sajroné pandongaku,

5sabab aku wis krungu bab katresnanmu marang para suci lan bab pracayamu marang Gusti Yésus.

6Lan aku ndongakaké, supaya anggonmu tunggal pracaya iku mèlu mbangun kawruh prakara-prakara kang utama ana ing antara kita kagem Kristus.

7Saka katresnanmu, aku wis nampa kabungahan gedhé lan pambombong marga kowé wus nglipur atiné para suci, Sadulurku!

8Marga saka iku, sanadyan ana sajroning patunggilané Kristus, aku bisa baé awèh préntah marang kowé bab apa kang wajib koklakoni,

9éwasamono ngèlingi katresnanmu iku, luwih prayoga yèn aku duwé panjaluk marang kowé mangkéné: Aku Paulus kang wus tuwa, luwih-luwih saiki kinunjara marga saka Kristus Yésus,

10duwé panjaluk marang kowé, bab anakku kang daktemu nalika aku ana ing sajroné pakunjaran, yaiku Onésimus.

11Biyèn, wong iku pancèn ora migunani marang kowé, nanging saiki maédahi banget marang kowé, samono uga marang aku.

12Wong mau, kang dadi woding atiku, dak kongkon bali mèlu kowé.

13Sanyatané, mauné arep dakendheg ana ing pakunjaran, minangka sesulihmu ngladèni aku sajroné dikunjara marga saka Injil,

14nanging tanpa palilahmu, aku ora wani tumindak apa-apa, supaya prakara kang becik iku aja nganti kok tindakaké kaya-kaya kanthi kapeksa, nanging kanthi lega-lila.

15Sabab, mbokmenawa sarana patrap mangkono iku wong mau kapisahaké saka kowé kanggo sawatara mangsa, supaya kowé bisa mengku ing salawasé,

16ora kaya batur manèh, nanging luwih saka iku, yaiku kayadéné sadulur tunggal pracaya kang kinasih. Kanggoné aku, pancèn iya wus mangkono iku, saya manèh tumrap kowé, dadia cara kamanungsan semono uga ana ing Gusti.

17Yèn aku kokanggep kanca tunggal pracaya, wong iku iya tampanana kaya anggonmu nampani aku dhéwé.

18Déné yèn wong mau wis gawé rugimu, utawa utang marang kowé, aku kang bakal nanggung --

19aku Paulus, kang nanggung kanthi tulisaning tanganku iki: Aku kang bakal nglunasi. Beciké aku aja nganti ngucap, "Menawa kowé uga utang marang aku", yaiku awakmu dhéwé.

20Sadulurku, muga-muga kowé migunanana tumrap aku ana ing Gusti: Lipuren atiku ana ing Kristus.

21Kanthi ngugemi ing pambangun-turutmu, layang iki daktulis kanggo kowé. Aku mangerti yèn kowé bakal tumindak ngluwihi panjalukku.

22Kajaba saka iku, aku uga cawisana pamondhokan, marga saka pandongamu, aku duwé pangarep-arep yèn aku bakal bisa bali manèh.

23Salam marang kowé saka Épafras, kancaku sapakunjaran marga saka Kristus Yésus,

24lan saka Markus, Aristarkhus, Démas lan Lukas padha kancaku sapagawéan.

25Sih-rahmaté Gusti Yésus Kristus nunggila ing rohmu!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Filemon 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel