Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Filipi 2 >> 

1Dadi sarèhné ana ing Kristus iku ana pepéling, ana panglipuring katresnan, ana patunggilaning Roh, ana sih-katresnan lan piwelas,

2mulané padha sampurnakna kabungahanku kalawan mangkéné: Dipadha sarujuk, tunggal katresnan, tunggal budi, tunggal sedya,

3sepi ing pamrih utawa pangalembana kang tanpa guna. Nanging kosok-baliné kalawan andhap-asor kang siji nganggepa marang sijiné luwih utama katimbang awaké dhéwé;

4lan saben wong aja mung mikir marang kabutuhané dhéwé, nanging élinga uga marang kabutuhaning liyan.

5Ing sajroné anggonmu padha urip bebarengan padha kadunungana pangangen-angen lan pangrasa kang uga tinemu ana ing Kristus Yésus,

6kang sanadyan ngagem wujuding Allah, éwadéné anggoné sadrajat karo Allah iku ora kaanggep barang darbé kang kudu dikekahi,

7nanging malah wus nyuwungaké sarirané piyambak, lan ngagem wujuding abdi, sarta wus dadi padha karo manungsa.

8Apamanèh ing sajroné wujud manungsa iku Panjenengané wis ngasoraké sarirané lan sumuyud nganti séda, malah nganti séda ana ing kayu salib.

9Iya iku sababé Allah banget anggoné banjur ngluhuraké Panjenengané lan maringi asma marang Panjenengané ngungkuli sadhéngahing jeneng,

10supaya ana ing asmané Yésus, samubarang kang ana ing langit lan kang ana ing bumi lan kang ana ing sangisoré bumi, padha sujud

11lan sakèhing ilat padha ngakonana, "Yésus Kristus iku jumeneng Gusti", murih kaluhuraning Allah, Sang Rama!

12Para Sadulur kang kinasih, kowé iku tansah padha mituhu, mulané padha tansah udinen karahayonmu kalawan wedi lan geter, ora mung kaya nalikané aku isih ana ing satengahmu, nanging luwih-luwih saiki ing waktu aku adoh karo kowé;

13awit iya Allah kang makarya ana ing kowé, iya ing bab kekarepan, iya ing bab panggawé miturut sakeparengé.

14Lakonana samubarang kabèh tanpa panggrundel lan pambantah,

15supaya kowé ora padha nistha lan ora padha ciri, padha dadi putraning Allah kang tanpa cacad ing satengahing golongan kang jahat lan mblasar iki, satemah ana ing satengahing wong-wong iku kowé sumunar dadi pepadhang ana ing jagat,

16kanthi ngandhemi sabdaning urip, supaya aku bisa mongkog ing dinané Kristus, déné ora nglaha anggonku nglakoni balapan sarta ora nglaha anggonku kangélan.

17Nanging sanadyan getihku kawutahaké ana ing kurban lan pangibadahing pracayamu, aku bungah, lan aku bungah bebarengan karo kowé kabèh.

18Lan kowé iya padha bungaha kaya mangkono, lan bungaha bebarengan karo aku.

19Nanging ana ing sajroning Yésus aku kepéngin endang bisané kongkonan Timotius nemoni kowé, supaya ayem atiku menawa wis krungu bab kaananmu.

20Awit aku ora duwé wong liyané manèh kang tunggal budi lan tunggal pangangen-angen lan kang temen-temen nggatèkaké kabutuhanmu;

21sabab kabèh mburu butuhé dhéwé, dudu kabetahané Kristus Yésus.

22Kowé rak wis padha ngerti bab kasetyané kang wus kauji lan anggoné wus ngréwangi aku ing bab anggonku ngladèni Injil, kayadéné anak anggoné ngréwangi bapakné.

23Iya iku kang tumuli arep dakkongkon, sawusé cetha tumraping aku kepriyé kadadéané prakaraku,

24nanging ana ing Gusti aku pracaya, menawa aku dhéwé uga bakal énggal teka.

25Mung baé dakkira prelu aku kongkonan Épafroditus bali manèh marang kowé, yaiku sadulurku tunggal pracaya lan kanca nyambut-gawé sarta kancaku sapeperangan, kang kokkongkon nulungi aku ing bab kabutuhanku.

26Awit banget kangené marang kowé kabèh lan uga prihatin marga kowé krungu anggoné lara.

27Pancèn iya lara temenan nganti mèh mati, nanging Allah paring kawelasan, lan ora mung marang Épafroditus baé, uga marang aku, supaya kasusahanku aja tumpa-tumpa.

28Iya iku sababé anggonku kongkonan luwih cepet, supaya samangsa ketemu kowé, kowé padha bisa bungah manèh lan kuwatirku suda.

29Mulané tampanana ana ing patunggilaning Gusti kalawan sakèhing kabungahan lan wong kang kaya mangkono iku padha ajènana.

30Marga saka ayahané Kristus, nganti mèh tinggal donya lan ngetohaké nyawané kanggo ngganepi apa kang isih kurang sajroning anggonmu padha leladi marang aku.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Filipi 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel