Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Galatia 2 >> 

1Sawusé mangkono, bareng wis luwih saka patbelas taun, aku menyang Yèrusalèm manèh karo Barnabas, déné Titus uga dakajak.

2Anggonku mrana mau awit saka wangsité Allah. Lan tumrap sadulur-sadulur ing kono aku nerangaké bab Injil kang dakwartakaké ana ing antarané para bangsa dudu Yahudi. -- sajroning rerembugan mirunggan karo para kang kajèn-kéringan --, supaya anggonku mbudi-daya tekan saiki iku aja nganti muspra.

3Nanging Titus kang bebarengan karo aku iku, sanadyan wong Yunani, éwasamono ora kudu tetak.

4Pancèn ana pandheseké wong-wong kang ngaku-aku sadulur, kang padha nyusup mlebu, saprelu malangi kamardikan kita ana ing Kristus Yésus, supaya kanthi mangkono kita padha dadi kawulané.

5Nanging sathithik baé aku padha ora gelem mundur lan emoh teluk marang wong-wong mau, supaya kayektèné Injil bisa tetep ana ing kowé.

6Lan mungguh para wong kang kaanggep kajèn-kéringan iku -- kepriyé bab kalenggahané biyèn, iku ora prelu tumrap aku, sabab Allah ora mawas wong adhedhasar kalungguhan -- sanadyan kapriyé baé, aku ora dipeksa nindakaké prakara kang liya déning wong-wong kang kajèn iku.

7Nanging kosok-baliné, sawisé wong-wong iku padha ngerti menawa aku wis dipracaya martakaké Injil marang wong-wong kang ora tetak, padha kaya Pétrus kanggo wong-wong kang tetak

8-- awit Panjenengané kang wis maringi kakuwatan marang Pétrus dadi rasul tumrap wong-wong kang tetak, -- Panjenengané uga kang wis maringi kakuwatan marang aku kanggo wong-wong kang ora tetak.

9Lan sawusé nyumurupi sih-rahmat kang kaparingaké marang aku, Yakobus, Kéfas lan Yohanes, kang kaanggep padha dadi saka-guruning pasamuwan, banjur sesalaman karo aku lan Barnabas minangka pratandhaning patunggalan, supaya aku marani marang wong-wong kang ora tetak, padha karo Yakobus, Kéfas lan Yohanes marang para kang tetakan;

10mung aku kabèh kudu tansah éling marang wong-wong miskin lan pancèn iya iku kang padha dakprelokaké kalawan temen-temen.

11Nanging nalika Kéfas teka ing Antiokhia, tanpa tèdhèng aling-aling dakpadoni, sabab panjenengané lepat.

12Awit sadurungé ana wong sawatara saka golongané Yakobus teka, panjenengané kembul dhahar karo sadulur-sadulur tunggal pracaya kang ora tetak, nanging satekané wong-wong mau, banjur mengker lan misah marga ajrih marang sadulur kang tetak.

13Lan para wong Yahudi liyané uga mèlu-mèlu tumindak lamis kaya Kéfas, dalah Barnabas dhéwé iya banjur kèlu.

14Nanging bareng aku ngerti tumindaké iku ora cocog karo kayektèné Injil, aku matur marang Kéfas ana ing sangarepé wong kabèh, "Manawi panjenengan, tiyang Yahudi, gesang kadosdéné tiyang ingkang sanès Yahudi lan mboten kados tiyang Yahudi, kadospundi déné panjenengan kok badhé meksa sadhèrèk-sadhèrèk ingkang mboten tetak supados gesang kados tiyang Yahudi?"

15Aku kabèh iki wong Yahudi adhedhasar keturunan, dudu wong dosa saka bangsa-bangsa liya.

16Kita padha ngerti menawa ora ana wong siji baé kang kaanggep bener marga saka nglakoni angger-anggering Torèt, nanging mung marga pracaya ana ing Kristus Yésus. Mulané aku uga wus padha pracaya marang Kristus Yésus, supaya aku padha kaanggep bener, ora marga saka nglakoni angger-anggering Torèt. Awit, "Ora ana wong siji baé kang kaanggep bener", marga nglakoni angger-anggering Torèt.

17Nanging menawa aku dhéwé ing sajroné padha ngudi supaya kaanggep bener ana ing Kristus iku nyatané wong-wong dosa, apa iku banjur ateges menawa Kristus iku jumeneng paladosing dosa? Babar pisan ora.

18Awit menawa aku mbangun manèh apa kang wis dakrusak, iku aku ngétokaké menawa aku iki nerak angger-anggering Torèt.

19Sabab aku wis mati marga saka anggger-anggering Torèt kanggo angger-anggering Torèt, supaya aku urip kagem Allah. Aku wis ndhèrèk kasalib karo Kristus,

20nanging aku urip, éwadéné dudu aku dhéwé manèh kang urip, mung Kristus kang gesang ana ing aku. Urip jasmaniku kang saiki dakalami iki, urip marga saka pracaya ana ing Putraning Allah kang wis ngasihi aku sarta wis masrahaké sarirané kanggo aku.

21Aku ora nampik sih-rahmaté Allah. Awit saupama ana kang kabeneraké marga saka angger-anggering Torèt, sédané Kristus iku dadi tanpa guna.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Galatia 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel