Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Galatia 4 >> 

1Kang dakarepake mangkéné: Sajroné ahli-waris durung diwasa, ora ana bédané sathithik-thithika karo abdi, sanadyan iku kang ngwasani samubarang,

2nanging kawengku ing wali lan pamomong nganti tumeka ing waktu kang wis katemtokaké déning bapakné.

3Samono uga kita: Sajroné durung diwasa kita iya kawengku déning para rohing jagat.

4Nanging bareng wis tekan ing ganepé mangsa, Allah ngutus Kang Putra, kang miyos saka wanita, miyos kawengku ing angger-anggering Torèt,

5saprelu nebus sakèhing wong kang padha kawengku ing angger-anggering Torèt, supaya kita bisa katarimah dadi putra.

6Lan sarèhné kowé iku padha dadi putra, mulané Allah wis ngutus Rohé Kang Putra marang sajroning ati kita, kang nyebut, "Abba, Rama!"

7Dadiné kowé kabèh iku wus dudu batur manèh, nanging putra; lan yèn kowé kabèh iku putra, kowé iku uga padha dadi ahli-waris marga pakaryaning Allah.

8Biyèn, nalika kowé durung wanuh marang Allah, kowé ngawula marang kang kokanggep Allah, nanging sajatiné dudu Allah.

9Nanging saiki sawisé kowé wanuh marang Allah, malah luwih saka iku, sawisé Allah tepang karo kowé, kepriyé déné kowé mbalik manèh marang roh-roh donya kang apes lan papa, sarta arep wiwit kokkawulani manèh?

10Kowé padha netepi pétungané dina-dina, sasi-sasi, mangsa-mangsa, apadéné taun-taun.

11Aku kuwatir yèn kangélanku kanggo kowé iku dadi muspra.

12Para Sadulur, panjalukku marang kowé, kowé padha dadia kaya aku, sabab aku uga wis dadi padha kaya kowé. Durung tau kowé kaluputan marang aku.

13Kowé padha sumurup, menawa aku martakaké Injil marang kowé kang wiwitan iku jalaran lelara kang ana ing awakku.

14Sanadyan kaya mangkono kaanané awakku, kang dadi pacoban kanggo kowé kabèh, éwadéné ora kokanggep kaya barang kang nistha lan kang njijiki, nanging kowé wis padha nampani aku padha kaya nampani malaékaté Allah, malah padha kaya nampani Kristus Yésus piyambak.

15Kaya apa begjamu nalika samana! Lan saiki ana ngendi kabegjanmu iku? Awit aku bisa neksèni mungguhing kowé, yèn bisaa mangkono, kowé wis padha nyuplaki mripatmu, kokwènèhaké marang aku.

16Apa aku banjur dadi satrumu, marga aku mratélakaké bab kayektèn marang kowé?

17Wong-wong iku kanthi mempeng padha ngudi nggèndèng kowé, nanging ora kalawan tulusing ati, awit karepé bakal misahaké kowé, supaya kowé nganut marang wong-wong mau kalawan tumemen.

18Pancèn becik menawa wong kalawan sregep ngudi ing bab-bab kang becik, anggeré terus mangkono, lan ora mung yèn aku lagi ana ing antaramu baé.

19Hé anak-anakku, iya marga saka kowé aku ngrasakaké lara kaya nglarani manèh, nganti sipat-sipaté Kristus katon cetha ana ing kowé.

20Kaya apa kangenku kepéngin ana ing tengah-tengahmu ing waktu iki lan banjur bisa rerembugan kalawan swara kang béda, awit aku wis kentèkan akal ing ngatasé kowé iku.

21Coba wangsulana pitakonku, hé kowé kang padha kepéngin urip kawengku ing angger-anggering Torèt, apa kowé padha ora ngrungokaké angger-anggering Torèt?

22Rak ana tulisan, yèn Abraham iku kagungan putra loro, kang siji saka abdi lan sijiné saka wanita mardika?

23Nanging putra saka abdi iku miyosé manut tata kadagingan, déné putra saka wanita kang mardika iku awit saka prasetya.

24Iki sawijining pralambang. Sabab wanita loro iku mralambangi prajanjian loro: kang siji asalé saka gunung Sinai lan nglairaké anak-anak pangawulan, yaiku Hagar --

25Hagar iku gunung Sinai ing tanah Arab -- lan padha karo Yérusalèm kang saiki, awit uripé ana ing pangawulan saanak-anaké.

26Nanging Yérusalèm kaswargan iku wanita kang mardika lan iya iku ibu kita.

27Awit ana tulisan, "Padha bungaha, hé wong gabug kang ora tau nglairaké! Padha bungaha lan surak-suraka, hé kowé kang ora tau nglarani! Sabab kang ditinggal bojoné, bakal duwé anak luwih akèh tinimbang kang duwé bojo."

28Lan kowé para Sadulur, padha kayadéné Ishak, kowé uga padha dadi anaking prasetyan.

29Nanging padha kaya biyèn, kang kalairaké manut tata kadagingan, nguya-uya marang kang kalairaké miturut Roh, samono uga saiki iki.

30Nanging kepriyé surasané nas Kitab Suci? "Tundhungen batur wadon iku saanaké, sabab anaké batur wadon iku ora bakal mèlu kapanduman warisan karo anaké wanita kang merdika iku."

31Awit saka iku, sadulur-sadulur, kita iki dudu anak-anaké batur wadon, nanging padha dadi anak-anaké wanita kang mardika.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Galatia 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel