Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Ibrani 10 >> 

1Ing sajroning angger-anggeré Torèt iku mung tinemu wewayangané prakara-prakara becik kang bakal kelakon, dudu wujudé prakara-prakara iku dhéwé. Marga saka iku, sarana kurban kang padha, kang saben taun tansah dikurbanaké, angger-anggering Torèt ora bakal gawé sampurnané wong kang padha nindakaké pangibadah.

2Jalaran saupama bisa kelakon mangkono, wong-wong rak ora padha nyaosaké kurban manèh? Sabab wong kang padha nindakaké pangibadah iku ora ngrumangsani dosa manèh, awit wis padha kasucèkaké sapisan kanggo salawas-lawasé.

3Ananging iya marga saka kurban-kurban iku saben taun wong-wong padha diélingaké bab anané dosa.

4Sabab mokal menawa getihé sapi lanang utawa getihé wedhus lanang bisa mbirat dosa.

5Mulané nalika Panjenengané rawuh ing jagat, Panjenengané matur, "Kurban saha pisungsung mboten Paduka karsakaken -- nanging Paduka sampun nyawisaken sarira kanggé kawula --.

6Kurban obaran saha kurban pambirating dosa mboten ndadosaken kepareng Paduka.

7Kawula lajeng munjuk: Lah punika kawula sowan; ing salebeting kitab gulungan wonten seratanipun bab kawula supados nglampahi karsa Paduka, dhuh Allah kawula."

8Sakawit Panjenengané matur, "Kurban saha pisungsung, kurban obaran saha kurban pambirating dosa sami mboten Paduka karsakaken sarta mboten ndadosaken kepareng Paduka" -- sanadyan kapisungsungaké manut angger-anggering Torèt --.

9Nuli pangandikané, "Lah punika kawula sowan, badhé nglampahi karsa Paduka." Kang kapisan kasuwak déning Panjenengané, supaya kang kapindho bisa kelakon.

10Amarga saka karsané iki, kita wis disucèkaké sapisan kanggo salawas-lawasé sarana pisungsung awujud sarirané Yésus Kristus.

11Sabanjuré saben imam ing sadina-dinané nindakaké ayahané sarta bola-bali nyaosaké kurban kang padha, kang babar pisan ora bisa mbirat dosa.

12Nanging, sawisé nyaosaké kurban kang mung siji baé karana dosa, Panjenengané banjur lenggah ana ing tengené Allah kanggo salawas-lawasé,

13sarta ing samengko Panjenengané mung ngantos-antos tekan waktuné anggoné mungsuh-mungsuhé kadadèkaké ancik-anciking sampéyané;

14sabab sarana kurban siji baé Panjenengané wis damel sampurna kanggo salawas-lawasé tumrap para wong kang padha kasucèkaké.

15Lan Roh Suci uga maringi paseksi marang kita,

16sabab sawisé Panjenengané ngandika, "Iki prajanjian kang bakal sunanakaké karo wong-wong iku, sawisé dina-dina iku," Panjenengané banjur ngandika manèh: "Ingsun bakal maringaké angger-anggeringsun ana ing atiné, sarta sunserat ana ing budiné,

17sarta Ingsun ora ngènget-ènget manèh marang sakèhing dosa lan paneraké."

18Dadi menawa iku kabèh wis kaapura, ora prelu ana kurban manèh kang kasaosaké marga saka dosa.

19Kang iku para Sadulur, sarana rahé Yésus, ing samengko kita bisa lumebu ing pasucèn kanthi kendel lan mantep,

20amarga Panjenengané wis mbikak dalan kang anyar sarta kang urip kanggo kita metu ing geber, yaiku sarirané piyambak,

21lan kita duwé imam kang luhur tumrap padalemané Allah.

22Mulané, payo kita padha sowan ing ngarsané Allah kanthi ati kang tulus lan éklas sarta kalawan iman kang teguh, amarga ati kita wis karesikaké saka rumangsaning ati kang ala lan badan kita wis dikumbah nganggo banyu kang resik.

23Payo padha dikukuh anggon kita ngandhemi pangarep-arep kang wis dadi paugeman kita, jalaran Panjenengané, kang mrasetyakaké iku setya-tuhu.

24Sarta payo padha nggatèkaké siji lan sijiné, supaya kita padha atag-ingatag ing katresnan lan ing panggawé kang utama.

25Kita aja padha ngedohi pakumpulan-pakumpulan pangibadah kita, kaya pakulinané sawenèhing wong, ananging payo padha éling-ingélingaké, luwih manèh anggon kita ngerti menawa dina rawuhé Gusti wis saya cedhak.

26Sabab menawa kita njarag gawé dosa sawisé padha nampa kawruh bab kayektèn, mesthi ora ana kurban manèh kanggo mbirat dosa iku.

27Ananging, anané mung nunggu tekané pangadilan kang nggegirisi sarta geni kang ngalad-alad kang bakal ngobong sakèhé wong kang mbaléla.

28Menawa ana wong nampik angger-anggeré Musa, iku kaukum pati tanpa palimirma kanthi paseksiné wong loro utawa telu.

29Méndah saya aboté paukuman kang kudu kasangga déning wong kang nyawiyah Putraning Allah, sarta kang nganggep najis marang rahing prajanjian kang nucèkaké wong mau, tuwin nyenyamah marang Rohing sih-rahmat!

30Jalaran kita sumurup marang Panjenengané kang ngandika, "Piwales iku wewenangingsun. Ingsun kang bakal nindakaké piwales." Sarta manèh, "Pangéran bakal ngadili umaté."

31Nggegirisi banget, menawa tumiba ing astané Allah kang gesang.

32Padha élinga marang mangsa kang wis kapungkur. Sawisé kowé tampa pepadhang, kowé padha tahan nglakoni perang kang abot sarta nandhang sangsara,

33dadia nalika kowé padha kagawé tontonan kanthi diwewada sarta dianiaya, samono uga nalika kowé padha mèlu ngrasakaké panandhangé wong-wong kang padha digawé kaya mangkono mau.

34Kowé pancèn padha ngrasakaké panandhangé wong-wong ukuman sarta nalika barang darbèkmu dijarah, kowé nampa iku kanthi bungah, amarga kowé padha sumurup, menawa kowé nduwèni bandha kang luwih aji sarta langgeng.

35Kang iku kowé aja padha ninggal keyakinanmu, amarga gedhé ganjaran kang wis kacawisaké.

36Sabab kowé padha mbutuhaké sabar-mantep, supaya sawisé kowé nglakoni karsané Allah, padha nampa apa kang wis kaprasetyakaké iku.

37"Amarga kari sadhéla manèh, malah mung kurang sadhéla banget, Panjenengané kang bakal rawuh, bakal tedhak, lan ora nyumenèkaké rawuhé.

38Nanging wong kagunganingsun kang bener iku uripé marga saka pracaya. Déné menawa mundur saka pracayané, Ingsun bakal ngemohi wong iku."

39Balik kita iki dudu panunggalané wong-wong kang mundur saka pracayané sarta nemahi karusakan, nanging wong-wong kang padha pracaya lan kang kaparingan urip.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ibrani 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel