Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Ibrani 12 >> 

1Sarèhné kita padha duwé seksi akèh, kayadéné méga kang ngupengi kita, mulané payo padha mbuwang sakèhing momotan sarta dosa kang tansah ngganggu-gawé kita, sarta kalawan sabar-mantep padha lumayu ing pabalapan kang kawajibaké tumrap kita.

2Payo padha kita lakoni kanthi mandeng marang Yésus, kang ngasta kita ing sajroning pracaya sarta kang nuntun pracaya kita marang kasampurnan, kang ora ngétang kanisthan kalawan mantep manggul salib, sulihing kabungahan kang kacawisaké kagem Panjenengané kang samengko lenggah ana ing tengening dhamparé Allah.

3Padha tansah élinga marang Panjenengané, kang mantep anggoné nahan pambantahé para wong dosa kang samono kerasé iku marang Panjenengané, supaya kowé aja nganti padha lesu sarta semplah.

4Anggonmu perang nglawan dosa, iku durung nganti padha ngwutahaké getih.

5Apa kowé wis padha lali marang pitutur kang kadhawuhaké marang kowé kaya marang para putra, "Hé anakku, aja nyepèlèkaké panggulawenthahé Gusti, sarta aja padha nglokro menawa kowé diélikaké;

6amarga Gusti matrapi marang wong kang ditresnani, sarta nggitiki wong kang kaanggep putra."

7Menawa kowé padha ngalami dipatrapi, Allah iya ngrengkuh kowé kaya marang putra. Endi ta ana anak kang ora tau dipatrapi déning bapakné?

8Nanging menawa kowé ora tau dipatrapi, kang kudu kasandhang déning saben wong, dadiné kowé iku anak jadah lan dudu putra.

9Sabanjuré, saka bapa kita kadonyan, kita wis padha kapatrapan, mangka iya padha kita éringi, menawa mangkono apa kita ora kudu padha luwih sumuyud marang Ramané sakèhing roh, supaya kita kepareng urip?

10Bapa kita matrapi kita mung sawatara mangsa miturut apa baé kang kaanggep becik, nanging Panjenengané anggoné matrapi kita iku murih beciké, supaya kita kapanduman kasucèné.

11Sarupaning patrapan iku samangsa lagi kaparingaké pancèn ora mbungahaké, nanging nyedhihaké. Déné saterusé banjur metokaké wohing kayektèn kang njalari tentrem marang wong-wong kang padha dikulinakaké ing bab iku.

12Mulané, kencengna tangan kang lemes sarta dhengkul kang théklok;

13sarta ratakna dalan kang kaambah sikilmu, supaya kang pincang aja nganti kesléo, nanging dadi waras.

14Padha ngudia rukun karo wong kabèh, sarta ngaraha marang kasucèn; jalaran tanpa kasucèn, ora ana wong siji baé kang bakal ndeleng Gusti.

15Padha diprayitna aja nganti ana wong kang ngoncati sih-rahmaté Allah, murih aja nganti ana oyod pait kang thukul sarta nuwuhaké rerusuh kang njemberi wong akèh.

16Aja ana wong kang laku cabul utawa kang nduwèni napsu kang asor kaya Ésau, kang ngedol wewenangé pambarep diijolaké pangan sapiring.

17Jalaran kowé padha sumurup, menawa sawisé mangkono, nalika arep nampani berkah, ditampik, sabab ora olèh wewengan kanggo ndandani kaluputané, sanadyan anggoné ngupaya iku kanthi mbrebes mili.

18Amarga kowé ora padha marani apa kang bisa kagepok sarta geni kang ngalad-alad, tuwin marang pepeteng, palimengan lan prahara,

19marang unining kalasangka apadéné unining swara, kang ndadèkaké para kang padha krungu nganti padha nyuwun, supaya aja nganti dingandikani manèh,

20awit padha ora betah ngrungokaké dhawuh iki, "Dalah kéwan baé menawa ana kang nggepok gunung iku, kudu dibenturi watu."

21Sanyata nggegirisi banget apa kang dipirsani iku, nganti Musa ngandika, "Aku giris banget lan gumeter."

22Nanging kowé wis sowan menyang Gunung Sion, menyang kuthané Allah kang gesang, Yérusalèm kaswargan sarta marang golongané malaékat maèwu-èwu, kumpulan kang mbungahaké,

23sarta marang pasamuwané para pambarep, kang jenengé wis padha katulis ana ing swarga, sarta marang Allah, kang ngadili sakèhing wong, sarta marang rohé para wong mursid kang wis kasampurnakaké,

24sarta marang Yésus, Pantawisé prajanjian anyar, lan marang rah pangepyuran, kang swarané luwih cetha tinimbang karo getihé Habél.

25Padha diprayitna, supaya aja nampik Panjenengané, kang medhar pangandika. Jalaran menawa wong-wong kang nampik Panjenengané kang wis paring dhawuh pepènget ana ing bumi iki, ora bisa oncat, apamanèh kita, menawa kita nyingkur Panjenengané, kang ngandika saka ing swarga.

26Ing nalika iku swantené nggonjingaké bumi, nanging samengko Panjenengané paring prasetya, "Ingsun bakal ngoregaké sapisan engkas, ora mung bumi baé, malah langit uga."

27Tembung, "sapisan engkas" iku nuduhaké owah-owahané samubarang kang bisa digonjingaké, yaiku apa kang katitahaké, supaya apa kang ora bisa gonjing, iku lestari.

28Kang iku, sarèhné kita padha nampani kraton kang ora bisa gonjing, payo padha ngaturaké panuwun lan padha ngabekti marang Allah, miturut patrap kang ndadèkaké keparengé, kalawan urmat lan wedi-asih,

29sabab Allah kita iku latu kang memangsa.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ibrani 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel