Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 11 >> 

1Para rasul lan sadulur-sadulur tunggal pracaya ing Yudéa padha krungu, menawa bangsa-bangsa liya uga nampani pangandikaning Allah.

2Bareng Pétrus rawuh ing Yérusalèm wong-wong golongan tetakan padha padudon karo panjenengané,

3pangucapé, "Panjenengan sampun lumebet ing griyanipun tiyang-tiyang ingkang mboten tetak saha dhahar sesarengan kaliyan tiyang-tiyang wau."

4Nanging Pétrus banjur nerangaké samubarang kabèh kanthi runtut, pangandikané,

5"Kula saweg ndedonga wonten ing kitha Yopé, dumadakan roh kula kalimputan ing pangwaosipun Allah, kula lajeng sumerep tetingalan: wonten barang ingkang wujud lawon wiyar, gumantung ing poncotipun sekawan kaedhakaken saking langit ngantos dumugi ing ngajeng kula.

6Sareng kula tamataken, kula sumerep sawarnining kéwan wonten ing lebetipun, kéwan suku sekawan, kéwan wanan, kéwan rumangkang saha peksi-peksi.

7Kula lajeng mireng swanten ingkang ngandika dhateng kula: Ngadega, Pétrus, nyembelèha lan mangana!

8Nanging kula matur, ‘Mboten, Gusti, amargi dèrèng naté wonten barang ingkang karam utawi ingkang mboten resik, ingkang lumebet ing cangkem kawula.’

9Éwadéné swanten saking swarga wau lajeng ngandika dhateng kula ingkang kaping kalihipun, ‘Apa kang kapangandikakaké déning Allah, menawa iku halal, aja kokarani haram!’

10Bab punika kalampahan ngantos kaping tiga, sadaya wau nunten kaangkat malih dhateng langit.

11Sanalika punika wonten tiyang tiga ingkang ngadeg ing sangajenging griya, ingkang kula sipengi; tiyang-tiyang wau utusan saking Kaisaréa murugi kula.

12Kula nunten dipun ngandikani déning Roh, ‘Mangkata bebarengan karo wong-wong iku lan aja mangu-mangu!’ Sadhèrèk enem punika tumut. Sareng kula lumebet ing griyanipun tiyang wau,

13tiyang punika tumunten nyariyosaken dhateng kula sadaya, anggènipun sumerep malaékat jumeneng ing griyanipun saha ngandika dhateng piyambakipun, ‘Kongkonana wong menyang Yopé methuk Simon kang peparab Pétrus.

14Iku bakal awèh pawarta marang kowé, kang bakal nekakaké karahayon tumrap kowé dalah sabrayatmu kabèh.’

15Sareng kula wiwit wicanten, tiyang-tiyang wau lajeng sami katedhakan Roh Suci, sami kadosdéné kita kala rumiyin.

16Kula nunten kèngetan dhateng pangandikaning Gusti, ‘Yohanes mbaptis nganggo banyu, nanging sira kabèh bakal kabaptis kalawan Roh Suci.’

17Dados manawi Allah maringaken rahmatipun dhateng tiyang-tiyang wau sami kadosdéné dhateng kula nalika kita wiwit pitados dhateng Gusti Yésus Kristus, kadospundi anggèn kula saged nulak karsanipun Allah?"

18Bareng krungu kang mangkono iku, pasamuwan banjur bisa nampa sarta padha ngluhuraké Allah, pangucapé, "Dadiné Allah uga paring pitobat marang bangsa-bangsa liya, kang nuntun marang urip."

19Kacarita marga saka panganiaya kang kelakon sawusé Stéfanus kaukum pati, akèh sadulur tunggal pracaya padha buyar nganti tekan Fénisia, Siprus lan Antiokhia, déné anggoné martakaké Injil mung marang wong Yahudi.

20Nanging ana sawatara panunggalané wong Siprus lan wong Kiréné, kang teka ing Antiokhia lan banjur wawan-rembug karo wong-wong kang nggunakaké basa Yunani sarta martakaké Gusti Yésus.

21Astané Gusti nunggil karo wong-wong mau, satemah akèh kang padha dadi pracaya sarta mratobat marang Panjenengané.

22Pawarta bab wong-wong mau keprungu déning pasamuwan ing Yérusalèm; Barnabas banjur kautus déning pasamuwan menyang Antiokhia.

23Bareng wis rawuh ing kono lan pirsa sih-rahmating Allah, Barnabas bingah. Sarta paring pitutur marang wong-wong mau, supaya padha tetep setya marang Gusti,

24awit Barnabas iku saé penggalihé, kapenuhan ing Roh Suci lan pracaya. Temahan ana wong akèh kang padha kawuwuhaké ing pasamuwané Gusti.

25Barnabas banjur tindak menyang Tarsus madosi Saulus. Bareng wus pinanggih tumuli diajak menyang Antiokhia,

26sarta padha tetunggilan karo pasamuwan nganti sataun lawasé, sinambi memulang marang wong akèh. Ana ing Antiokhia kono para murid wiwit padha kasebut Kristen.

27Nalika samana ana nabi sawatara kang rawuh ing Antiokhia saka Yérusalèm.

28Ana siji kang asmané Agabus, jumeneng sarta marga saka kwaosing Roh ngandika, yèn ing saindenging jagat bakal katekan paceklik gedhé, kang iya kelakon nalika jamané Klaudius.

29Para murid banjur padha mutus arep nglumpukaké sumbangan miturut kekuwatané dhéwé-dhéwé, bakal dikirimaké marang para sadulur tunggal pracaya ing Yudéa.

30Iku iya kelakon lan banjur dikirimaké marang para pinituwa lumantar Barnabas lan Saulus.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kisah Para Rasul 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran