Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 13 >> 

1Nalika iku ing pasamuwan Antiokhia ana nabi lan guru sawatara, yaiku: Barnabas lan Siméon kang karan Niger, lan Lukius wong Kiréné, sarta Menahèm, kang biyèn diemong bareng karo Hérodès raja wilayah, lan Saulus.

2Ing sawijining dina, nalika lagi padha nindakaké pangibadah marang Gusti sarta pasa, Roh Suci ngandika, "Barnabas lan Saulus padha pijinen, supaya padha nglakoni ayahan, kang wis suntemtokaké tumrap sakaroné."

3Mulané banjur padha pasa lan ndedonga, sarta sawisé ditumpangi asta, sakaroné padha dililani mangkat.

4Sakaroné, kang padha kautus déning Roh Suci iku, nuli tindak menyang Séléukia; saka ing kono padha lelayaran menyang Siprus.

5Bareng wus rawuh ing Salamis, banjur padha martosaké pangandikaning Allah ana ing papan-papan pangibadahé wong Yahudi, sarta Yohanes ndhèrèkaké minangka pambantu.

6Nuli padha ndlajahi saindengé pulo mau, nganti tekan ing Pafos; ana ing kono kepanggih wong Yahudi, jenengé Baryésus. Iku dadi tukang sihir lan nabi palsu.

7Apamanèh dadi mitrané gubernur ing pulo kono, priyagung kang lantip, asmané Sèrgius Paulus. Gubernur iku nimbali Barnabas lan Saulus sabab kepéngin mirengaké pangandikaning Allah.

8Nanging Élimas -- mangkono jenengé tukang sihir mau -- ngalang-alangi sakaroné sarta mbudi-daya ngénggokaké supaya Gubernur aja nganti pracaya.

9Nanging Saulus, kang uga asma Paulus, kang kapenuhan ing Roh Suci, nuli mencerengi wong mau

10lan ngandika, "Hé, anak Iblis, kang kebak ing kaculikan lan piala, kowé iku mungsuhé sakèhing kayektèn, apa kowé ora uwis-uwis anggonmu ngingeraké Margining Pangéran, kang lenceng iku?

11Saiki delengen, astaning Pangéran nempuh marang kowé, kowé dadi picak, sawatara dina kowé ora bisa weruh srengéngé." Lan sanalika iku uga wong mau rumangsa kalimputan ing pedhut lan pepeteng, banjur grayah-grayah golèk wong kang nuntun.

12Ndeleng apa kang mentas kelakon iku, Gubernur banjur pitados, sarta kaéraman marga saka piwulangé Gusti iku.

13Paulus sakanthiné banjur tindak saka Pafos lan lelayaran menyang Pérga ing Pamfilia. Nanging Yohanes tumuli misah lan bali menyang Yérusalèm.

14Saka Pérga padha nglajengaké tindaké menyang Antiokhia ing Pisidia. Bareng dina Sabat sakaroné tindak menyang papan pangibadah, tumuli lenggah ana ing kono.

15Sawisé angger-anggering Torèt lan kitabé para nabi kawaca, para punggawaning papan pangibadah padha kongkonan matur marang sakaroné, "Para Sadhèrèk, bokbilih panjenengan sami kagungan pangandika minangka pambangun saha panglipur tumrap umat punika, sumangga kula aturi ngandikakaken."

16Paulus banjur jumeneng sarta sawusé paring sasmita kalawan astané, nuli ngandika, "Para Sadhèrèk Israèl saha para ingkang sami ngabekti ing Allah, kula aturi sami midhangetaken.

17Allahipun bangsa Israèl sampun milih leluhur kita, tuwin kadadosaken bangsa ingkang ageng, nalika dados tiyang neneka wonten ing tanah Mesir, tumunten kairid medal saking nagari wau déning Panjenenganipun sarana ngangkat astanipun.

18Salebetipun kawan dasa taun Panjenenganipun nyabari pratingkahipun wonten ing ara-ara samun.

19Sarta sasampunipun nyirnakaken bangsa pepitu ing tanah Kanaan, Panjenenganipun lajeng mbagé-bagé tanah wau dhateng leluhur kita kadadosaken tanah pusaka.

20Sasampunipun watawis kawan atus sèket taun, lajeng kaparingan hakim-hakim ngantos dumugi ing jamanipun Nabi Samuèl.

21Sasampunipun makaten sami nyuwun kaparingana raja. Allah nunten maringi Saul, anakipun Kish, saking taler Bényamin, laminipun sekawan dasa taun.

22Sasampunipun Saul kasingkiraken, Allah lajeng ngangkat Daud, kajumenengaken raja. Tumrap Daud punika, Allah sampun pratéla, ‘Ingsun wus manggih Daud, anaké Isai, wong kang ndadèkaké keparenging panggalihingsun sarta kang nglakoni sakèhing karsaningsun’.

23Inggih saking trahipun punika, Allah -- ngetrepi kaliyan ingkang sampun kaprasetyakaken -- miyosaken Juru-wilujeng tumrap tiyang Israèl, inggih punika Yésus.

24Nalika ngajengaken rawuhipun, Yohanes sampun ngatag-atag dhateng bangsa Israèl sadaya, supados sami mratobat saha kabaptis.

25Salajengipun, nalika Yohanes sampun mèh rampung anggènipun nindakaken ayahanipun, panjenenganipun ngandika makaten, ‘Aku iki kokkira sapa? Aku iki dudu Panjenengané. Sayektiné Panjenengané iku bakal rawuh sawisé aku. Nadyan nguculi agemé trumpah saka ing sampéyané baé, aku ora pantes’.

26Lah para Sadhèrèk ingkang kalebet trahipun Abraham, saha para ingkang sami ngabekti dhumateng Allah, kabar kawilujengan punika sampun kaparingaken dhateng kita.

27Para ingkang sami manggèn ing Yérusalèm saha para pangagengipun sami mboten purun ngakeni Yésus. Sarana anggènipun ndhawahaken paukuman pejah tumrap Panjenenganipun, sami dados kayektosaning pangandikanipun para nabi, ingkang kawaos ing saben dinten Sabat.

28Sanadyan tiyang-tiyang mboten manggih bab-bab ingkang njalari Yésus kaukum pejah, éwasemanten sami nyuwun sédanipun dhateng Pilatus.

29Saha sasampunipun sami nglampahi sadaya ingkang sinerat tumrap Panjenenganipun, Panjenenganipun lajeng kaedhakaken saking kajeng salib tuwin kasarèkaken.

30Nanging nunten kawungokaken déning Allah saking antawisipun tiyang pejah,

31sarta ngantos sawatawis wekdal anggènipun ngatingal dhateng para ingkang sami ndhèrèk Panjenenganipun saking Galiléa dhateng Yérusalèm. Inggih tiyang-tiyang punika ingkang sapunika sami dados seksinipun wonten ing sangajengipun umat punika.

32Déné kula sadaya sapunika sami martosaken kabar-kabingahan dhateng panjenengan sadaya, inggih punika, bilih prajanjian ingkang kaparingaken dhateng para leluhur kita punika,

33sampun dipun tetepi déning Allah tumrap kita, para turunipun, sarana anggènipun mungokaken Yésus, kados ingkang kaserat ing masmur ingkang kaping kalih: Sira iku Putraningsun! Ingsun wis jumeneng Ramanira ing dina iki.

34Allah sampun mungokaken Panjenenganipun saking antawisipun tiyang pejah saha mboten badhé kapasrahaken malih dhateng karisakan. Bab punika kapratélakaken déning Pangéran wonten ing pangandikanipun, makaten: Ingsun bakal netepi prajanji-prajanji kang suci kang kena kapracaya tumrap sira, kang wis sunparingaké marang Daud.

35Awit saking punika wonten ing masmur sanèsipun pangandikanipun makaten: Paduka mboten badhé masrahaken Abdi Paduka ingkang suci dhateng karisakan.

36Awit Daud nglampahi karsaning Allah ing jamanipun, lajeng séda saha kasarèkaken nunggil kaliyan para leluhuripun, punapadéné pancèn kaulungaken dhateng karisakan.

37Nanging Yésus ingkang kawungokaken déning Allah, mboten ngalami makaten.

38Pramila ndadosna ing kauningan, para Sadhèrèk, margi saking Panjenenganipun punika, panjenengan sadaya sami kawartosan bab pangapuntening dosa. Déning angger-anggeripun Musa, panjenengan mboten badhé saged kaleresaken.

39Déné wonten ing Panjenenganipun saben tiyang ingkang pitados, kaleresaken.

40Pramila sami kula aturi waspada, supados sampun ngantos kalampahan tumrap panjenengan punapa ingkang sampun kapangandikakaken wonten ing kitabipun para nabi, ingkang suraosipun:

41Padha diéling, hé wong kang padha seneng ngina, padha érama lan sirnaa, sabab Ingsun nindakaké pakaryan ing jamanira, yaiku pakaryan kang sira ora bakal ngandel, saupama dicaritakaké marang sira."

42Nalika Paulus lan Barnabas miyos, wong-wong padha nyuwun supaya sakaroné ing dina Sabat candhaké karsa paring pangandika manèh bab mau.

43Sarampungé nindakaké pangibadah, wong Yahudi lan para wong kang ngenut agama Yahudi kang padha ngabekti marang Allah, padha ndhèrèkaké Paulus lan Barnabas; rasul loro iku padha paring piwulang lan pitutur marang wong-wong mau, supaya padha lestari dumunung ana ing sajroning sih-rahmaté Allah.

44Ing dina Sabat candhaké, mèh wong sakutha kabèh padha nglumpuk ngrungokaké pangandikaning Allah.

45Nanging bareng wong Yahudi padha weruh wong akèh iku, banget anggoné padha mèri lan karo misuh-misuh padha mbantah apa kang dingandikakaké déning Paulus.

46Nanging Paulus lan Barnabas kanthi kendel ngandika, "Pancèn pangandikanipun Allah punika kedah kawartosaken dhateng panjenengan sadaya langkung rumiyin, nanging panjenengan sami nampik lan nganggep mboten pantes tampi gesang langgeng. Pramila kula lajeng sami murugi bangsa-bangsa sanès,

47awit dhawuhipun Pangéran dhateng kula kekalih, mekaten: Sira wus suntetepaké dadi pepadhang tumrap bangsa-bangsa liya, supaya sira dadi marganing karahayon nganti tumeka ing pungkasaning bumi."

48Krungu kang mangkono iku, wong kabèh kang saka panunggalané bangsa-bangsa liya padha bungah sarta padha ngluhuraké pangandikaning Pangéran, sarta wong kabèh kang kapasthèkaké déning Allah tampa urip langgeng, padha dadi pracaya.

49Pangandikané Pangéran banjur kawartakaké ing saindenging tanah kono.

50Wong Yahudi padha ngojok-ojoki wong-wong wadon kajèn kéringan kang bekti marang Allah sarta para panggedhé ing kutha kono. Wong-wong mau banjur njalari anané panguya-uya marang Paulus lan Barnabas, temahan sakaroné padha ditundhung saka wilayah kono.

51Nanging, Paulus lan Barnabas nuli padha ngetabaké lebu kang ana ing samparané, minangka pamelèh marang wong-wong mau, banjur tindak menyang Ikonium.

52Déné para murid ing Antiokhia padha kebak kabungahan lan kapenuhan Roh Suci.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kisah Para Rasul 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2018
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran