Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 17 >> 

1Paulus lan Silas tumuli padha tindak langkung Amfipolis lan Apolonia, banjur tekan Tésalonika. Ing kono ana papan pangibadahé wong Yahudi.

2Kaya adaté, Paulus nuli lumebet mrono, sarta nganti telung dina Sabat terus-terusan anggoné rerembagan karo wong Yahudi bab pérang-péranganing Kitab Suci.

3Panjenengané nerangaké lan nedahaké, yèn Mésias iku kudu nandhang sangsara lan wungu manèh saka ing antarané wong mati, banjur ngandika, "Menggah Mésias punika inggih punika Yésus, ingkang kula wartosaken dhateng panjenengan."

4Ana sawatara panunggalané wong-wong mau kang padha yakin lan banjur manunggal karo Paulus lan Silas lan uga ana wong Yunani sawatara akèh kang padha bekti ing Allah, samono uga para wanita kang kajèn ora sathithik cacahé.

5Nanging wong-wong Yahudi iku padha mèri lan dibantu déning wong ala sawatara kang kluyuran ing pasar, padha gawé ribut sarta ngisruhaké kutha kono. Wong-wong iku padha nyerang omahé Yason, sedyané arep ngladèkaké Rasul Paulus lan Silas marang parepataning rakyat.

6Nanging bareng padha ora ketemu, Yason lan sadulur sawatara padha diglandhang menyang ngarsané para panggedhéning kutha, kalawan nywara sora, "Tiyang-tiyang ingkang sampun sami damel ributing jagat sadaya punika ugi sampun sami dumugi ing ngriki,

7tuwin Yason punika nampèni tiyang-tiyang wau wonten ing griyanipun. Tiyang punika sami nglawan dhateng pranatan-pranatanipun Kaisar, sami mratélakaken, bilih wonten raja sanès, inggih punika Yésus."

8Nalika wong akèh lan para panggedhéning kutha padha mireng, banjur padha ribut.

9Nanging bareng Yason lan sadulur-sadulur tunggal pracaya liyané padha masrahaké dhuwit tanggungan, banjur padha dililani mundur.

10Nanging ing bengi iku uga Paulus lan Silas diaturi déning para sadulur tunggal pracaya ing kono supaya énggal tindak menyang Béréa. Sarawuhé ing kono banjur padha tindak menyang papan pangibadahé wong Yahudi.

11Wong-wong Yahudi ing kutha kono atiné padha luwih longgar tinimbang para wong Yahudi ing Tésalonika, sabab padha nampani pangandika kalawan legawa sarta saben dina padha niti-priksa Kitab Suci supaya bisa sumurup, apa iku kabèh wis bener mangkono.

12Akèh panunggalané kang dadi pracaya; uga ora sathithik panunggalané bangsa Yunani, lanang lan wadon kang kajèn.

13Nanging bareng wong-wong Yahudi ing Tésalonika padha ngerti, yèn Paulus ana ing Béréa uga martakaké pangandikaning Allah, banjur padha teka mrono ngojok-ojoki lan nggorèhaké atiné wong akèh.

14Nanging para sadulur tunggal pracaya banjur padha ngaturi Paulus supaya énggal tindak menyang pasisir, déné Silas lan Timotius isih padha kantun ana ing Béréa.

15Wong-wong kang nguntapaké Paulus padha ndhèrèk tekan Aténa, banjur padha bali kalawan diwéling supaya Silas lan Timotius énggal padha nusul.

16Paulus sajroné ngentosi ana ing Aténa iku, banget sungkawa ing galih, amarga nguningani kutha kono kebak reca-reca brahala.

17Awit saka iku, ana ing papan pangibadah banjur wawan pangandika karo wong-wong Yahudi lan wong-wong kang padha bekti marang Allah, apadéné saben dina ana ing pasar karo wong-wong kang ketemu ana ing kono.

18Uga ana ahli pikir sawatara saka golongan Épikuros lan Stoa kang padha saraséhan karo panjenengané. Ana kang ngucap, "Apa ta kang arep dikandhakaké tukang ngocèh iku?" Nanging liyané kandha, "Sajaké wong iku nggiyaraké piwulangé déwa-déwa manca." Sabab kang diwartakaké iku Injil bab Yésus lan patangèn.

19Wong-wong mau banjur padha ngaturi Paulus rawuh ing Aréopagus lan matur, "Punapa kula sami kepareng mirengaken piwulang énggal ingkang panjenengan wulangaken punika?

20Amargi kula sami panjenengan wartosi prakawis-prakawis ingkang anèh. Pramila kula sami kepéngin mangertos, punapa tegesipun punika sadaya."

21Wong-wong Aténa lan wong-wong manca kang padha manggon ing kono iku ora kober nindakaké bab liyané kajaba mung ngandhakaké lan ngrungokaké samubarang kang anyar.

22Paulus banjur jumeneng ana ing Aréopagus lan ngandika, "Para Sadhèrèk ing Aténa, kula sumerep, bilih panjenengan sadaya punika tumrap punapa kémawon sakalangkung bekti dhateng para déwa.

23Amargi nalika kula mider-mider wonten ing kitha panjenengan saha ningali barang-barang ingkang panjenengan pundhi-pundhi, kula inggih mrangguli misbyah ingkang kaseratan makaten: Konjuk ing Allah ingkang mboten kasumerepan. Wondéné ingkang sami panjenengan sembah-sembah, sanadyan panjenengan mboten tepang punika, inggih punika ingkang badhé kula wartosaken.

24Allah ingkang nitahaken jagat saisinipun sadaya punika, sarèhning jumeneng Pangéraning langit lan bumi, pramila mboten dumunung wonten ing kuil-kuil damelanipun manungsa,

25sarta ugi mboten dipun ladosi tanganing manungsa, kados-kados Panjenenganipun kakirangan punapa-punapa; amargi inggih Panjenenganipun punika ingkang paring gesang sarta napas saha samukawis ingkang dados kabetahanipun manungsa sadaya.

26Bangsa lan umat sadaya punika kadadosaken déning Panjenenganipun saking tiyang satunggal, supados sami ngenggèni jagat punika sadaya, punapadéné Panjenenganipun sampun namtokaken mangsa-mangsa tuwin wates-watesing pamanggènipun.

27Punika supados tiyang sami madosi Panjenenganipun saha kanthi gagap-gagap sageda pinanggih kaliyan Panjenenganipun, sanadyan Panjenenganipun punika mboten tebih kaliyan kita piyambak-piyambak.

28Jalaran wonten ing Panjenenganipun, kita punika gesang, ébah, lan wonten, kadosdéné ingkang ugi sampun kapratélakaken déning para pujangga panjenengan: Sabab kita punika ugi sami dados tedhak-turunipun Allah.

29Sarèhning kita punika tedhak-turunipun Allah, mila kita mboten kénging gadhah pamanggih, bilih kawontenanipun Allah punika kadosdéné pepethan emas, pérak utawi séla, ingkang kadamel srana kagunan saha kawasisanipun manungsa.

30Tanpa ngèngeti malih dhateng jamanipun manungsa kirang pangretosan, Allah sapunika martosaken dhateng manungsa, bilih wontena ing pundi-pundia kémawon, tiyang sadaya kedah mratobat.

31Amargi Panjenenganipun sampun namtokaken dinten anggènipun badhé ngakimi jagat kanthi adil, lumantar Tiyang ingkang sampun kapiji; mawi dipun buktèkaken dhateng tiyang sadaya, srana anggènipun kawungokaken saking antawisipun tiyang pejah."

32Wong-wong mau bareng krungu bab tanginé wong mati, banjur ana kang padha moyoki, lan ana liyané kang padha ngucap, "Sanès wekdal kémawon kula sami badhé mirengaken sesorah panjenengan bab punika malih."

33Paulus banjur tindak saka ing satengahé wong-wong mau.

34Éwasamono iya ana wong sawatara kang nunggal karo Paulus lan padha dadi pracaya, kayata Dionisius, warganing pradata Aréopagus, lan wong wadon kang aran Damaris, sarta uga wong-wong liyané bebarengan karo wong-wong mau.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kisah Para Rasul 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel