Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 19 >> 

1Nalika Apolos isih ana ing Korintus, Paulus wus ndlajahi tanah-tanah pagunungan lan rawuh ing Éfesus. Ana ing kono panjenengané kepanggih karo murid sawatara.

2Iku padha didangu mangkéné, "Punapa panjenengan sampun sami nampèni Roh Suci, nalika sami pitados?" Nanging banjur padha matur, "Dèrèng, malah kula dèrèng naté sami mireng, bilih Roh Suci punika wonten."

3Paulus nuli ndangu, "Manawi makaten, panjenengan sami kabaptis nganggé baptisan punapa?" Atur wangsulané, "Nganggé baptisanipun Yohanes."

4Pangandikané Paulus, "Baptisanipun Yohanes punika baptisan pamratobat, sarta panjenenganipun lajeng ngandika dhateng tiyang kathah, bilih kedah pitados dhateng ingkang rawuhipun kantun, inggih punika Yésus."

5Nalika padha krungu bab iku, banjur padha kabaptis ing asmané Yésus.

6Lan nalika Paulus numpangi asta wong-wong mau, banjur padha katedhakan Roh Suci sarta padha wiwit guneman nganggo basa warna-warna tuwin padha medhar wangsit.

7Wong-wong mau gunggungé kira-kira ana rolas.

8Sajroning telung sasi, Paulus rawuh ing papan pangibadah lan memulang kanthi tatag; sarana dhébatan mbudi-daya supaya padha kadunungan kayakinan bab Kratoning Allah.

9Ananging bareng ana sawatara kang wangkot lan tetep ora gelem diyakinaké, malah ngala-ala Margining Pangéran ana ing ngarepé wong akèh, Paulus banjur nilar wong-wong mau, para muridé dipisah saka wong-wong kang wangkot iku, sarta ing saben dinané memulang ana ing papan pamulangané Tiranus.

10Bab iki ditindakaké rong taun lawasé, satemah wong saisining propinsi Asia kabèh, wong Yahudi lan wong Yunani padha ngrungokaké pangandikané Gusti.

11Lumantar Paulus, Allah ngawontenaké mukjijat-mukjijat kang ngédab-édabi,

12malah nganti kacu utawa lawon kang tau diagem déning Paulus ditumpangaké ing wong lara, temahan dadi lan warasé sarta roh-roh jahat padha metu.

13Ana dhukun Yahudi sawatara kang mider-mider ing tanah kono, kang padha nyoba nyebut asmané Gusti Yésus tumrap wong kang kasurupan roh-roh jahat, kalawan ngucap, "Kowé daksupatani atas asmané Yésus, kang diwartakaké déning Paulus."

14Wong-wong kang nindakaké mangkono iku cacahé pitu, yaiku putrané pangareping imam Yahudi, kang asma Skéwa.

15Nanging roh jahat iku mangsuli, "Kang asma Yésus iku aku wis wanuh, lan Paulus aku wis weruh, nanging kowé, sapa kowé iku?"

16Wong kang kasurupan roh jahat iku banjur nubruk marang wong-wong mau, padha kalah rosa, mulané kalah, temahan kalawan kawudan lan ketaton padha lumayu saka omahé wong iku.

17Bab iku kasumurupan déning sakèhing wong ing Éfesus, wong Yahudi lan wong Yunani, temah kabèh padha wedi, sarta asmané Gusti Yésus dadi saya kondhang.

18Akèh wong panunggalané kang wus padha pracaya, padha teka ana ing ngarepé wong akèh lan ngakoni panggawéné.

19Uga akèh wong panunggalané kang wus tau nindakaké sihir, kang banjur nglumpukaké buku-bukuné lan diobong ana ing ngarepé wong akèh. Ajiné buku-buku iku ditaksir ana sèket èwu dhuwit pérak.

20Marga saka mangkono iku, pangandikané Gusti saya sumebar lan saya gedhé wibawané.

21Sawusé kelakon iku mau kabèh, déning panuntuné Roh, Paulus kagungan karsa arep tindak menyang Yérusalèm nglangkungi Makédonia lan Akhaya. Pangandikané, "Sawisé mrono aku iya kudu weruh Roma."

22Banjur utusan pembantuné loro, yaiku Timotius lan Érastus, kadhawuhan ndhisiki menyang Makédonia, déné panjenengané piyambak kantun ana ing Asia sawatara mangsa.

23Nalika samana tuwuh kaributan gedhé marga saka Margining Pangéran.

24Déné jalarané ana wong lanang tukang pérak jenengé Démétrius, kang panguripané gawé pepethan pérak tetironing kuilé Dèwi Artémis. Iku ngolèhaké kauntungan ora sathithik marang wong kang padha nunggal sapagawéan.

25Wong-wong iku padha diklumpukaké dalah para tukang-tukangé kang tunggal sapagawéan sarta padha dituturi mangkéné, "Hé, para Sadulur, kowé kabèh padha sumurup, yèn kecukupan kita iku marga saka pagawéan iki!

26Mangka saiki kowé padha sumurup lan krungu, yèn Paulus iki ora mung ana ing Éfesus baé, nanging uga mèh ana ing saindenging Asia, wus mbebujuk lan nasaraké wong pirang-pirang kalawan mratélakaké, yèn apa kang digarap déning tanganing manungsa iku dudu déwa.

27Marga saka iku, ora mung pagawéan kita baé kang bakal ana sajroning bebaya dirèmèhaké déning wong, nanging uga kuilé Artémis, dèwi agung iku, bakal tanpa teges. Lan Artémis piyambak, Artémis kang disembah-sembah déning wong-wong sa-Asia kabèh lan wong sajagat kang wus maju, bakal sirna kaluhurané."

28Wong-wong mau bareng krungu kang mangkono iku banjur padha banget nepsuné, sarta padha nywara sora, "Kaluhurna Dèwi Artémis, sesembahané wong Éfesus!"

29Kaanan ing sakutha kabèh banjur dadi kisruh, wong-wong kabèh padha gumrudug menyang papan pagelaran-tontonan lan ngglandhang Gayus sarta Aristarkhus, sakaroné padha wong Makédonia, kang padha dadi kanca tindaké Paulus.

30Bareng Paulus arep tindak menyang satengah-tengahing wong akèh iku, dipenggak déning para muridé.

31Malah ana panggedhé sawatara kang asalé saka Asia, kang wis dadi mitrané Paulus, iku padha utusan ngèngetaké marang panjenengané, supaya aja tindak menyang papan pagelaran-tontonan.

32Wong-wong kang padha nglumpuk ana ing papan iku padha bengok-bengok, ana kang nywara sora mangkéné, ana kang mangkono, sabab kaanané kumpulan iku kisruh ora karuwan, kang akèh malah padha ora sumurup apa preluné nglumpuk iku.

33Banjur ana wong kang jenengé Alèksander kang dipurih maju déning wong-wong Yahudi. Wong iku tampa katrangan saka wong akèh bab apa kang kelakon, banjur kumlawé tangané, arep awèh katrangan minangka panjawab marang wong akèh.

34Nanging bareng wong-wong padha ngerti, yèn iku wong Yahudi, banjur padha nywara sora bebarengan nganti suwéné kira-kira rong jam, "Kaluhurna Artémis, sesembahané wong Éfesus!"

35Nanging tumuli disirep déning panitraning kutha, pangucapé, "Hé, wong-wong Éfesus! Sapa ta kang ora ngerti, yèn kutha Éfesus iku kang rumeksa marang kuilé Dèwi Artémis, kang mahaagung, sarta recané kang tumurun saka langit?

36Bab iku ora kena dibantah, mulané Sadulur kabèh, padha tenanga lan aja kesusu tumandang.

37Déné mungguh wong-wong kang padha kokgawa mréné, iku ora ngrampog kuilé sesembahan kita sarta ora nyenyamah asmané.

38Dadi menawa Démétrius lan tukang-tukangé duwé prakara karo sawenèhing wong, rak wus ana pangadilan lan ana gubernur, dadi karebèn padha gugat-gugatan ana ing kono.

39Déné yèn ana bab liyané kang kokkarepaké, iku prayogané dirampungaké ana ing parepataning rakyat kang absah.

40Amarga kita bakal padha nemu bebaya, yèn nganti ana pandakwa, menawa anggon kita ing dina iki padha gawé kaributan iki; awit ora ana dhasaré kang kena kanggo mbeneraké anané kumpulan kang kisruh ora karu-karuwan iki."

41Kalawan pitutur mangkono iku anggoné mbubaraké kumpulaning rakyat mau.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kisah Para Rasul 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel