Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 6 >> 

1Ing nalika iku, bareng cacahé para murid saya wuwuh, tumuli thukul panggrundel ing antarané wong-wong Yahudi kang basané Yunani marang wong-wong Ibrani. amarga para rasul ing paladèn saben dinané nglirwakaké pandumané para randhané wong-wong mau.

2Mulané rasul rolas banjur nimbali para murid kabèh, padha diklumpukaké lan dipangandikani, "Aku padha rumangsa ora prayoga, menawa marga saka leladi bab pangan nganti nglirwakaké paladosan bab pangandikaning Allah.

3Mulané, para Sadulur, padha miliha wong pitu saka ing antaramu, kang wus katitik becik, lan kapenuhan ing Roh sarta kawicaksanan, supaya aku padha bisa ngangkat wong-wong mau kanggo ayahan iku,

4satemah aku kabèh bisa nggatèkaké pikiran kita mung ana ing pandonga lan ing paladosan pangandika."

5Usul iku dituruti déning wong sapasamuwan kabèh, banjur milih Stéfanus, wong kang kapenuhan ing pracaya lan Roh Suci, sarta Filipus, Prokhorus, Nikanor, Timon, Parménas, tuwin Nikolaus, wong kang ngrasuk agama Yahudi saka Antiokhia.

6Wong-wong iku padha diaturaké ing ngarsané para rasul, lan para rasul banjur padha ndongakaké sarta numpangi asta.

7Pangandikaning Allah saya sumebar, sarta cacahé murid ing Yérusalèm saya mundhak akèh. Dalah para imam akèh kang padha pasrah dadi wong pracaya.

8Anadéné Stéfanus iku penuh ing rahmat lan pangwasa, nganakaké mukjijat-mukjijat lan pratandha-pratandha ana ing antarané wong akèh.

9Nanging banjur ana wong sawatara saka pasamuwan Yahudi, kang kasebut pasamuwané wong-wong mardika -- para wargané pasamuwan iku wong saka ing Kiréné lan Alèksandria -- bebarengan karo wong Yahudi sawatara saka ing Kilikia lan tanah Asia, kang padha bebantahan karo Stéfanus,

10nanging padha ora bisa nglawan kawicaksanané sarta Roh kang nuntun wicarané.

11Nuli padha ngojok-ojoki wong sawatara supaya padha duwéa atur mangkéné, "Kula sampun sami mireng tiyang menika nyenyamah dhateng Musa saha Allah."

12Kanthi patrap mangkono wong-wong mau padha gawé ributé wong akèh lan para pinituwa tuwin para ahli Torèt; tumuli padha bebarengan nangkep lan ngglandhang Stéfanus, diladèkaké ing ngarsané Pradata Agama,

13sarta banjur ngajokaké seksi-seksi palsu kang padha matur mangkéné, "Tiyang punika mboten kèndel-kèndel anggènipun nglairaken tetembungan ingkang nyenyamah dhateng panggènan suci punika saha dhateng angger-anggering Torèt,

14amargi kula sampun sami mireng wicantenipun, bilih Yésus, tiyang Nasarèt punika badhé mbibrah panggènan punika tuwin badhé nyantuni adat-tata-cara peparingipun Musa dhateng kita."

15Kabèh kang padha lenggah ing Parepatané Pradata Agama padha maspadakaké Stéfanus, banjur padha sumerep praupané Stéfanus kaya pasuryaning malaékat.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kisah Para Rasul 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel