Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 7 >> 

1Imam Agung tumuli ngandika, "Apa iya bener mangkono?"

2Wangsulané Stéfanus, "Para Sadhèrèk saha para bapa, sumangga sami karsa midhangetaken. Allah ingkang Mahamulya sampun ngatingal dhateng leluhur kita Abraham nalika taksih wonten ing Mésopotamia, sadèrèngipun dedalem wonten ing Haran,

3saha ngandikani makaten: Sira lungaa saka ing tanahira lan saka ing sanak-sadulurira sarta menyanga ing tanah kang bakal suntedahaké marang sira.

4Panjenenganipun lajeng jengkar saking tanahipun tiyang Kasdim, saha dedalem wonten ing Haran. Sasédanipun ingkang rama, lajeng kadhawuhan déning Allah pindhah saking ngriku dhateng tanah ngriki, ingkang sami panjenengan dalemi sapunika.

5Wonten ing ngriku Allah mboten maringi warisan dhateng panjenenganipun, siti sapecak kémawon mboten, nanging paring prajanji, badhé maringaken tanah punika dados kagunganipun turun-tumurun, sanadyan kala samanten dèrèng peputra.

6Saha Allah nunten ngandika, bilih tedhak-turunipun badhé dados tiyang neneka wonten ing nagari manca punapa malih badhé kadadosaken budhak sarta dipun aniaya laminipun kawan atus taun.

7Nanging bangsa kang bakal dikawulani iku - makaten pangandikanipun Allah -- bakal sunukum, lan sawusé iku, bakal padha metu saka kono tuwin bakal ngabekti marang Ingsun ana ing panggonan kéné.

8Allah lajeng maringi prajanjian tetak dhateng panjenenganipun, sarta makaten anggènipun Abraham peputra Iskak, ingkang nunten dipun supiti ing wolung dintenipun. Déné Iskak nurunaken Yakub, tuwin Yakub nurunaken bapa-leluhur kita taler kalih welas.

9Margi saking drengkinipun, para bapa-leluhur kita wau lajeng nyadé Yusuf dhateng tanah Mesir, nanging Allah nunggil kaliyan panjenenganipun,

10sarta dipun luwari saking sakathahing sangsaranipun saha kaparingan sih-rahmat tuwin kawicaksanan, nalika wonten ing ngarsanipun Firaun, raja ing Mesir, lajeng kawisudha déning Firaun dados tiyang ingkang ngasta pangwaos tumrap ing tanah Mesir tuwin tumrap kedhatonipun sadaya.

11Ing saindenging tanah Mesir lan ing tanah Kanaan lajeng kadhatengan paceklik saha kasisahan ageng, ngantos leluhur kita mboten saged angsal tedha.

12Nanging sareng Yakub midhanget, bilih ing tanah Mesir wonten gandum, lajeng utusan para leluhur kita mrika. Punika ingkang kapisan.

13Sareng lampahipun ingkang kaping kalih, Yusuf walèh dhateng para sadhèrèkipun, satemah asal-usulipun Yusuf lajeng kauningan déning Firaun.

14Yusuf lajeng utusan mapag Yakub, ramanipun, saha sadaya sanak-sadhèrèkipun, cacah-jiwa wonten pitung dasa gangsal.

15Yakub lajeng tindak dhateng Mesir, wasana séda wonten ing ngrika dalah para leluhur kita.

16Layonipun sami kabekta dhateng Sikhèm, kasarèkaken wonten ing pasaréan, ingkang sampun dipun pundhut déning Abraham sarana arta pérak saking para putranipun Hémor ing Sikhèm.

17Nanging saya celak kalampahaning prajanji ingkang dipun paringaken déning Allah dhateng Abraham, bangsa wau saya mindhak kathah wonten ing Mesir,

18ngantos wonten raja sanès ingkang ngasta pepréntahan ing tanah Mesir, ingkang mboten ngretos bab Yusuf.

19Raja punika nindakaken paékan dhateng bangsa kita, para leluhur kita dipun siya-siya saha dipun purih mbucali bayi-bayinipun, supados sami pejah.

20Kala samanten punika Musa miyos; panjenenganipun saé ing ngarsanipun Allah, lajeng kagulawenthah wonten ing dalemipun ingkang rama tigang wulan laminipun.

21Lajeng kabucal, nanging tumunten kapupu déning putra putrinipun Firaun, ingkang nggulawenthah kados putranipun piyambak.

22Musa nunten kawulang ing bab kasagedanipun tiyang Mesir sadaya, satemah lajeng kadunungan kawibawan ing wicara saha pandamel.

23Sareng sampun yuswa kawan dasa taun, panjenenganipun kagungan karsa badhé nuwèni para kadangipun inggih punika tiyang Israèl.

24Nalika punika panjenenganipun pirsa tiyang dipun aniaya déning tiyang Mesir, nunten dipun pitulungi saha dipun bélani, tiyang Mesir wau dipun pejahi.

25Pangintenipun, para kadangipun badhé mangertos, bilih panjenenganipun dipun agem déning Allah ngluwari para kadangipun wau sadaya, nanging sami mboten mangertos.

26Énjingipun panjenenganipun rawuh malih, kapinujon wonten tiyang Israèl kalih ingkang saweg kerengan, tumunten mbudidaya badhé ngrukunaken, pangandikanipun: Para Sadulur, kowé iku rak padha sadulur? Yagéné kok padha siya-siniya?

27Nanging tiyang ingkang nganiaya dhateng kancanipun punika lajeng mabeni Musa, aturipun:

28Sinten ingkang ngangkat panjenengan dados pangageng saha hakim kula? Punapa panjenengan kagungan karsa badhé mejahi kula, kadosdéné anggèn panjenengan mejahi tiyang Mesir kala wingi punika?

29Sareng midhanget atur makaten punika, Musa lajeng ngungsi saha dados tiyang neneka wonten ing tanah Midian. Wonten ing ngriku peputra kakung kalih.

30Sareng sampun kawan dasa taun, lajeng wonten malaékat ingkang ngatingal dhateng panjenenganipun wonten ing ara-ara samun ing redi Sinai, wonten ing latu murub ing grumbul eri.

31Musa gumun mirsani tetingalan punika, saha sareng nyelak badhé niti-priksa, nunten midhanget swantening Pangéran makaten:

32Ingsun iki Allahé leluhurira, Allahé Abraham, Ishak lan Yakub. Musa satemah gumeter saha ajrih mirsani.

33Lajeng dipun ngandikani déning Pangéran: Copoten trumpahé sikilira, amarga panggonan kang sira idak iku lemah kang suci.

34Ingsun wis nggatosaké kalawan temenan marang kasangsaraning umatingsun kang ana ing tanah Mesir, sarta wis miyarsakaké pasambaté, tuwin Ingsun wis tumedhak bakal ngluwari; mulané mrénéa, sira bakal sunutus menyang tanah Mesir.

35Musa ingkang sampun dipun tampik déning tiyang-tiyang wau sarana pangucapipun: Sinten ingkang ngangkat panjenengan dados pangageng saha hakim? -- inggih Musa punika ingkang kautus déning Allah dados pangageng sarta juru pangluwar, lumantar malaékat, ingkang sampun ngatingal dhateng panjenenganipun wonten ing grumbul eri.

36Inggih panjenenganipun punika ingkang ngirid medal tiyang-tiyang wau sarana nindakaken mukjijat-mukjijat tuwin pratandha-pratandha wonten ing tanah Mesir, wonten ing Saganten Abrit tuwin wonten ing ara-ara samun, ngantos kawan dasa taun dangunipun.

37Inggih Musa punika ingkang ngandika dhateng tiyang-tiyang Israèl: Allah bakal ngangkat nabi kaya aku iki kanggo kowé saka ing antarané para sadulurmu.

38Inggih Musa punika ingkang dados pantawis wonten ing salebeting pasamuwan ing ara-ara samun, ing antawisipun malaékat ingkang medharaken pangandika dhateng panjenenganipun wonten redi Sinai kaliyan leluhur kita; saha inggih panjenenganipun ingkang tampi pangandika-pangandika ingkang gesang, supados kaparingaken dhateng kula lan panjenengan sadaya.

39Nanging leluhur kita mboten sami mbangun-turut dhateng panjenenganipun, malah dipun tampik. Ing salebeting manah sami kepéngin wangsul dhateng tanah Mesir.

40Dhateng Harun aturipun tetiyang punika makaten: Kula sadaya panjenengan damelaken sesembahan sawatawis, ingkang badhé ngirid lampah kula, amargi Musa ingkang sampun nuntun kula sadaya medal saking tanah Mesir -- kula sami mboten sumerep kadospundi kawontenanipun.

41Kala samanten lajeng sami damel reca pedhèt, sarta brahala punika nunten dipun sajèni, saha lajeng sami sukan-sukan tumrap punapa ingkang dipun damel piyambak punika.

42Allah lajeng mengkeraken tiyang-tiyang wau, sami dipun uja anggènipun sami nyembah dhateng wadya-balaning langit, kados ingkang sampun kaserat wonten ing kitabipun para nabi makaten: Apa sira tau nyaosaké kurban sembeléhan lan pisungsung marang Ingsun, sajroné patang puluh taun ana ing ara-ara-samun, hé turuné Israèl?

43Ora tau, malah sira padha ngusung kémahé Molokh lan lintangé déwamu Réfan, reca-reca kang padha sira gawé sarta sira dadèkaké sesembahan. Mulané sira bakal sunbuwang nganti tekan ing sabranging tanah Babél.

44Kémahing Paseksi wonten ing satengahing leluhur kita wonten ing ara-ara samun, ingkang kayasa awit saking dhawuhipun Allah dhateng Musa, miturut conto ingkang sampun dipun tingali.

45Kémah wau tinampèn déning leluhur kita sarta lajeng kabekta lumebet dhateng tanah punika kalayan katuntun déning Yosua, inggih punika nalika tanah punika karebat saking bangsa-bangsa sanès, ingkang katundhung déning Allah saking sangajenging leluhur kita; makaten ngantos dumugi jamanipun Daud.

46Daud sampun tampi sih-rahmat wonten ing ngarsanipun Allah saha nyuwun, supados dipun parengna mbangun padaleman kagem Allahipun Yakub.

47Nanging Salomo ingkang yasa padaleman kagem Allah.

48Namung kémawon Ingkang Mahaluhur mboten dedalem ing yasaning tanganipun manungsa, kados ingkang kapangandikakaken déning nabi makaten:

49Langit iku dhamparingsun, sarta bumi iku ancik-anciking sampéyaningsun. Padaleman apa kang bakal sira yasa kagem Ingsun? Mangkono pangandikaning Pangéran, papan apa kang bakal dadi panggonan palerebaningsun?

50Apa dudu astaningsun piyambak kang yasa samubarang iki kabèh?

51Hé, tiyang ingkang sami ndableg, wangkot ing manah, sarta mbudheg, sampéyan tansah sami nglawan Roh Suci, sami kados leluhur sampéyan, inggih makaten ugi sampéyan sadaya.

52Nabi-nabi pundi ingkang mboten dipun aniaya déning leluhur sampéyan. Malah sami mejahi tiyang-tiyang ingkang langkung rumiyin memeca bab rawuhipun Sang Kayektèn, ingkang sapunika sampun sampéyan cidrani lan sampéyan sédani.

53Sampéyan sampun sami tampi angger-anggering Torèt, ingkang dipun paringaken lumantar para malaékat, nanging sami mboten sampéyan tetepi."

54Bareng para warganing Pradata Agama mireng iku mau kabèh, padha rumaos katuwek panggalihé sarta dadi padha kerot-kerot, gregeten marang Stéfanus.

55Nanging Stéfanus kapenuhan ing Roh Suci, tumenga ing langit, banjur pirsa kamulyaning Allah lan Yésus jumeneng ing tengening Allah.

56Nuli ngandika, "Sanyata, aku weruh langit menga lan Putraning Manungsa jumeneng ing tengené Allah."

57Wong-wong nuli pada bengok-bengok ngebyuk marang Stéfanus kambi nutupi kupingé.

58Banjur diglandhang menyang sanjabaning kutha, lan dibenturi watu. Para seksi padha cucul jubah ana ing ngarepé wong anom kang jenengé Saulus.

59Stéfanus sajroné dibenturi watu mau, ndedonga unjuké, "Dhuh Gusti Yésus, mugi karsa nampèni roh kawula."

60Kalawan jèngkèng nuli nywanten sora, "Dhuh Gusti, dosa punika mugi sampun Paduka tempahaken dhateng tiyang-tiyang punika." Sawusé munjuk mangkono iku banjur séda.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kisah Para Rasul 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran