Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Kolose 3 >> 

1Marga saka iku yèn kowé wis padha ndhèrèk katangèkaké bareng karo Kristus, padha ngupayaa sabarang kang ana ing ngaluhur, yaiku papan pamanggèné Kristus, kang lenggah ing satengené Allah.

2Padha nggatèkna apa kang ana ing ngaluhur, aja kang ana ing bumi.

3Sabab kowé wis padha mati lan uripmu iku ndèrèk sinengker nunggil karo Kristus, ana ing Allah.

4Yèn Kristus kang dadi urip kita iku ing tembé ngatingal, kowé iya bakal padha ndhèrèk ngaton karo Panjenengané ana ing kamulyan.

5Mulané kowé padha matènana samubarang kang asipat kadonyan kang ana ing awakmu, yaiku laku-cabul, tindak rusuh, ngumbar hawa napsu, kapéncuting daging, mangkono uga budi srakah, kang padha karo panyembah marang brahala,

6kabèh iku njalari dukané Allah [marang para wong duraka].

7Ing mauné kowé iya padha nglakoni mangkono, nalika kowé isih padha rumaket marang prakara-prakara mau.

8Nanging saiki, iku mau kabèh buwangen, yaiku nepsu, brangasan, piala, pitenah lan tembung-tembung kotor kang kokucapakaké.

9Aja nganti kowé padha goroh-ginorohan manèh, marga kowé wis padha ngrucat kamanungsan lawas sapratingkahé,

10lan wis ngrasuk kamanungsan anyar kang tansah kaanyaraké, supaya olèh kawruh kang bener miturut citrané Kang Nitahaké;

11ing kono wis ora ana wong Yunani utawa Yahudi, wong tetakan lan wong kang ora tetakan, wong Barbar utawa wong Skit, abdi utawa wong mardika, nanging Kristus iku kang sakabèhé lan ana ing samubarang kabèh.

12Mulané sarèhné kowé wis padha dadi pepilihané Allah, kang wis kasucèkaké lan kinasihan, padha duwéa welas-asih, loma, andhap-asor, alusing budi, lan sabar.

13Padha sabar-sinabarana, apura-ingapuraa menawa ana kang duwé niat kepéngin males pialané, kayadéné Allah anggoné wis ngapura kowé, kowé uga tumindaka mangkono.

14Lan kang ngungkuli iku kabèh: nindakna katresnan, iku kang ngesuhi lan nyampurnakaké.

15Muga tentrem-rahayuné Kristus ngerèh ana ing atimu, marga iya kaya mangkono iku anggonmu padha katimbalan dadi badan siji. Padha saosa sokur.

16Muga-muga pangandikané Kristus dumunung ana ing antaramu kalawan lubèr, satemah anggonmu padha wulang-winulang lan éling-ingélingaké nganggo sakèhing kawicaksanan apadéné sinambi ngidungaké masmur, kidung pamuji sarta kidung kasukman, kowé padha saos sokur marang Allah sajroning atimu.

17Lan sadhéngah apa kang koktindakaké kalawan tembung utawa kalawan panggawé, iku kabèh lakonana ing asmané Yésus, kanthi saos sokur marang Allah, Rama kita lumantar Panjenengané.

18Para wong wadon, padha sumuyuda marang somahmu, dikaya sapatuté ana ing Gusti.

19Para wong lanang, somahmu tresnanana lan aja nganti kokkasari.

20Para bocah, padha manut-mituruta marang wong-tuwamu ing sadhéngah prakara, sabab iku ndadèkaké keparengé Gusti.

21Para bapa, aja nglarakaké atiné anakmu, supaya aja nganti semplah.

22Para batur, mituhua marang bendaramu kadonyan ing sadhéngah prakara, aja mung ana ing sapangarepan anggonmu gawé senengé, nanging diklawan tulusing ati kang marga saka wedi marang Gusti,

23lan sadhéngah apa kang koktindakaké iku tindakna kalawan terus ing batin kayadéné kagem Gusti, ora kanggo manungsa.

24Kowé wus padha sumurup, yèn Gusti bakal maringi warisan kang wus katemtokaké minangka ganjaranmu. Kristus iku bendara, lan kowé dadi abdiné.

25Sapa baé kang gawé kaluputan, iku bakal nanggung kaluputané, marga Gusti ora mbédakaké wong.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kolose 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel