Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 14 >> 

1Ing sawijining dina Sabat, Yésus rawuh ing omahé panggedhéné wong Farisi, arep dhahar ana ing kono. Wong kabèh kang ana ing kono padha maspadakaké Panjenengané kanthi temenan.

2Ing kono ana wong lara busung ngadeg ing ngarsané.

3Yésus banjur ngandika marang para ahli Torèt lan para Farisi mangkéné, "Marasaké wong ing dina Sabat iku kena apa ora?"

4Kabèh padha meneng baé. Panjenengané banjur ngasta tangané wong kang lara mau lan nyarasaké sarta ndhawuhi lunga.

5Sawusé mangkono banjur ngandika marang wong-wong mau, "Sapa panunggalanmu, kang anaké utawa sapiné kecemplung ing sumur, ora banjur énggal-énggal nulungi dientasaké, sanadyan ing dina Sabat?"

6Wong-wong mau ora ana kang bisa ngaturi wangsulan.

7Bareng Yésus pirsa tamu-tamu padha milih palinggihan ing ngarep dhéwé, banjur padha dipangandikani pasemon mangkéné,

8"Menawa kowé diulemi jagong mantèn, kowé aja linggih ing ngarep dhéwé, awit mbokmenawa kang duwé gawé wus ngulemi wong kang luwih kajèn katimbang karo kowé,

9supaya wong kang ngulemi kowé lan wong mau aja padha marani kowé lan kandha marang kowé: Kula aturi pindhah, palenggahan punika kagem sadhèrèk punika. Kowé banjur kapeksa ngalih linggih ing buri dhéwé kanthi wirang.

10Mulané, menawa kowé diulemi, linggiha ing buri dhéwé. Mbokmenawa mengko sing duwé omah banjur marani lan kandha marang kowé: Sadhèrèk, mangga kula aturi lenggah ing ngajeng. Temahan kowé katon anggonmu kajèn ana ing ngarepané para dhayoh liyané kabèh.

11Sabab sing sapa ngluhuraké awaké dhéwé, bakal kaasoraké, lan sing sapa ngasoraké awaké dhéwé bakal kaluhuraké."

12Yésus uga banjur ngandika marang wong kang ngaturi rawuh Panjenengané, "Menawa kowé nganakaké pésta ing wayah awan utawa bengi, kowé aja ngulemi mitra-mitramu, utawa sadulur-sadulurmu, utawa sanak-kadangmu utawa tangga-teparomu kang sugih-sugih, amarga iku bakal padha genti ngulemi kowé, dadi kowé wus olèh piwales.

13Nanging, menawa kowé nganakaké pésta, ngulemana wong-wong kang mlarat, kang cacad, kang lumpuh lan kang wuta.

14Yèn mangkono kowé bakal rahayu, amarga wong iku kabèh ora padha duwé kang dianggo males marang kowé. Déné kowé bakal tampa piwales bésuk ing dina tanginé para wong mursid."

15Krungu pangandika kang mangkono iku, ana tamu kang matur marang Yésus, "Rahayu tiyang ingkang sami badhé kasegah nedha wonten ing Kratoning Allah."

16Nanging Yésus ngandika marang wong mau, "Ana wong nganakaké pésta gedhèn lan ngulemi wong akèh.

17Bareng wus ndungkap wayahé bujana, baturé dikongkon kandha marang wong kang padha diulemi: Sumangga sami karsaa rawuh, amargi sadayanipun sampun cumawis.

18Nanging kabèh, mbaka siji, padha nyuwun ngapura. Wong kang kapisan matur mangkéné: Kula mentas tumbas pategilan, kula badhé ningali mrika, mila kula nyuwun pangapunten.

19Wong liyané matur mangkéné: Kula mentas tumbas lembu gangsal rakit, kula badhé késah nyobi lembu-lembu punika, mila nyuwun pangapunten.

20Wong liyané manèh matur: Kula saweg kémawon émah-émah, mila mboten saged sowan.

21Batur mau banjur mulih ngaturaké iku kabèh marang bendarané. Kang duwé omah nepsu banget sarta kandha marang baturé: Énggal menyanga ing dalan-dalan lan lurung-lurungé kutha, wong mlarat, wong cacad, wong wuta lan wong lumpuh padha iriden mréné.

22Baturé tumuli matur: Bendara, sadaya dhawuh panjenengan sampun kalampahan, éwasemanten papanipun taksih tirah.

23Bendarané banjur kandha marang baturé: Menyanga ing lurung-lurung lan ing dalan-dalan cilik, wong-wong sing ana ing kono padha peksanen mlebu mréné, amarga omahku kudu kebak.

24Awit aku pitutur marang kowé: Wong kang padha diulemi dhisik mau siji baé ora ana kang bakal ngrasakaké suguhanku."

25Nalika Yésus tindak kadhèrèkaké wong akèh gumrudug, Panjenengané tumolèh banjur ngandika marang wong-wong mau,

26"Menawa ana wong kang sowan ing ngarsaku, mangka ora sengit marang bapakné, ibuné, bojoné, anak-anaké, sadulur-saduluré lanang utawa wadon, malah uripé dhéwé pisan, iku ora bisa dadi muridku.

27Sing sapa ora manggul salibé lan ngetut-buri Aku, iku ora bisa dadi muridku.

28Sabab sapa ta panunggalanmu kang menawa arep ngadegaké menara, ora linggih dhisik ngétung-étung, apa dhuwité cukup kanggo ngragadi nganti sarampungé.

29Supaya menawa wus rampung pondhasiné, mangka ora bisa mbacutaké, sakèhé wong kang weruh aja nganti padha ngécé,

30mangkéné: Wong iku wani ada-ada gegawéan, nanging kok ora bisa ngrampungaké!

31Utawa, ratu ngendi sing menawa arep perang nglawan ratu liyané, ora lenggah dhisik prelu nimbang-nimbang, apa wadyabala sepuluh èwu iku cukup kanggo nglawan kang nekani kalawan nggawa bala rongpuluh èwu?

32Menawa ora, mesthi banjur utusan, mumpung mungsuh iku isih adoh, prelu nakokaké sarat-saraté bedhamèn."

33Mangkono uga saben wong panunggalanmu, kang ora bisa ninggal sabarang darbèké kabèh, iku ora bisa dadi muridku.

34Uyah iku pancèn migunani, nanging menawa ilang asiné, apa kang kanggo mulihaké rasa asiné?

35Wus ora ana gunané, kanggoa lemah utawa kanggoa rabuk, mung banjur dibuwang baé. Sing sapa duwé kuping kanggo ngrungokaké, ngrungokna!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Lukas 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran