Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 16 >> 

1Ana manèh pangandikané Yésus marang para muridé, "Ana wong sugih duwé juru-reksa-bandha, diwadulaké menawa ngawut-awut barang darbèké.

2Mulané banjur diundang lan dikandhani mangkéné: Aku krungu apa bener tumindakmu kang kaya mangkono? Mara, aku wènèhana palapuran tumrap rereksanmu, amarga kowé wus ora kena nerusaké pagawéanmu.

3Juru-reksa-bandha mau nuli mikir: Gèk aku arep nyambut-gawé apa yèn aku nganti dipecat. Macul aku ora bisa, ngemis aku isin.

4Iya, aku ngerti apa kang bakal daklakoni supaya menawa aku sida dipecat saka ing pagawéanku dadi juru-reksa-bandha, ana wong kang gelem nampa aku ing omahé.

5Wong kang padha utang marang majikané padha diundangi siji-siji. Wong kang kapisan dikandhani mangkéné: Pira utangmu marang majikanku?

6Wangsulané: Lisah satus tong. Banjur dikandhani: Enya iki layang-utangmu. Linggiha, gawéa layang-utang liyané, saiki uga, kang muni: Sèket tong.

7Wong kang kapindho ditakoni: Lah kowé utangmu pira? Wangsulané wong mau: Gandum satus dhacin. Banjur dikandhani: Enya iki layang-utangmu. Gawéa layang-utang liyané, tulisen: Wolung puluh dhacin.

8Majikané banjur ngalem marang juru-reksa-bandha kang ora jujur iku, marga saka anggoné duwé akal kang mangkono iku. Sabab para anaking jagat iki tumrap kang tunggal golongan, akalé ngluwihi para ahli-warising pepadhang.

9Lan Aku pitutur marang kowé: Padha mbanguna memitran kalawan migunakaké Mamon kang ora jujur, supaya menawa Mamon mau wus ora bisa mitulungi kowé manèh, kowé banjur ditampani ana ing tarub kang langgeng."

10"Sapa kang tumemen tumrap prakara-prakara kang sepélé, iya tumemen ing prakara-prakara kang wigati. Lan sapa kang ora tumemen tumrap prakara-prakara kang sepélé, iku iya ora tumemen ing prakara-prakara kang wigati.

11Dadi, menawa kowé ora kena dipracaya ing bab Mamon, kang ora jujur iku, sapa kang bakal mitayakaké bandha kang sayekti marang kowé?

12Lan menawa kowé ora kena dipracaya tumrap baranging liyan, sapa kang bakal pracaya marang barangmu?

13Ora ana batur kang bisa ngladèni bandara loro. Amarga menawa mangkono, mesthi bakal sengit marang kang siji lan tresna marang sijiné, utawa setya marang kang siji lan nyepèlèkaké marang sijiné. Ora bisa kowé ngawula marang Allah lan marang Mamon."

14Pangandika mau kabèh iya kaprungu déning para Farisi, kang padha mata-dhuwiten, satemah padha ngrèmèhaké Panjenengané.

15Yésus banjur ngandika marang wong-wong mau, "Kowé padha mbeneraké awakmu dhéwé ana ing sangareping wong, nanging Allah nguningani isining atimu. Sabab apa kang dianggep pinunjul lan disenengi déning manungsa, iku dianggep asor sarta sinengitan déning Allah.

16Angger-anggering Torèt lan kitab-kitabé para nabi iku kanggoné mung nganti jamané Yohanes. Wiwit wektu iku Kratoning Allah kaundhangaké lan saben wong mbudidaya sakatogé, kepéngin lumebu ing kono.

17Ananging luwih gampang sirnané langit lan bumi, katimbang karo bataling titik siji baé kang ana ing angger-anggering Torèt.

18Saben wong kang megat somahé, banjur rabi liyané, iku laku jina; lan sapa kang ngrabèni wong wadon kang dipegat déning kang lanang mau, iku iya laku jina."

19"Ana wong sugih kang tansah manganggo jubah wungu lan kain kang alus, sarta saben dina asuka-rena kanthi méwah.

20Lan ana wong ngemis jenengé Lazarus, awaké sakojur gudhigen; nggléthak ana ing sacedhaké régoling omahé wong sugih mau,

21sarta kepéngin banget olèh gogrogan saka ing méjané wong sugih iku kanggo nambani luwéné. Nanging malah diparani asu-asu sing padha ndilati gudhigé.

22Wong miskin mau banjur mati, nuli digawa déning para malaékat menyang pangkoné Abraham. Wong sugih mau iya mati, banjur dikubur.

23Lan nalika wong sugih mau kang lagi nandhang sangsara ana ing sajroning teleng-palimengan iku tumenga, nuli weruh Abraham ana ing kadohan mangku Lazarus.

24Banjur nguwuh-uwuh, aturé: Dhuh, Rama Abraham, mugi karsa paring kawelasan dhateng kula. Lazarus mugi kadhawuhan nyelupaken pucuking drijinipun ing toya, kanggé ngasrepaken ilat kula, amargi kula nandhang sangsara sanget wonten ing urubing latu punika.

25Nanging Abraham mangsuli, pangandikané: Anggèr, élinga, yèn kowé wus tampa samubarang kang becik salawasé uripmu, nanging Lazarus tampa samubarang kang ora becik. Saiki wong iku tampa panglipur, déné kowé nandhang sangsara banget.

26Kajaba saka iku ing antarané kowé lan aku karo Lazarus ana jurang kang ora kena diliwati, supaya wong ing kéné kang arep padha menyang panggonanmu utawa wong kang ana ing panggonanmu padha arep mréné, ora bisa.

27Aturé wong mau: Manawi makaten, panyuwun kula, dhuh Rama, Lazarus mugi kadhawuhan dhateng griyanipun bapa kula,

28awit sadhèrèk kula taksih gangsal, supados sami kaèngetna kanthi saèstu, amrih ing bénjingipun sampun ngantos sami lumebet ing papan kasangsaran punika.

29Nanging pangandikané Abraham: Iku wus padha nduwèni paseksiné Musa lan para nabi liyané. Iya iku kang kudu padha digatèkaké.

30Aturé wong mau: Mboten, Rama, dèrèng cekap. Nanging manawi wonten tiyang pejah ingkang ndhatengi, tamtu sami badhé mratobat.

31Pangandikané Abraham: Menawa ora padha nggatèkaké paseksiné Musa lan para nabi liyané, mesthi iya ora kena dikandhani, sanadyan kang ngandhani iku wong kang tangi saka ing antarané wong mati."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Lukas 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel